Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 6 >> 

1Pangéran ngandika mengkéné marang aku,

2"Hé manungsa sing apes, ndelenga gunung-gunungé Israèl lan ngramala atas asma-Ku.

3Gunung-gunung kuwi kandhanana supaya padha ngrungokaké pangandikané Pangéran. Padha ngrungokna apa sing Dakngandikakaké. Aku Allah Kang Mahakwasa ngandika marang gunung-gunung, punthuk-punthuk, jurang-jurang lan lembah-lembah. Aku bakal nekakaké pedhang sing ngrusak panggonan-panggonan sing dienggo wong Israèl nyembah brahala.

4Mesbèh-mesbèh bakal karubuhaké lan padupan-padupan bakal karemuk. Wong-wong bakal dipatèni ana ing ngarepé déwané.

5Jisimé wong-wong Israèl mau bakal Daksebar. Balung-balungé bakal Dakawut-awut ing sakiwa-tengené mesbèh-mesbèhé.

6Kutha-kuthané Israèl bakal Dakgempur kabèh, nganti mesbèh-mesbèh lan recané ukir-ukiran padha remuk ajur-mumur. Panggonané ngobong dupa bakal dilebur, lan kabèh sing digawé déning tangané manungsa bakal sirna.

7Ana ing ngendi-endi bakal ana pepati, lan kekarèné sing urip bakal ngakoni yèn Aku iki Pangéran.

8Ana wong sawetara sing bakal oncat saka pati, lan kuwi bakal Dakbuwang ing antarané bangsa-bangsa,

9sarta urip ana ing pembuwangan. Wong-wong kuwi sing bakal éling marang Aku lan ngerti yèn Aku piyambak sing ngukum lan sing ndadèkaké wirangé wong-wong mau, merga saka enggoné ora setya marang Aku lan nyingkur Aku, malah padha nyembah brahala-brahala. Wong-wong mau wis gawé najis awaké dhéwé merga saka piala lan nindakaké prekara-prekara sing nistha.

10Wong-wong kuwi bakal ngakoni yèn Aku iki Pangéran lan pepéling-pepéling-Ku dudu tembung ngayawara."

11Pangandikané Pangéran Kang Mahakwasa mengkéné, "Remet-remeten tanganmu lan gedrug-gedrugna sikilmu! Nangisa, merga sedhih saka sakèhé piala lan penggawé najis sing ditindakaké déning wong Israèl. Wong-wong kuwi bakal mati srana perang, paceklik lan pageblug.

12Sing adoh bakal ketaman lelara banjur mati, sing cedhak bakal mati ing peprangan; kekarèné sing urip bakal mati kaliren. Kabèh bakal padha ngrasakaké paukuman-Ku.

13Jisim-jisim bakal pating gléthak ana ing sakiwa-tengené mesbèh-mesbèh, sumebar ana ing punthuk-punthuk, ing pucuké saben gunung, ing ngisoré saben wit ngrembuyung lan papan ngendi waé, sing padha dienggo gawé kurban marang para brahalané. Mula saben wong bakal ngerti yèn Aku iki Pangéran.

14Temenan, Aku bakal ngegaraké asta-Ku lan nggempur tanah iki, wiwit saka segara wedhi ing sisih Kidul tekan kutha Riblah ing sisih Lor tanpa ngéman panggonan ing ngendi waé sing dienggoni wong Israèl. Nganti saben wong bakal ngakoni yèn Aku iki Pangéran."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel