Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 3 >> 

1Pangandikané Pangéran, "Yèn ana wong lanang megat bojoné, lan bojoné mau wis lunga saka omahé kono, banjur omah-omah karo wong lanang liyané, wong lanang sing kapisan kuwi ora kena mbalèni tilas bojoné sing wis dipegat mau. Sebab sing mengkono kuwi bakal gawé najisé satanah kabèh. Nanging Israèl wis duwé bojo akèh, mangka saiki arep balèn karo Aku!

2Padha nyawanga pucaké punthuk-punthuk. Apa ing kana ana panggonan sing durung kokenggo nyundel? Kowé padha ngadhang gendhakanmu ana ing sapinggiring dalan-dalan, kaya carané wong Arab ndhodhok ana ing ara-ara samun. Srana enggonmu slèwèngan mau kowé gawé kaluputan lan najisaké tanah iki.

3Kuwi sebabé ora ana udan deres lan udan kiriman. Kowé wis padha karo sundel sing ora duwé isin.

4Saiki kowé matur marang Aku, ‘Paduka menika Bapa kawula, lan Paduka ngasihi kawula wiwit kawula taksih laré.

5Paduka mboten badhé lestantun duka, lan mboten nglestantunaken paukuman Paduka.’ Mengkono tembungmu, nanging sanyatané kowé ngetog enggonmu gawé piala."

6Nalika Yosia jumeneng raja, Pangéran ngandika marang aku mengkéné, "Apa kowé wis weruh pokalé Israèl, wong wadon murtad kuwi? Wong mau wis ninggal Aku, lan saben ana punthuk diunggahi, lan ing ngisoring saben wit gedhé nglakoni nylèwèng.

7Dakkira sawisé nglakoni sing mengkono mau banjur arep mratobat bali marang Aku. Jebul ora mengkono, lan Yéhuda, seduluré wadon sing ora setya, weruh kabèh.

8Yéhuda ngerti yèn Israèl wis Dakpegat merga ora setya marang Aku lan dadi sundel. Nanging Yéhuda, mbakyuné Israèl sing ora setya mau, ora wedi. Yéhuda iya dadi sundel,

9lan ora duwé isin babar-pisan. Tanah iki digawé najis merga saka enggoné nyembah brahala lan nyembah sujud marang watu-watu lan wit-witan.

10Sawisé mengkono Yéhuda lan Israèl, seduluré wadon sing ora setya, éthok-éthok mratobat, mbalèni Aku. Nanging pamratobaté ora temenan. Aku, Pangéran, sing ngandika."

11Pangéran banjur dhawuh karo aku mengkéné, "Israèl sing murtad, ninggal Aku, ketitik rada apik, ketimbang karo Yéhuda, sing gorohé nemen.

12Kowé menyanga tanah Israèl, munia mengkéné, ‘Hé Israèl sing murtad, balia marang Aku. Aku bakal melasi kowé lan ora duka menèh. Selawasé kowé bakal ora Dakdukani menèh.

13Mung kowé ngakonana kaluputanmu, enggonmu murtad marang Pangéran Allahmu, enggonmu bola-bali nylèwèng marani bédhangan-bédhanganmu, yakuwi nyembah brahala ana sangisoring angger wit sing gedhé, lan ora ngèstokaké dhawuh-Ku.’" Mengkono pangandikané Pangéran, Allah.

14"Hé umat kang ora setya, balia. Kowé kuwi umat-Ku. Saka saben kutha Aku bakal njupuk wong siji, lan saka saben taler wong loro; kuwi bakal Dakbalèkaké menyang Gunung Sion.

15Kowé bakal Dakparingi penggedhé-penggedhé sing mbangun-turut marang Aku. Wong-wong mau bakal ngerèh kowé kanthi kawicaksanan lan pangertèn.

16Menawa cacahé wong Israèl wis dadi akèh ana ing tanahmu kono, Pethi Prasetyané Allah bakal ora kocap menèh. Wong-wong bakal padha lali, lan pancèn wis ora mbutuhaké menèh. Uga bakal ora dibalèkaké menèh.

17Yèn kuwi wis kelakon, Yérusalèm bakal kasebut: ‘Dhamparé Pangéran’, lan bangsa-bangsa bakal padha nglumpuk mrono ngabekti marang Aku. Wong-wong bakal ora nggugu marang swaraning atiné sing wangkal.

18Israèl bebarengan karo Yéhuda bakal teka saka tanah pembuwangan ing Lor, lan bali menyang tanah sing Dakparingaké marang para leluhuré, dadi tanah pusakané turun-temurun."

19Pangandikané Pangéran mengkéné, "Israèl, Aku kersa nampa kowé dadi putra-Ku lan Dakparingi tanah kang éndah, tanah sing sajagad apik dhéwé. Aku kepéngin koksebut Rama lan kepéngin yèn kowé ora ninggal Aku menèh.

20Nanging kowé kuwi kaya rabi sing ora setya, kaya mengkono enggonmu ora setya marang Aku." Mengkono pangandikané Allah.

21Ana swara keprungu saka pucaké punthuk-punthuk. Wong Israèl padha nangis lan sesambat, merga wis padha nglakoni dosa lan nyingkur marang Pangéran, Allahé.

22Padha mratobata, hé kabèh sing padha nyingkur Pangéran. Panjenengané bakal ngapura pamurtadmu lan lakumu sing nasar. Kowé bakal padha matur, "Inggih, kawula badhé sowan dhateng ngarsanipun Pangéran, margi Panjenenganipun menika Allah kawula.

23Panyembah kawula dhateng brahalanipun tiyang kapir ing punthuk-punthuk mboten mikantukaken menapa-menapa. Pitulunganipun Israèl menika dhatengipun saking Pangéran, Allah kawula.

24Panyembah dhateng Baal, déwané kanisthan, njalari kawula kécalan ménda lan lembu pinten-pinten, anak jaler lan èstri, malah sedaya gadhahan kawula, tilaranipun para leluhur kawula, ingkang dipun kempalaken saking sekedhik wiwit jaman kina mila.

25Sampun saukur kawula sami nandhang wirang lan kanisthan. Kawula lan para leluhur kawula namung tansah damel dosa kémawon ing ngarsanipun Pangéran, Allah kawula. Kawula mboten naté sami mbangun-turut dhateng dhawuh-dhawuhipun."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel