Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 6 >> 

1Hé wong Bènyamin, padha mlayua metu golèk pangungsèn! Oncata saka Yérusalèm! Slomprèt ing Tekoa unèkna. Gawéa pretandha geni ing Bèt-Kerem. Sebab saka Lor bakal teka bebaya lan pangrusak.

2Kutha Sion kuwi éndah, nanging bakal karusak.

3Ing panggonan kono para raja bakal padha nancepaké kémah kanggo pengasoané wadyabalané. Kémah-kémahé bakal ditancepaké ngepung kutha Sion, saben wong milih panggonan sing disenengi.

4Wong-wong mau bakal muni, "Ayo padha tata-tata nyerbu Yérusalèm! Saben wong kudu siaga! Kita bakal nyerbu ing wayah awan! Nanging saiki wis kasèp. Saiki wis soré. Sedhéla menèh bakal peteng.

5Beciké kita nyerbu mengko bengi waé; bètèngé kutha kita gempur dhisik."

6Pangéran dhawuh marang para raja mau supaya negori wit-witan lan ngurug lemah ing sakubengé témbok-témboké Yérusalèm. Pangandikané Pangéran, "Aku bakal ngukum kutha iki merga saka akèhé panindhes kang kelakon ana ing kono.

7Kaya déné etuk ngetokaké banyu, kaya mengkono Yérusalèm enggoné bakal nindakaké piala. Aku krungu swaraning pangrodha-peksa lan karusakan ana ing kutha kono, sing Dakpirsani mung wong lara lan wong kang padha ketaton thok.

8Hé wong ing Yérusalèm, kasusahan iki dadia pepéling marang kowé. Yèn ora, kowé bakal Daktégakaké. Kuthamu bakal Dakwalik dadi ara-ara samun, lan dadi tanah sing suwung."

9Pangéran Allah Kang Mahakwasa ngandika marang aku mengkéné, "Israèl bakal diprithili kaya kebon anggur sing diasag wohé sawisé diundhuh. Mulané tulungana saben wong sing bisa kokslametaké mumpung isih ana wektu."

10Atur wangsulanku, "Sinten ingkang purun mirengaken menawi kawula pituturi utawi kawula émutaken? Margi manahipun wangkal lan nampik pangandika Paduka. Kawula namung badhé dipun gegujeng, menawi nyariyosaken menapa ingkang Paduka ngandikakaken dhateng kawula wau.

11Paukuman Paduka dhateng tiyang-tiyang damel bentèring manah kawula, Gusti. Lan kawula mboten saged ngampet malih!" Pangéran banjur ngandika marang aku, "Paukuman-Ku esokna marang bocah-bocah sing ana ing dalan-dalan, suntaken ana ing satengahé para nonoman. Bapa lan biyung bakal padha ditawan, semono uga kaki-kaki lan nini-nini.

12Omahé bakal dienggoni déning wong liya, mengkono uga palemahané; bojo-bojoné padha digawa. Wong satanah kéné bakal Dakukum kabèh.

13Saben wong, gedhé-cilik padha ngarah bathi srana goroh. Malah tekan para nabi lan para imam padha ngapusi rakyat.

14Pangucapé marang umat-Ku, kaya mung weruh tatu mlècèt sethithik, mula pangucapé, ‘Ora apa-apa’, senajan satemené tatu mau gawat.

15Apa padha duwé rasa isin nindakaké sing mengkono mau? Ora! Babar-pisan ora padha isin. Rainé mbrabak waé ora. Mulané bakal padha tiba, bareng karo wong-wong liyané. Aku bakal rawuh lan ngukum wong-wong kuwi. Lah mengkono bakal pungkasané wong-wong mau. Aku Pangéran wis ngandika!"

16Pangandikané Pangéran marang umaté, "Ngadega ana ing prapatan lan ngawasna. Takokna dalan sing lawas dhéwé, lan takona dalan sing becik dhéwé, kuwi ambahen, supaya uripmu dadi tentrem." Nanging wong-wong mau padha mangsuli, "Mboten! Kula mboten badhé ngambah mergi menika."

17Pangandikané Pangéran menèh, "Aku wis ngangkat wong jaga, sing bakal ngandhani kowé supaya nitèni uniné tengara slomprèt." Nanging wong-wong mau padha mangsuli, "Kula mboten purun mirengaken."

18Pangéran nuli ngandika menèh, "Rungokna, hé sakèhé bangsa-bangsa. Titènana apa sing bakal dialami déning umat-Ku.

19Hé bumi, ngrungokna! Aku bakal nekakaké paukuman marang bangsa iki, yakuwi ngundhuh rancangané dhéwé. Merga padha ora nitèni pangandika-Ku, lan dhawuh-dhawuh-Ku padha ditampik.

20Lah apa gunané Aku kasaosan menyan saka Syéba utawa wewangèn sing asalé saka tanah adoh? Sesaosané bakal Daktampik lan kurban-kurbané ora ndadèkaké renaning penggalih-Ku.

21Mulané bangsa mau bakal Dakgawé kesandhung lan tiba. Para bapak lan anak-anaké bakal mati, mengkono uga mitra-mitra lan para tanggané bakal padha tiwas."

22Pangandikané Pangéran mengkéné, "Bangsa saka tanah Lor bakal teka. Bangsa gedhé saka panggonan sing adoh asalé bakal nglurug perang.

23Padha nggawa panah lan pedhang, ambek nganiaya lan ora duwé welas. Samasa teka padha nunggang jaran swarané jumegur kaya samodra. Kabèh wis siaga arep nempuh kutha Yérusalèm."

24Aku padha krungu opyaké, mula tanganku padha jimpé, atiku ajur, perih rasané, kaya wong wadon sing lagi nglarani.

25Kita padha ora wani metu menyang pategalan utawa mlaku ana ing dalan-dalan, merga mungsuh padha nggawa gegaman lan ana ing ngendi-endi ana pagiris.

26Pangandikané Pangéran marang umaté, "Padha nganggoa bagor lan nglésoda ana ing awu. Padha sesambata kaya wong sing kepatèn anaké lanang ontang-anting, merga mungsuh sing arep numpes kowé wis cedhak.

27Yérémia, umat-Ku lèlèren, kaya patrapé wong sing ngluluh wesi, delengen kepriyé sanyatané.

28Umat kuwi atiné wangkal lan seneng nglawan. Atosé atiné presasat prunggu lan wesi. Kabèh padha kebak piala.

29Pawoné murub sakatogé, nanging wesiné ora lèlèh. Tanpa guna nglèlèr umat-Ku, merga wong sing ala ora kena dipisah.

30Mulané umat-Ku bakal karan ‘Barang tampikan’, merga wong-wong mau wis padha Daktampik." Mengkono pangandikané Pangéran.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel