Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 32 >> 

1Nalika Zedekia enggoné jumeneng ratu ing Yéhuda nyandhak taun kasepuluh utawa taun kaping wolulasé Nebukadnésar jumeneng ratu ing Babil, Pangéran ngandika marang aku.

2Nalika semono wadyabala Babil lagi nempuh kutha Yérusalèm lan aku lagi ditahan ana ing platarané kedhaton.

3Aku dikunjara ana ing kono déning Sang Prabu Zedekia, merga aku didakwa martakaké pangandikané Pangéran sing mengkéné, "Aku bakal ngulungaké kutha iki marang tangané raja Babil,

4lan raja Zedekia bakal ora bisa oncat, Zedekia bakal diulungaké marang tangané raja Babil, lan bakal ketemu adu-arep karo raja Babil.

5Raja Zedekia bakal kaangkataké menyang Babil, lan tetep manggon ana ing kana nganti Aku ngrampungaké prekarané. Senajan nglawan perang marang raja Babil, nanging bakal ora menang. Mengkono pangandikané Pangéran."

6(32:6-7) Pangéran ngandika marang aku, yèn Hanameèl, anaké Salum, pamanku, bakal teka nemoni aku. Aku dikon nuku palemahané sing ana ing Anatot, ing wilayah Bènyamin, merga aku seduluré sing cedhak dhéwé, mulané wenang nuku lemah kuwi saka wong mau,

7(32:6)

8cocog karo pangandikané Pangéran. Hananya teka temenan marani aku ana ing platarané kedhaton lan akon aku nuku palemahané.

9Lemahé Hanameèl nuli daktuku lan dhuwité sing arep dakenggo mbayar Hanameèl daktimbang. Regané palemahan mau pitulas wang slaka.

10Layangé dol-tinuku nuli daktandha-tangani lan dakcap, sarta dhuwité daktimbang nganggo timbangan.

11(32:11-12) Layang dol-tinuku sing wis dicap lan turunané banjur dakjupuk; loro-loroné dakwènèhaké marang Barukh bin Neria bin Mahséya. Enggoné ngulungaké ana ing ngarepé Hanameèl lan para seksi sing padha mèlu nandha-tangani layangé dol-tinuku, sarta ing ngarepé wong-wong sing padha lungguh ana ing plataran kono.

12(32:11)

13Ana ing ngarepé wong kabèh mau aku kandha karo Barukh mengkéné,

14"Pangéran Kang Mahakwasa, Allahé Israèl, dhawuh marang kowé supaya layang dol-tinuku sing asli lan turunané mau koklebokaké ana ing grabah lemah, supaya kena disimpen nganti suwé.

15Pangéran Kang Mahakwasa, Allahé Israèl, ngandika yèn mbésuk ing tanah kéné wong bakal bisa tuku omah, palemahan lan kebon anggur menèh."

16Sawisé layang dol-tinuku mau dipasrahaké marang Barukh aku banjur ndedonga,

17"Dhuh Pangéran, ingkang nitahaken langit lan bumi kalayan pangwasa lan kasektèn. Mboten wonten prekawis ingkang mokal kagem Paduka.

18Paduka ngetingalaken sih-kasetyan Paduka dhateng tiyang-tiyang maèwu-èwu, nanging ugi ngukum tiyang margi saking dosaning tiyang sepuhipun. Paduka menika Allah ingkang luhur lan kwaos. Saèstu, Paduka menika Allah Ingkang Mahakwasa.

19Paduka damel rancangan kalayan wicaksana sarta nindakaken prekawis-prekawis ingkang ngédab-édabi. Paduka pirsa saben prekawis ingkang dipun tindakaken déning tiyang setunggal-setunggalipun, sarta saben tiyang Paduka ganjar miturut pendamelipun.

20Ing jaman kina Paduka damel kaélokan lan mujijat wonten ing tanah Mesir, lan menika Paduka lestantunaken dumugi sepriki wonten ing Israèl, mekaten ugi ing antawisipun para bangsa, ngantos asma Paduka misuwur wonten ing pundi-pundi panggènan.

21Srana migunakaken pangwaos lan kasektèn, Paduka ngirid umat Paduka medal saking tanah Mesir. Paduka nindakaken mujijat, kaélokan sarta lelampahan-lelampahan ingkang damel girising mengsah.

22Lajeng sami Paduka paringi tanah ingkang subur menika, kados ingkang Paduka janjèkaken dhateng para leluhuripun.

23Nanging sareng sampun mlebet sarta ndarbèki tanah menika, tiyang-tiyang wau mboten sami mbangun-turut dhateng dhawuh Paduka, lan mboten sami gesang miturut piwulang Paduka, malah sami nglirwakaken sedaya dhawuh Paduka, mila Paduka lajeng ndhatengaken sakathahing paukuman menika.

24Tiyang Babil sampun sami ngepang kitha menika badhé dipun rebat, lan sampun wiwit sami nyerang. Peprangan, paceklik lan pageblug badhé nyebabaken kitha menika sirna ing tanganipun mengsah. Kula sami nyipati, bilih menapa ingkang Paduka ngandikakaken menika nyata kelampahan.

25Éwasemanten, Paduka Allah ingkang murba wisésa, sampun dhawuh dhateng kawula tumbas pasitèn ing ngajengipun para seksi, senajan kitha menika sampun mèh rebah, karebat déning tiyang Babil."

26Pangéran nuli dhawuh mengkéné marang aku,

27"Aku iki Pangéran, Allahé sakèhé manungsa. Ora ana barang kang mokal kanggoné Aku.

28Kutha iki bakal Dakulungaké marang tangané Nebukadnésar, raja ing Babil lan tentarané. Kutha iki bakal direbut

29lan diobong. Bakal diobong tapis, semono uga omah-omah sing payoné padha kanggo ngobong dupa marang Baal, lan kanggo gawé sesajèn ombèn-ombèn marang allah liyané.

30Wong Israèl lan wong Yéhuda wiwit biyèn mula tansah nglakoni piala ana ing ngarsa-Ku lan njalari duka-Ku srana penggawéné.

31Wong-wong sing padha manggon ing kutha kéné wiwit madegé tekan sepréné tansah marakaké duka-Ku makantar-kantar, mulané mesthi bakal Daktumpes,

32merga saka sakèhé piala sing wis dilakoni déning wong Yéhuda lan sing padha manggon ing Yérusalèm, bebarengan karo para rajané, para penggedhéné, para imam lan para nabiné.

33Wong-wong mau padha nyingkur Aku, lan senajan ora kendhat-kendhat enggon-Ku paring piwulang, éwasemono padha suthik ngrungokaké, apa menèh nglakoni.

34Malah padha mapanaké déwa-déwané kenajisan ana ing Pedalemané Allah sing dibangun kanggo manembah marang Aku, nganti padha najisaké Pasucèn-Ku.

35Wong-wong mau padha ngedegaké mesbèh ana ing Lebak Ben-Hinom, kanggo ngurbanaké anaké lanang lan wadon marang Déwa Molokh. Dudu Aku sing dhawuh mengkono, lan ora bakal sing mengkono mau tuwuh ing penggalih-Ku, sing njalari wong nganti nglakoni mengkono lan marakaké wong Yéhuda tumiba ing dosa."

36Pangéran, Allahé Israèl ngandika marang aku mengkéné, "Yérémia, wong padha kandha yèn perang, paceklik lan pageblug bakal njalari rubuhé kutha iki lan karebut déning raja ing Babil. Isih ana prekara liyané menèh sing arep Dakngandikakaké.

37Wong-wong sing padha Dakbuyaraké menyang sakèhé negara sajroning mulading duka-Ku, kuwi bakal Dakklumpukaké menèh lan Dakbalèkaké menyang tanahé dhéwé, supaya padha manggon ing kono kanthi tentrem.

38Wong-wong mau bakal dadi umat-Ku lan Aku bakal jumeneng dadi Allahé.

39Bakal Daktedahaké yèn tujuaning uripé mung siji, yakuwi mbangun-turut marang Aku ing sauruting jaman, murih beciké wong-wong mau dhéwé lan anak-turuné.

40Aku bakal damel prejanjian langgeng karo umat-Ku, yèn selawasé bakal Daktanduki kabecikan. Umat-Ku bakal Dakparingi ati sing wedi-asih marang Aku, supaya sajegé ora bakal nyingkur Aku.

41Ati-Ku bakal bungah nindakaké apa sing becik kanggo wong-wong mau, lan Aku bakal netepaké pamanggoné ana ing tanah kéné.

42Kaya déné enggon-Ku nekakaké kasangsaran marang umat-Ku, iya kaya mengkono uga enggon-Ku bakal nekakaké kabegjan, sing wis Dakjanjèkaké.

43Wong padha kandha yèn tanah iki bakal dadi ara-ara samun sing suwung, merga ora dienggoni déning manungsa lan kéwan; lan tanah iki bakal kaulungaké marang wong Babil. Nanging ing tanah kéné wong bakal bisa tuku palemahan menèh.

44Layangé dol-tinuku bakal ditandha-tangani lan dicap sarta diseksèni. Kuwi bakal kelakon ing wilayahé Éfraim, lan désa-désa sakiwa-tengené Yérusalèm lan ing kutha-kuthané Yéhuda sarta ing kutha-kuthané tanah pegunungan, ing sikilé gunung-gunung lan ing wilayah Yéhuda sisih Kidul. Wong-wong bakal Dakbalèkaké menèh ana ing palemahané dhéwé-dhéwé. Mengkono pangandikané Pangéran."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 32 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel