Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 22 >> 

1(22:1-2) Aku didhawuhi déning Pangéran sowan ing ngarsané ratu ing Yéhuda, tedhaké Dawud, lan ana ing kana ngaturi pirsa marang Sang Prabu lan para pegawéné, sarta para umat sing manggon ing Yérusalèm, bab pangandikané Allah sing dhawuh mengkéné,

2(22:1)

3"Aku, Pangéran dhawuh marang kowé, supaya padha nglakoni apa sing adil lan bener. Ngayomana wong sing disiya-siya, luwarana saka tangané wong ala sing nganiaya. Aja nganiaya wong manca sing manggon ing tengahmu, bocah lola lan para randha. Aja matèni wong sing ora salah ana ing Pedalemané Allah.

4Yèn kowé ngèstokaké temenan apa sing Dakdhawuhaké, tedhak-turuné Dawud bakal lestari dadi raja. Para raja lan para pegawéné sarta umat kabèh, bakal lestari mlebu-metu ing gapurané kedhaton nunggang kréta lan jaran.

5Nanging yèn kowé ora ngèstokaké dhawuh-Ku, Aku wis supaos demi asma-Ku piyambak, yèn kedhaton iki bakal dadi gempuran. Aku, Pangéran wis ngandika."

6"Kanggoné Aku, kedhatoné raja Yéhuda kuwi éndahé kaya tanah ing Giléad, iya kaya gunung-gunungé Libanon. Éwasemono bakal Dakdadèkaké ara-ara samun lan tanah sing suwung.

7Aku ngutus wong-wong mrana sing bakal padha nggempur. Tekané bakal padha nggawa wadung, banjur padha negor lan ngrubuhaké wit-wité èrès sing becik-becik, kacemplungaké ing geni."

8"Wong manca sing mbésuk padha liwat ing kono bakal padha takon-tinakon mengkéné, ‘Yagéné Pangéran damel mengkéné marang negara gedhé iki?’

9Nuli bakal padha diwangsuli, ‘Kuwi merga umaté wis padha ninggal janjiné Pangéran, Allahé, lan padha ngabekti marang allah liya-liyané.’"

10Hé wong Yéhuda, aja nangisi Raja Yosia; aja nganakaké patangisan ing wektu panguburané. Nanging tangisana Yoahas, putrané, sing ditawan lan digawa lunga, mangka ora bakal bali menèh selawas-lawasé. Ora bakal weruh tanah wutah-getihé menèh.

11Pangandikané Allah ing ngatasé Yoahas bin Yosia, sing nggentèni bapakné dadi raja ing Yéhuda, "Yoahas bakal lunga saka kéné lan ora bali menèh.

12Yoahas bakal mati ing tanah pembuwangan, lan ora bakal weruh tanah iki menèh."

13Hé, Raja Yoyakim! Cilaka wong sing mbangun omahé nganggo tumindak ala, lan njemberaké gedhongé nganggo laku goroh. Sing kongkon buruhé nyambut-gawé, tanpa diwènèhi opah.

14Cilaka wong sing muni, "Dakgawé omah sungsun sing gedhé, nganggo kamar-kamar sing jembar." Omah mau banjur dipasangi jendhéla nganggo kusèn-kusèn kayu èrès, sarta dicèt abang.

15Apa yèn wis yasa omah saka kayu èrès, enggonmu dadi raja banjur luwih becik, ngungkuli raja liya-liyané? Bapakmu nindakaké kabeneran lan keadilan, mula kaparingan umur dawa lan apa sing ditindakaké kasil.

16Wong mlarat dilayani kanthi adil, lan becik tangkepé marang saben wong. Iya kaya mengkono kuwi lakuné wong sing precaya marang Allah.

17Nanging kowé mung mikir marang awakmu dhéwé; kowé matèni wong sing ora salah sarta umatmu dhéwé koksiya-siya lan koktindhes. Aku, Pangéran wis ngandika!

18Pangéran banjur ngandika ing ngatasé Yoyakim bin Yosia, raja ing Yéhuda, "Ora ana wong sing nangisi patiné lan muni, ‘Mesakaké temen sedulurku! Memelas temen mitraku!’ Iya ora ana sing nangis karo sesambat, ‘Dhuh Gusti kawula’, ‘Dhuh ratu kawula!’

19Enggoné dikubur carané bakal kaya wong mendhem kuldi, disèrèd banjur dibuwang ing sanjabaning gapurané Yérusalèm."

20Hé wong-wong ing Yérusalèm, menyanga Libanon lan kandhaa, lungaa menyang Basan lan nangisa; merga sakèhé mitramu wis padha tumpes.

21Nalika kowé isih padha mukti wibawa, Aku wis ndhawuhi kowé, nanging kowé padha ora gelem ngrungokaké. Pancèn mengkono caramu wiwit biyèn mula; kowé ora tau ngèstokaké dhawuhé Pangéran.

22Para penggedhému bakal kabur katerak ing angin, para mitramu bakal kaboyong dadi tawanan perang; kutha-kuthamu bakal dikalahaké lan digawé wirang, merga saka sakèhé piala sing wis koktindakaké.

23Hé wong sing padha manggon ana ing omah-omah kayu èrès, sing ditekakaké saka Libanon. Mesakaké temen samasa kowé mbésuk ketaman ing lelara, lelara sing tekané dadakan, kaya wong wadon sing nglarani arep bayèn.

24Pangandikané Pangéran marang Raja Yoyakhin bin Yoyakim, raja Yéhuda mengkéné, "Demi Aku, Allah kang gesang, senajan kowé dadia ali-ali cap ing asta-Ku tengen, éwasemono kowé bakal Dakcopot saka ing kono,

25lan Dakulungaké marang tangané wong sing ngarah matèni kowé. Kowé bakal Dakulungaké marang Nebukadnésar, ratu ing Babil, lan para tentarané.

26Kowé lan ibumu bakal padha Dakbuwang ing tanah sing dudu tanah kelairanmu, lan kowé padha bakal mati ana ing kana.

27Kowé bakal kepéngin bali menyang tanahmu ing kéné menèh, nanging bakal ora kelakon mulih."

28Aku banjur matur, "Menapa Raja Yoyakhin menika kados grabah pecah ingkang kabucal, utawi presasat pirantos ingkang sampun mboten kanggé, ngantos katampik ing tiyang? Menapa margi saking mekaten piyambakipun kabucal dalah saanak-anakipun dhateng tanah ngamanca?"

29Hé tanah, tanah, tanah! Rungokna pangandikané Pangéran,

30"Wong kuwi tulisen yèn ora duwé anak; wong sing sajegé uripé ora olèh gawé, sebab turuné bakal ora ana sing bisa dadi raja, lungguh ing dhamparé Dawud, sarta ngerèh tanah Yéhuda. Aku Pangéran wis ngandika!"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel