Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 36 >> 

1Nalika Raja Hizkia enggoné jumeneng raja ing Yéhuda nyandhak patbelas tauné, Sanhérib raja Asyur nyerang lan nelukaké kutha-kuthané Yéhuda sing sentosa.

2Sanhérib banjur ndhawuhi Rabsakèh, sénapatiné, budhal saka Lakhis menyang Yérusalèm karo nggawa tentara akèh, saprelu nemoni Raja Hizkia, supaya gelema teluk. Para perwirané Rabsakèh mau padha ngadeg ing dalan, panggonané tukang tenun, sacedhaké slokan sing ngilèkaké banyu saka blumbang ing dhuwur.

3Ana ing kono para perwira mau dipethukaké déning utusané Hizkia, yakuwi Èlyakim bin Hilkia, penggedhéné kedhaton, lan Sèbna, sèkretaris negara, sarta Yoah bin Asaf, penggedhéné kahartakan.

4Para perwira kandha yèn Raja Sanhérib kepéngin pirsa apa sing diendelaké Raja Hizkia déné rumangsa kuwat.

5Dhawuhé Sanhérib marang Hizkia mengkéné, "Apa kokkira tembung thok bisa nandhingi kekuwatan lan ketrampilané tentara. Sapa sing manut pengiramu arep ngréwangi kowé nglawan raja Asyur?

6Apa kowé njagakaké pitulungané wong Mesir, nanging kuwi presasat wong mlaku tekenan glagah. Glagahé bakal tugel lan nyocog tanganmu. Ya mengkono kuwi kaanané raja Mesir, bakal mung gawé gelané saben wong sing njagakaké pitulungané."

7Para perwira Asyur mau kandha menèh mengkéné, "Utawa, apa kowé ngendelaké Pangéran Allahmu? Apa kuwi dudu Allah sing papané ing punthuk-punthuk lan mesbèh-mesbèh sing wis dirusak déning Hizkia. Lan banjur akon wong Yéhuda lan wong-wong ing Yérusalèm supaya padha sujud ing ngarepé mesbèh siji waé.

8Wis, saiki atas asmané Sang Prabu Sanhérib aku ngajak totohan karo kowé. Kowé bakal dakwènèhi jaran rong èwu, angger kowé bisa nganakaké wong sing nunggangi.

9Kowé dudu tandhingé prejurit Asyur, senajan prejurit mung sing asor dhéwé pangkaté. Éwasemono kowé ngarep-arep kréta perang lan jaran saka wong Mesir.

10Apa kokkira enggonku nyerang negaramu lan dakiles-iles kuwi ora atas kersané Pangéran Allahmu piyambak sing ndhawuhi aku supaya nyerang lan ngrusak negaramu."

11Èlyakim, Sèbna lan Yoah banjur kandha karo Rabsakèh mengkéné, "Kula aturi ngandika mawi basa Aram kémawon, kula sami ngertos. Sampun mawi basa Ibrani, mindhak tiyang-tiyang ingkang sami ngadeg ing témbok menika sami ngertos."

12Wangsulané Rabsakèh, "Apa kokkira aku mung kautus nemoni kowé lan rajamu thok? Ora, aku iya kandha karo rakyat sing padha nglésod ing bètèng kuwi, sing sedhéla menèh bakal mangan kotorané dhéwé lan ngombé uyuhé, ora béda karo kowé dhéwé."

13Para perwira Asyur mau banjur kandha nganggo basa Ibrani, "Pangandikané raja Asyur marang kowé mengkéné,

14‘Kowé aja padha kena diapusi Hizkia. Hizkia ora bisa mitulungi kowé.

15Lan kowé aja gelem dibujuk, dikon precaya marang Gusti Allah. Aja ngira yèn Gusti Allah bisa nylametaké kowé lan bisa nyegah tentara Asyur nelukaké kuthamu.

16Aja ngrungokaké kandhané Hizkia! Raja Asyur dhawuh, supaya kowé padha metu saka kutha lan padha teluka. Kowé bakal diparengaké mangan wohé wit anggur lan wit anjirmu, sarta ngombé banyu saka kulahmu dhéwé,

17nganti tekan titimangsané Sang Prabu Asyur mapanaké kowé ing tanah sing akèh èmperé karo tanahmu iki. Ana kebon angguré sing peresané kena kokombé lan gandum sing kena kokgawé roti.

18Aja kena diapusi Hizkia, sing kandha yèn kowé bakal diluwari déning Allah. Apa ana allahé bangsa-bangsa sing bisa ngluwari bangsa-bangsa mau saka tangané raja Asyur?

19Ana ing endi allahé Hamat lan Arpad? Endi allahé Séfarwaim? Apa allah-allah mau ngluwari Samaria?

20Apa ana allah-allahé bangsa-bangsa mau sing bisa ngluwari negarané saka tangané Sanhérib? Apa kokkira Pangéran bakal mitulungi Yérusalèm?’"

21Rakyat padha meneng waé, kaya piwelingé Raja Hizkia; ora ana sing muni sakecap-kecapa.

22Èlyakim, Sèbna lan Yoah merga saka sedhihé padha nyuwèk sandhangané, banjur padha séba ing ngarsané Sang Raja Hizkia, ngaturi pirsa apa sing dikandhakaké déning para utusané Sanhérib, raja Asyur.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 36 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel