Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 37 >> 

1Zedekia bin Yosia diangkat déning Sang Prabu Nebukadnésar dadi raja nggentèni Yoyakhin bin Yoyakim.

2Nanging Zedekia lan para pegawéné sarta rakyaté ora nggatèkaké marang pangandika sing kaparingaké déning Pangéran.

3Ing sawijining dina Sang Prabu Zedekia utusan Yukhal bin Selèmya lan Imam Zéfanya bin Maaséya nemoni aku kanthi pamundhut supaya aku ndongakaké bangsa Yéhuda lan Israèl ana ing ngarsané Pangéran.

4Aku nalika semono durung ditahan lan isih srawung bébas karo rakyat.

5Tentara Babil lagi ngepung kutha Yérusalèm, nanging bareng krungu yèn tentara Mesir wis tekan tapel watesé tanah Mesir, banjur padha mundur.

6Pangéran, Allahé Israèl, ngandika marang aku,

7supaya aku matur marang Raja Zedekia mengkéné, "Tentara Mesir wis budhal arep mitulungi kowé, nanging bakal padha bali menèh.

8Wong Babil padha bali mréné menèh, nyerang lan ngrebut kutha iki. Kutha iki bakal diobong nganti entèk.

9Aku, Pangéran, nuturi kowé supaya aja ngapusi awakmu dhéwé karo muni, yèn wong Babil ora bakal bali mréné menèh, sebab wong Babil bakal bali mréné temenan.

10Senajan ta kowé bisa ngalahaké tentara Babil kabèh, nganti sing isih mung kari wong-wong sing padha ketaton, lan padha gumléthak ana ing kémahé, éwasemono wong-wong mau bakal padha tangi lan ngobong kutha iki nganti entèk babar-pisan."

11Tentara Babil mundur saka Yérusalèm, merga tentara Mesir wis cedhak.

12Mulané aku arep lunga ninggal Yérusalèm menyang wilayah Bènyamin prelu ngurus bagéanku sing didhaku déning keluargaku.

13Nanging bareng aku tekan Gapura Éfraim, ana perwira sing jaga kono, jenengé Yeria bin Selèmya bin Hananya, ngendheg aku karo muni, "Kowé arep kianat, ngéloni wong Babil!"

14Aku mangsuli, "Ora mengkono! Aku ora arep kianat." Nanging Yeria ora nggugu kandhaku. Aku dicekel lan dipasrahaké marang para penggedhé.

15Para penggedhé mau padha nepsu banget karo aku lan awèh préntah supaya aku digebugi lan dilebokaké ing tahanan, ing omahé Yonatan, sèkretarisé kedhaton, sing omahé didadèkaké pakunjaran.

16Aku dilebokaké kamar ing njero lemah nganti wetara suwé.

17Ing sawijining dina Sang Prabu utusan marani aku. Ana ing kedhaton aku didangu kalawan sesidheman, "Pangéran menapa paring wangsit dhateng panjenengan?" Atur wangsulanku, "Kasinggihan, mila wonten! Panjenengan badhé kaulungaken dhateng astanipun raja ing Babil."

18Aku banjur nyuwun pirsa gentèn, "Dosa kula menapa dhateng panjenengan, dhateng para pegawé lan dhateng rakyat, déné kula panjenengan lebetaken ing pakunjaran?

19Wonten pundi para nabi panjenengan ingkang sampun ngramal bilih raja Babil mboten badhé nempuh perang nglawan panjenengan lan tanah ngriki?

20Lah, Sang Prabu, samenika panjenengan kula aturi miyarsakaken lan kersaa ndhahar atur kula. Kula mugi sampun kawangsulaken malih ing pakunjaran, ing griyanipun Yonatan, sebab menawi mekaten kula mesthi badhé pejah wonten ing ngriku."

21Raja Zedekia banjur dhawuh supaya aku dilebokaké ing kamar tahanan kedhaton. Aku banjur ditahan ana ing kono, lan saben dina diwènèhi roti siji wutuh gawéané tukang roti, nganti saentèké roti ing kutha kono.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 37 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel