Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 34 >> 

1Pangéran ngandika marang aku nalika Nebukadnésar, raja ing Babil karo tentarané, sing kabantu déning tentarané bangsa-bangsa sing ngawula marang Nebukadnésar, lagi nyerang Yérusalèm lan kutha-kutha sakiwa-tengené.

2Aku didhawuhi déning Pangéran, Allahé Israèl, supaya sowan Zedekia, raja ing Yéhuda. Mengkéné pangandikané Pangéran, "Aku, Pangéran, bakal ngulungaké kutha iki marang raja ing Babil, supaya diobong nganti tapis.

3Kowé bakal ora bisa oncat, malah bakal dicekel lan kaulungaké ing tangané Nebukadnésar. Kowé bakal ketemu adu-arep lan sapocapan karo raja Babil mau. Kowé nuli bakal kaboyong menyang tanah Babil.

4Zedekia, rungokna pangandika-Ku. Kowé bakal ora dipatèni ana ing peprangan,

5nanging bakal mati kalawan tentrem. Lan kaya déné para leluhurmu, para raja sadurungé kowé, enggoné mati padha diurmati srana pangobonging dupa, mengkono uga kowé. Kowé uga bakal ditangisi karo padha muni, ‘Adhuh, rajaku kokséda!’ Mengkono pangandikané Pangéran."

6Wangsit mau nuli dakaturaké priksa marang Sang Prabu Zedekia ing Yérusalèm.

7Nalika semono raja Babil lagi nyerang kutha Yérusalèm. Wadyabala Babil mau uga nyerang Lakhis lan Azéka, merga ing antarané kutha-kutha ing Yéhuda, kari kutha-kutha kuwi sing isih ana bètèngé.

8Sang Prabu Zedekia lan wong-wong ing Yérusalèm padha setuju mbébasaké

9para batur-tukon, lanang lan wadon, nganti ora ana wong Israèl sing duwé batur Ibrani menèh.

10Wong kabèh lan para penggedhé padha sarujuk mbébasaké para batur-tukoné dadi wong merdika lan ora arep dianggep batur-tukon menèh.

11Nanging bareng wis merdikakaké para batur-tukon mau, padha getun, mula batur-batur sing wis dimerdikakaké mau dipeksa dadi batur menèh, lanang lan wadon.

12Aku banjur diutus déning Pangéran, Allahé Israèl, didhawuhi ngandhani wong-wong kabèh mengkéné,

13"Aku, Pangéran wis gawé prejanjian karo para leluhurmu, nalika padha Dakluwari saka tanah Mesir lan Dakdadèkaké wong merdika. Para leluhurmu padha Dakparingi prenatan

14supaya pendhak pitung taun padha merdikakna batur-tukon Ibrani, sing wis nem taun lawasé dadi batur-tukon. Nanging para leluhurmu padha ora gelem nggatèkaké, malah padha nyepèlèkaké pangandika-Ku.

15Nanging sawetara dina kepungkur kowé padha salin gagasan sing gawé renaning penggalih-Ku. Kowé kabèh padha sarujuk merdikakaké para batur-tukonmu bangsa Ibrani, lan padha gawé prejanjian ana ing ngarsa-Ku, yakuwi ing Pedalemané Allah panggonanmu manembah marang Aku.

16Nanging kowé wis salin gagasan menèh lan nyenyamah marang Aku. Batur-tukon sing wis kokmerdikakaké, kokpeksa bali dadi batur-tukon menèh.

17Srana mengkono kowé padha ora mbangun-turut marang Aku lan ora awèh kamardikan marang pepadhamu wong Israèl. Ya wis becik. Yèn mengkono kowé bakal Dakparingi kamardikan, yakuwi kamardikan mati merga saka perang lan paceklik. Bangsa-bangsa ing bumi bakal padha giris ndeleng penggawé-Ku marang kowé.

18(34:18-19) Para pegawé kedhaton ing Yéhuda lan ing Yérusalèm, para imam lan para pengarepé umat padha gawé prejanjian karo Aku srana mlaku ing antarané sigarané sapi lanang sing dibelah dadi loro. Nanging prejanjian mau padha diblénjani, ora padha ditetepi. Mulané wong-wong kuwi bakal Dakgawé padha kaya penggawéné tumrap sapi lanang mau.

19(34:18)

20Bakal padha Dakulungaké ing tangané para mungsuhé, sing kepéngin banget matèni wong-wong mau, sarta jisimé bakal dadi pakané manuk-manuk lan kéwan galak.

21Semono uga Zedekia, raja ing Yéhuda lan para pegawéné bakal Dakulungaké ing tangané wong-wong sing padha ngarah patiné. Bakal padha Dakulungaké ing tangané tentara Babil, sing saiki lagi ngaso enggoné nempuh kutha iki.

22Aku bakal paring dhawuh, supaya tentara kuwi bali menèh lan nyerang kutha iki, nuli direbut lan diobong ludhes. Kutha-kuthané Yéhuda bakal Dakgawé dadi ara-ara samun, nganti ora ana wong sing gelem manggon ing kono."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 34 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel