Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 18 >> 

1Pangandikané Pangéran marang aku mengkéné,

2"Lungaa marang omahé kundhi. Ana ing kono Aku bakal paring dhawuh marang kowé."

3Aku banjur mangkat lan satekané ing omahé kundhi, wongé lagi gawé grabah nganggo piranti.

4Yèn grabahé sing digarap mau ora kabeneran, lempungé banjur diwangun menèh digawé grabah liyané.

5Pangéran banjur ngandika marang aku,

6"Apa Aku ora wenang nindakaké ing sakersa-Ku marang bangsa Israèl kaya patrapé kundhi karo lempungé? Kowé ana ing asta-Ku kaya lempung sing ana ing tangané kundhi.

7Samasa Aku arep mbedhol, ngremuk, utawa numpes sawijining bangsa utawa kraton,

8mangka bangsa mau mratobat saka dosané, Aku bakal ora sida ndhawahaké paukuman sing arep Daktindakaké.

9Kosokbaliné, yèn Aku wis ngandika arep mbangun sawijining bangsa utawa kraton,

10mangka bangsa mau ora mbangun-turut marang Aku lan malah nglakoni piala, Aku bakal ora sida nindakaké apa sing wis Dakngandikakaké.

11Mulané wong-wong Yéhuda lan wong-wong Yérusalèm padha kandhanana yèn Aku wis ngrancang arep ndhawahaké paukuman marang wong-wong mau. Kandhanana supaya mratobat, marèni kelakuané sing ala; konen urip sing becik.

12Wong-wong mau bakal padha mangsuli, ‘Kénging menapa kula kedah sami mratobat? Mboten prelu; kula badhé tetep mangkotaken manah lan tetep nglampahi piawon, kados ingkang dados sedyaning manah kula.’"

13Pangandikané Pangéran mengkéné, "Takona marang saben bangsa, apa tau ana lelakon sing kaya mengkono? Bangsa Israèl wis nglakoni piala sing kebangeten!

14Apa pucuk-pucuké pegunungan Libanon tau ora ketutupan ing salju? Apa kali-kaliné sing banyuné adhem tau garing?

15Nanging umat-Ku kelakon ora éling marang Aku; padha ngobong dupa kanggo reca ukir-ukiran. Padha nyimpang saka dalan sing biyèn diambah, lan ngambah dalan sing sabeneré dudu dalan.

16Tanahé nganti dadi panggonan sing nggegirisi, lan dadi cecamahan ing selawas-lawasé. Angger wong sing liwat kono bakal padha kagèt ndeleng kaanan ing kono; sarta padha gèdhèg-gèdhèg saka gumuné.

17Umat-Ku bakal Daksebar ana ing ngarepé mungsuhé, kaya bledug sing kabur katerak ing angin saka Wétan. Umat-Ku bakal Dakungkuraké, lan yèn ketekan bebaya bakal Daktégakaké."

18Wong-wong Israèl banjur padha muni mengkéné, "Ayo kita padha sarembug mbèrèsi Yérémia! Rak ora kurang imam sing bisa mulang kita, lan akèh wong pinter sing bisa awèh rembug marang kita, sarta nabi-nabi sing medharaké sabdané Pangéran. Kita ndakwa marang Yérémia, banjur kita ladèkaké marang pengadilan, lan kita aja nggugu karo tembungé."

19Aku banjur ndedonga marang Pangéran, "Dhuh Pangéran, mugi miyarsakaken atur kawula, sarta tembungipun para mengsah kawula.

20Kesaénan menapa badhé dipun wales piawon, déné sami ngedhuk luwangan kanggé masangi kawula? Paduka temtu inggih kémutan enggèn kawula sowan marek ing ngarsa Paduka, nyuwunaken sih-palimirma kanggé tiyang-tiyang menika, supados mboten Paduka dhawahi paukuman.

21Nanging samenika, dhuh Pangéran, anak-anakipun mugi Paduka damel pejah kaliren. Tiyang-tiyang menika sami tiwasa ing peprangan, supados para sémahipun sami kécalan lakinipun lan anak-anakipun. Tiyang-tiyangipun sami pejaha margi sesakit lan para nènèmanipun pejah wonten ing peprangan.

22Griyanipun kadhatengana rampog ingkang dadakan ngrampog griya-griyanipun. Kadamela sami jerit-jerit margi saking giris. Margi tiyang-tiyang menika sampun sami ngedhuk luwangan kanggé ndhawahaken kawula, lan sami masang kala kanggé njiret kawula.

23Dhuh Pangéran, Paduka pirsa piyambak enggènipun sami ngangkah mejahi kawula. Sampun ngantos dosanipun Paduka apunten, sarta durakanipun sampun ngantos Paduka bucal saking ngarsa Paduka. Mugi Paduka dadosaken sami ambruk wonten ing ngarsa Paduka, sarta Paduka dhawahi paukuman."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel