Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 26 >> 

1Ing kono bakal kelakon umat ing Yéhuda padha menyanyi mengkéné, "Kita padha duwé kutha sing sentosa! Allah piyambak sing njagi bètèngé.

2Gapurané kutha wengakna, supaya para mursid saka bangsa ngendi-endi padha mlebu, yakuwi umat sing padha nindakaké prekara sing bener.

3Dhuh Pangéran, mugi kersa maringi katentreman ingkang sejatos dhateng sok sintena ingkang setya, sarta kumandel dhateng Paduka.

4Padha ngandela marang Allah, supaya selawasé kita padha direksa.

5Wong gemunggung padha diasoraké, kutha-kutha sentosa sing dienggoni padha dirubuhaké, bètèng-bètèngé padha dijugrugaké dadi awu.

6Wong sing mauné disiya-siya saiki padha jag-jagan, padha ngidak-idak kutha mau."

7Dhuh Pangéran, marginipun tiyang mursid menika radin, sebab Paduka ingkang ngradin margi wau.

8Kawula sami ngenut kersa Paduka, dhuh Allah, lan ngantos-antos pitulungan saking Paduka piyambak. Inggih namung Paduka piyambak ingkang kawula ajeng-ajeng.

9Ing wanci dalu kawula ngangen-angen Paduka kalayan gumolonging manah; samasa Paduka ngadili bumi lan para umat, tiyang-tiyang badhé sami mangertos pundi keadilan ingkang saleresipun.

10Senajan Paduka nandukaken kasaénan dhateng tiyang awon, tiyang wau mboten badhé sinau tumindak leres. Senajan sami manggèn ing tengahing tiyang mursid, meksa sami nindakaken piawon. Margi sami mboten purun ngakeni kaluhuran Paduka.

11Para mengsah Paduka mboten sami mangertos, bilih badhé sami Paduka ukum. Dhuh Allah, tiyang menika mugi Paduka damel wirang lan Paduka paringi kasisahan, supados sami ngraosaken paukuman ingkang sampun Paduka cawisaken. Mugi Paduka ngetingalaken sepinten agenging sih Paduka dhateng para kagungan Paduka.

12Dhuh Allah, Paduka sampun nyawisaken katentreman kanggé kawula, sebab samukawis prekawis ingkang kawula tandangi, menika Paduka piyambak ingkang nindakaken kanggé kawula.

13Dhuh Pangéran, Allah kawula, sampun kathah tiyang ingkang ngwaosi kawula, nanging sejatosipun namung Paduka piyambak menika Allah kawula.

14Tiyang-tiyang menika samenika sampun sami pejah lan rohipun mboten badhé sami tangi malih, margi sampun Paduka ukum lan Paduka tumpes. Mboten wonten tiyang ingkang ngémuti piyambakipun.

15Dhuh Allah, bangsa menika sampun Paduka damel kathah. Kikis-watesipun sampun Paduka elar sedaya. Menika sedaya njalari asma Paduka kaluhuraken.

16Nalika bangsa menika Paduka ajar, lajeng sami sesambat ing salebeting pandonga dhateng Paduka.

17Inggih Paduka piyambak ingkang damel umat menika ngrintih kados tiyang èstri ingkang badhé gadhah laré, sambat sakit. Mekaten kawontenan kawula suwau wonten ing ngarsa Paduka, dhuh Allah.

18Kawula sami wawrat, saweg nyakiti, nanging namung hawa ingkang kawula wedalaken; kawula mboten angsal kemenangan menapa-menapa kanggé negari kawula, sedaya ingkang sami kawula tindakaken menika muspra.

19Tiyang pejah kagungan Paduka badhé sami gesang malih! Jisim-jisimipun badhé tangi malih. Sedaya tiyang ingkang sami tilem ing kubur badhé tangi lan memuji kalayan bingah. Kados ebun énjing nyegeraken bumi, inggih mekaten Allah enggènipun badhé nangèkaken malih tiyang-tiyang ingkang sampun dangu pejahipun.

20Hé bangsaku, padha mlebua ing omahmu lan kancingen lawangé. Padha ndhelika sawetara mangsa ana ing kono, nganti Pangéran mari enggoné duka.

21Gusti Allah arep rawuh saka swarga, ngajar wong-wong ing bumi merga saka dosané. Mematèni sing katindakaké kanthi sesidheman bakal konangan, lan bumi bakal ora ndhelikaké wong-wong sing dipatèni ana ing kono.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 26 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel