Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 41 >> 

1Ing sasi kapitu taun kuwi Ismaèl bin Nétanya bin Èlisama, krabaté Sang Prabu lan perwirané Sang Prabu sing dhuwur pangkaté, lunga menyang Mizpa nemoni Gedalya, nggawa bala wong sepuluh.

2Nalika lagi padha mangan bebarengan, Ismaèl lan balané sepuluh ngunus pedhangé lan matèni Gedalya.

3Ismaèl iya matèni wong Israèl kabèh sing padha mèlu Gedalya ana ing Mizpa, mengkono uga para serdhadhu Babil, sing pinuju ana ing kono.

4Ésuké sadurungé ana wong sing meruhi patiné Gedalya,

5ana wong wolung puluh teka saka Sikèm, Silo lan Samaria. Wong mau padha cukur jénggot, nganggo sandhangan rowak-rawèk lan awaké kebak tatu, merga ditatoni dhéwé. Wong-wong mau padha nggawa gandum lan menyan arep dienggo kurban ana ing Pedalemané Allah.

6Ismaèl metu saka Mizpa methukaké wong-wong mau karo nangis. Bareng ketemu karo wong-wong mau Ismaèl kandha mengkéné, "Kula aturi sowan manggihi Gedalya."

7Nanging bareng wong-wong mau wis mlebu ing kutha, banjur dipatèni déning Ismaèl lan balané. Jisimé wong-wong mau dicemplungaké ing sumur.

8Ing rombongané wong-wong mau ana sepuluh sing kandha karo Ismaèl mengkéné, "Kula sampun sampéyan pejahi. Kula gadhah tandhon tetedhan ingkang kula dhelikaken wonten ing sabin, rupi gandum, sair, lisah zaitun tuwin maben." Wong-wong mau ora sida dipatèni.

9Sumur panggonané Ismaèl mbuwang jisim-jisimé wong sing padha dipatèni mau gedhé, yasané Sang Prabu Asa nalika diserang déning Baésa, raja ing Israèl. Sumur mau dikebaki Ismaèl nganggo jisimé wong-wong sing dipatèni.

10Ismaèl iya banjur nyekel para putra-putriné Sang Prabu lan wong liya-liyané sing ana ing Mizpa. Wong-wong mau dipasrahaké Nebuzaradan marang pangreksané Gedalya. Wong kabèh mau banjur ditawan déning Ismaèl lan digawa lunga menyang daérahé wong Amon.

11Yohanan anaké Karéah lan para perwirané padha krungu bab pokalé Ismaèl.

12Banjur padha nglumpukaké balané ngoyak Ismaèl bin Nétanya. Ketututan ana ing sendhang sacedhaké Gibéon.

13Bareng wong-wong sing ditawan Ismaèl weruh Yohanan lan balané padha bungah banget.

14Banjur padha mbalik mèlu Yohanan sabalané.

15Nanging Ismaèl lan balané wolu padha bisa oncat lan mlayu menyang Amon.

16Yohanan lan para perwiraning tentarané banjur mimpin wong-wong sing diboyong déning Ismaèl. Wong-wong sing ditawan déning Ismaèl ana ing Mizpa sawisé Ismaèl matèni Gedalya yakuwi: serdhadhu, wong wadon, bocah lan wong kebirèn.

17(41:17-18) Wong-wong mau padha wedi karo wong Babil merga Ismaèl wis matèni Gedalya, sing didadèkaké gubernur déning raja ing Babil. Mulané wong-wong mau padha arep terus lunga menyang Mesir, kanggo nyingkiri wong Babil. Ana ing dalan padha ngaso ing Kimham, sacedhaké Bètléhèm.

18(41:17)


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 41 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel