Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 39 >> 

1Ing sasi kasepuluh, taun kaping sangané Zedekia jumeneng raja ing Yéhuda, Nebukadnésar raja ing Babil lan tentarané ngebyuk nyerang Yérusalèm.

2Ing dina kaping sanga, sasi kaping pat, taun kaping sewelasé Zedekia jumeneng raja, bètèngé Yérusalèm bedhah.

3(Nalika Yérusalèm karebut déning mungsuh, para perwirané raja Babil mlebu kutha lan padha mapan ana ing Gapura Tengah. Yakuwi Nergal Sarèzèr, Samgar Nebo, Sarsekhim, semono uga para penggedhé liyané.)

4Bareng Raja Zedekia pirsa kuwi mau kabèh banjur nedya lolos ninggal kutha ing wayah bengi, kadhèrèkaké déning tentarané. Tindaké miyos ing dalan sing ana ing satengahé petamananing kedhaton, bablas menyang gapura, tempuké bètèng loro; saka kono banjur tindak ngener Lebak Yardèn.

5Nanging tentara Babil terus ngoyak lan Zedekia kacepeng ana ing sacedhaké tanah ngaré Yérikho, banjur kasowanaké Sang Prabu Nebukadnésar. Nalika semono raja Babil mau lagi ana ing kutha Riblah, ing wilayah Hamat. Ana ing kana Raja Zedekia diadili lan didhawahi paukuman déning Nebukadnésar.

6Ya ana ing Riblah kono putra-putrané disembelèh ana ing ngarepé Zedekia. Mengkono uga para penggedhéné Yéhuda padha disembelèh kabèh.

7Sawisé mengkono Zedekia banjur dicukil paningalé lan astané diranté, diirid menyang Babil.

8Bareng karo kuwi tentara Babil ngobong kedhaton, omah-omahé rakyat lan njugrugaké bètèngé kutha Yérusalèm

9Wekasané Nebuzaradan, sénapatiné tentara Babil, banjur préntah ngirid rakyat sing isih kari ana ing kutha kaboyong menyang Babil, dadi tawanan, bebarengan karo wong-wong Israèl sing padha mbangkang apa déné sing mlémbar marang Babil.

10Sapéranganing rakyat sing miskin banget ditinggal ana ing Yéhuda déning Nebuzaradan. Wong-wong sing padha ora duwé palemahan mau padha diwènèhi kebon anggur lan lemah garapan.

11Raja Nebukadnésar dhawuh marang Nebuzaradan, sénapatiné tentara mengkéné,

12"Golèkana Nabi Yérémia, tumindakmu sing becik. Aja kokpilara lan turutana sapenjaluké."

13Nebuzaradan bebarengan karo para penggedhé sing dhuwur pangkaté, yakuwi Nebusasban, Nergal Sarèzèr lan penggedhé Babil liya-liyané,

14padha methuk aku ana ing plataran kedhaton. Aku dipasrahaké marang Gedalya bin Safan supaya aku diteraké menyang omahku kanthi slamet. Mengkono dadiné aku bali manggon ana ing satengahé rakyat menèh.

15Nalika aku isih ditahan ana ing plataran kedhaton, Pangéran ngandika marang aku mengkéné,

16"Èbèd-Mèlèkh, wong Sudan kuwi kandhanana yèn Pangéran Kang Mahakwasa, Allahé Israèl, wis janji mengkéné, ‘Dhèk biyèn Aku wis ngandika, yèn Aku bakal nekakaké paukuman marang kutha iki, dudu karaharjan. Samasa kelakon kowé bakal nyipati dhéwé.

17Nanging kowé bakal Dakreksa, mula kowé ora bakal kaulungaké ing tangané wong sing kokwedèni.

18Kowé bakal slamet lan ora dipatèni. Kowé bakal oncat lan lestari urip, merga kowé precaya marang Aku!’" Mengkono pangandikané Pangéran.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 39 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel