Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 20 >> 

1Bareng Imam Pasyhur bin Imer kepalané Pedalemané Allah mireng enggonku medhar wangsit mau,

2banjur dhawuh supaya aku digebugi lan diranté ana ing sacedhaké Gapura Bènyamin sing dhuwur, ing Pedalemané Allah kono.

3Ésuké bareng Pasyhur wis nguculi rantéku, aku muni mengkéné, "Gusti Allah mboten maringi nama panjenengan Pasyhur, nanging ‘Pagiris ing saenggèn-enggèn’.

4Margi mekaten pangandikanipun Allah, ‘Aku bakal ndadèkaké kowé giris marang awakmu dhéwé lan para mitramu; para mitramu kabèh bakal mati déning pedhangé para mungsuhé. Wong Yéhuda kabèh bakal padha dadi baturé raja Babil; wong sawetara bakal ditawan lan digawa menyang Babil, déné wong-wong liyané bakal dipatèni.

5Sakèhé kasugihané kutha iki bakal Dakulungaké marang mungsuhé, barang-darbèké bakal dirampas kabèh, uga raja-branané para rajané Yéhuda. Sakèhé kasugihan mau bakal digawa menyang tanah Babil.

6Déné kowé, Pasyhur lan brayatmu iya bakal ditawan lan digawa menyang Babil. Ana ing kana enggonmu bakal mati lan dikubur bebarengan karo para mitramu sing sok kokwedhari wangsitmu sing palsu kuwi.’"

7Dhuh Pangéran, Paduka mbujuk kawula, kawula sampun kabujuk. Paduka langkung rosa tinimbang kawula, mila kawula Paduka kawonaken. Saben tiyang nggegujeng kawula, rinten dalu kawula dipun poyoki.

8Sebab saben medhar wangsit, kawula Paduka dhawuhi mungel kalayan sora, "Panganiaya! Bilai!" Inggih jalaran pangandika Paduka ingkang kawula wedharaken, kawula sedinten-dinten dipun poyoki lan dipun awon-awon.

9Nanging samasa kawula mosik ing salebeting manah, "Daklèrèn waé enggonku dadi nabiné Allah, lan enggonku medharaké pangandikané Allah," ing manah kawula pangandika Paduka dados kados latu ingkang murub, ingkang mboten kénging kawula sirep. Senajan kawula cegah-cegah supados mboten kawula ucapaken, nanging kawula mboten keconggah.

10Kawula mireng tiyang-tiyang sami bisik-bisik, "Wong kuwi kandha yèn ing saenggon-enggon bakal ana pagiris! Beciké kita laporaké waé marang para penggedhé!" Kanca-kanca kawula piyambak sami ngajeng-ajeng supados kawula manggih bebaya. "Bisa uga wong kuwi kena dibujuk, banjur kita cekel, lan kita wales."

11Nanging, dhuh Pangéran, Paduka njagi kawula, srana kekiyatan lan pangwasa Paduka, lan tiyang-tiyang ingkang nyia-nyia kawula badhé nemahi cilaka. Tiyang-tiyang menika badhé kwirangan ing selami-laminipun, margi mboten badhé angsal damel. Wirangipun mboten badhé wonten telasipun.

12Dhuh Pangéran, Allah Ingkang Mahakwaos, Pandadar Paduka menika adil! Paduka pirsa menapa ingkang wonten ing batosipun para manungsa. Kawula badhé sumerep paukuman ingkang Paduka paringaken dhateng para mengsah kawula, margi prekawis kawula sampun kawula pasrahaken ing asta Paduka.

13Padha memujia marang Allah! Luhurna asmané! Awit Panjenengané ngluwari wong kang siniya-siya saka tangané wong duraka!

14Kenaa ing laknat dina kelairanku! Dilalèkna dinané biyungku enggoné nglairaké aku!

15Kenaa ing laknat wong sing nggawa kabar kabungahan marang bapakku, "Kowé wis kaparingan anak lanang!"

16Wong mau dadia kaya kutha-kutha sing digempur déning Allah tanpa welas. Wong mau yèn ésuk krungu swarané wong sesambat, lan yèn awan krungu swaraning perang.

17Merga wong mau ora matèni aku sadurungé aku dilairaké, dadiné aku rak bakal mati ana ing wetengé biyungku?

18O, yagéné aku kokdilairaké? Apa mung supaya aku ngalami pagiris lan kasusahan, sarta mungkasi uripku srana nandhang kwirangan?


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel