1Nalika Yoyakim bin Yosia enggoné jumeneng raja ing Yéhuda nyandhak taun kapat, Barukh nulis pangandikané Pangéran sing kawangsitaké marang aku. Aku kandha karo Barukh,
2yèn Pangéran, Allahé Israèl, ngandika mengkéné, "Barukh,
3sarèhné kowé tau kandha, ‘Adhuh cilaka aku, Pangéran wis nambahi kasusahanku. Aku wis kesayahen merga saka enggonku sesambat, mangka ora olèh katentreman!’
4Nanging Aku, Pangéran, Aku bakal mbubrah apa sing Dakyasa, lan apa sing Daktandur bakal Dakbedholi; mengkono sing bakal Daktindakaké sajagad rata.
5Kowé aja ngarah marang prekara sing muluk-muluk kanggo awakmu dhéwé! Poma aja duwé pepénginan mengkono! Merga Aku bakal nekakaké paukuman marang manungsa kabèh, nanging kowé bakal Dakparingi bisa oncat, supaya lestari urip, ana ing ngendi-endia panggonan sing kokparani. Mengkono pangandikané Pangéran."