Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 14 >> 

1Pangéran ngandika marang aku bab mangsa ketiga garing ngerak mengkéné,

2"Yéhuda lagi nandhang sedhih merga kepatèn; kutha-kuthané presasat kutha mati. Wongé padha nglésod ing lemah merga saka sedhihé, lan Yérusalèm ngundang-undang njaluk tulung.

3Wong sing sugih-sugih padha kongkonan baturé golèk banyu; bareng tekan kulah, jebul kulahé kothong; nuli padha bali nggawa jun kothong. Mulané wong-wong padha semplah lan bingung, rainé padha ditutupi.

4Sarèhné ora ana udan, lemahé dadi garing. Wong tani padha kecuwan, lan padha nutupi rainé.

5Menjangan ing ara-ara manak, nanging anaké ditinggal, merga ora ana suket.

6Kuldi alasan padha ngadeg ana ing pucaké punthuk, padha megap-megap kaya asu ajag; pandelengé lamur merga padha ora olèh pangan.

7Bangsaku bengok-bengok marang aku njaluk tulung, tembungé, ‘Senajan kawula dipun gugat déning dosa-dosa kawula, dhuh Pangéran, kersaa paring pitulungan, kados ingkang Paduka janjèkaken. Kawula sampun wongsal-wangsul nyingkur Paduka, sarta sampun damel dosa dhateng Paduka.

8Paduka menika andel-andelipun Israèl, inggih namung Paduka piyambak. Namung Paduka piyambak ingkang saged ngluwari kawula saking paukuman menika. Kénging menapa Paduka kados tiyang neneka wonten ing tanah menika, kados tiyang lelampah ingkang namung mampir sipeng kémawon.

9Kénging menapa Paduka kados tiyang ajrih, kados perwira ingkang mboten gadhah daya mitulungi? Paduka rak wonten ing tengahipun umat Paduka, dhuh Allah. Kawula rak umat kagungan Paduka, mugi sampun ngantos nilar kawula.’"

10Pangandikané Allah marang umaté mengkéné, "Wong-wong seneng nyingkur Aku, lan ora bisa menggak kekarepané dhéwé. Mulané Aku ora seneng karo wong-wong mau. Dosa-dosané bakal tansah Dakéling-éling, lan bakal Dakukum."

11Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné, "Kowé aja nyuwunaké pitulungan kanggo wong-wong kuwi marang Aku.

12Senajan padha pasa Aku ora arep miyarsakaké pesambaté. Senajan padha nyaosaké kurban obongan lan kurban dhaharan, iya ora bakal gawé renaning penggalih-Ku. Malah wong-wong mau bakal padha Daktumpes ana ing peprangan nganti padha mati merga kaliren lan pageblug."

13Aturku, "Dhuh Allah Ingkang Mahakwasa. Paduka pirsa bilih para nabi sami nyriyosi tiyang-tiyang menika, bilih badhé mboten wonten peprangan lan paceklik, awit miturut sanjangipun tiyang-tiyang wau Paduka sampun janji piyambak. Malah ing tanah ngriki namung badhé wonten katentreman kémawon."

14Nanging Pangéran paring wangsulan, "Para nabi padha medhar wangsit palsu nganggo asma-Ku. Aku ora ngutus nabi-nabi mau. Aku ora paring dhawuh apa-apa, iya ora weling ngucapaké tembung sakecap. Wangsit sing padha ditampa mau pinangkané ora saka Aku. Mulané ramalané ora ana gunané merga asalé mung saka pangothak-athiké dhéwé.

15Aku, Pangéran, nedahaké marang kowé apa sing bakal Daktindakaké kanggo para nabi, sing padha ora Dakutus, nanging padha medhar wangsit nganggo asma-Ku, pangucapé, ‘Ing tanah kéné bakal ora ketekan perang lan ora ketekan paceklik.’ Wong-wong mau bakal Daktumpes srana perang lan paceklik.

16Wong-wong sing padha ngandel marang ramalané nabi-nabi mau iya bakal padha Dakpatèni srana peprangan lan paceklik. Jisimé bakal padha dibuwang ana ing dalan-dalané Yérusalèm, lan ora ana wong sing bakal ngubur. Mengkono sing bakal dialami déning wong-wong mau kabèh, klebu uga bojoné, anak-anaké lanang lan wadon. Aku bakal males sakèhé durakané."

17Pangéran ndhawuhi aku, supaya ngandhani wong-wong, sepira sedhihé atiku. Mengkéné tembungku, "Aku daknangis rina wengi, daknangis ora meneng-meneng, merga bangsaku banget enggoné ketaton, tatu sing mbebayani.

18Yèn aku metu ana ing ara-ara, ing kono aku weruh jisimé wong sing padha mati ing peprangan; yèn aku mlebu kutha, aku weruh wong sing padha mati kaliren. Para nabi lan para imam padha nglakoni pegawéané, nanging ora ngerti apa sing ditindakaké."

19Dhuh Pangéran, menapa Yéhuda Paduka tampik babar-pisan? Menapa tiyang-tiyang ing Sion Paduka tatoni ngantos mboten saged kasarasaken malih? Kawula sami ngajeng-ajeng wontenipun katentreman, nanging mboten nampi menapa-menapa ingkang saé; kawula sami ngantos-antos kesarasan, nanging ingkang dhateng malah panganiaya.

20Dhuh Allah, kawula sami damel dosa dhateng Paduka, kawula sami ngakeni dosa-dosa kawula, lan dosanipun para leluhur kawula.

21Kersaa ngémuti dhateng janji Paduka, lan kawula mugi sampun ngantos Paduka wirangaken. Paduka sampun ngantos ngrèmèhaken dhampar Paduka ingkang mulya. Prejanjian Paduka kaliyan kawula sampun ngantos Paduka lebur.

22Brahalanipun bangsa-bangsa mboten sami ndhatengaken jawah; langit saking dayanipun piyambak mboten saged ndhatengaken jawah. Dhuh Pangéran Allah kawula, namung Paduka ingkang sami kawula antos-antos. Awit inggih namung Paduka piyambak ingkang saged nindakaken sedaya wau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel