Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 37 >> 

1Bareng Sang Raja Hizkia midhanget laporané Èlyakim sakancané, banjur nyuwèk agemané lan tindak menyang Pedalemané Allah.

2Èlyakim, penggedhéné kedhaton, Sèbna, sèkretaris negara lan penggedhéné para imam diutus nemoni Yésaya bin Amos. Wong-wong mau padha nganggo bagor.

3Welingé Sang Prabu marang Yésaya mengkéné, "Dinten menika dintening kasisahan. Kita dipun gebag déning Allah lan dipun kawonaken. Kita kados tiyang èstri ingkang badhé nglairaken, nanging mboten gadhah kekiyatan kanggé uwat.

4Raja Asyur sampun ngutus perwira-perwira pangkat inggil, ingkang sami ngawon-awon dhateng asmanipun Allah, ingkang sipat gesang. Mugi-mugi Allah panjenengan miyarsakaken panyenyamah wau sarta ngukum tiyang ingkang ngucapaken. Panjenengan kula aturi ndongakaken rakyat ingkang taksih kantun gesang."

5Bareng mireng welingé Raja Hizkia mau,

6Yésaya banjur ndhawuhi utusan mau bali sowan ing ngarsané Sang Prabu menèh, karo dingandikani mengkéné, "Pangéran dhawuh supados panjenenganipun Sang Prabu mboten ajrih dhateng tembungipun raja Asyur, ingkang criyos bilih Allah mboten saged ngluwari panjenengan.

7Allah badhé ndhatengaken swanten gemuruh, ingkang njalari raja Asyur badhé wangsul dhateng negarinipun. Sesampunipun dumugi ing ngrika raja wau badhé dipun pejahi déning Allah."

8Para utusané raja Asyur krungu yèn Sang Prabu wis nilar Lakhis lan nyerang kutha Libna, sing ora adoh saka kono. Mulané para utusan mau padha sowan Sang Prabu nyuwun pitedahé.

9Nanging wong Asyur krungu kabar, yèn tentara Mesir teka, dipimpin déning Raja Tirhakah saka Sudan, arep nyerang tentara Asyur. Bareng mireng sing mengkono mau raja Asyur banjur kirim layang marang Raja Hizkia mengkéné,

10"Kowé olèh ketrangan saka Allah sing koksembah, yèn bakal ngluwari kowé. Nanging kowé aja kena diapusi.

11Kowé wis ngerti apa sing ditindakaké déning raja Asyur marang negara sing ditelukaké. Apa kokkira kowé bakal bisa oncat?

12Leluhurku wis padha nggempur kutha-kutha Gozan, Haran lan Rèsèf sarta matèni wong-wong Bèt-Èden, sing manggon ing Telasar, lan ora ana allahé siji waé sing bisa ngluwari wong-wong mau.

13Endi saiki raja-rajané kutha Hamat, Arpad, Séfarwaim, Héna lan Iwa?"

14Raja Hizkia sawisé nampani layang mau diwaca, banjur tindak menyang Pedalemané Allah. Layang mau dijèrèng ana ing ngarsané Allah.

15Raja Hizkia ndedonga marang Allah, unjuké,

16"Dhuh Pangéran, Allahipun Israèl Ingkang Mahakwasa, ingkang pinarak ing dhampar sinanggi déning swiwining kérub. Paduka piyambak ingkang jumeneng Allah, ingkang mengku sakathahing kraton ing donya. Paduka ingkang nitahaken bumi lan langit.

17Dhuh Allah, mugi miyarsakaken atur kawula, sarta mirsanana kedadosan ingkang sami kawula alami. Kersaa miyarsakaken sedaya tembung pengawon-awon ingkang dipun ucapaken déning Sanhérib dhateng Paduka, Allah ingkang sipat gesang.

18Kawula sami mangertos, dhuh Allah, bilih para raja Asyur sampun numpes bangsa pinten-pinten sarta ngrisak negari-negarinipun.

19Tuwin mbesmi brahala-brahalanipun, mergi menika pancèn sanès allah, namung barang saking kajeng lan séla damelaning tanganipun manungsa.

20Dhuh Allah, ingkang menika kawula mugi Paduka luwari saking tanganipun tiyang Asyur, supados sakathahing kraton sajagad sami sumerep bilih namung Paduka piyambak ingkang jumeneng Allah."

21Kecrita Yésaya bin Amos banjur utusan matur marang Raja Hizkia mengkéné, "Dhawuhipun Pangéran mekaten, ‘Kang koksuwun ing pandongamu marang Aku ing ngatasé Sanhérib, raja ing Asyur, wis Dakpiyarsakaké.’

22Dhawuhipun Gusti Allah dhateng Sanhérib mekaten, ‘Sanhérib, kowé mung digeguyu lan disepèlèkaké déning wong Yérusalèm.

23Rumangsamu sing kokwewada lan kokala-ala kuwi sapa? Ora liya Kang Mahasuci, Allahé Israèl.

24Lantaran wong-wong kongkonanmu kowé ngumukaké yèn srana kréta perangmu kowé wis munggah tekan pucaké Gunung Libanon sing dhuwur dhéwé. Kowé ngumukaké enggonmu wis ngrubuhaké wit sédar sing gedhé dhéwé lan mbabadi wit èrès, malah wis mlebu ing alasé sing jero dhéwé.

25Kowé ngumukaké enggonmu wis ngedhuk sumur-sumur lan ngombé banyu ing tanah manca, lan tlapakané tentaramu wis ngidak-idak Bengawan Nil nganti garing.

26Apa kowé ora krungu yèn kuwi mau kabèh kelakoné merga Aku sing ngrancang dhèk jaman sing wis kepungkur, lan saiki Daktindakaké. Aku wis paring pangwasa marang kowé ngrubuhaké bètèngé kutha-kutha, supaya dadia jugrugan.

27Bangsa-bangsa sing manggon ana ing kono padha ora keconggah nglawan, mulané padha giris lan éram. Wong-wong mau kaya suket ing ara-ara utawa thethukulan ing payon sing kebrongot déning angin panas saka Wétan.

28Nanging Aku pirsa kaananmu lan penggawému sarta menyang endi paranmu. Aku pirsa yèn kowé nepsu banget karo Aku.

29Aku wis miyarsa bab enggonmu ngamuk lan bab gemunggungmu, lan saiki Aku bakal masang keluh ana ing irungmu lan kendhali ing cangkemmu, sarta kowé bakal Dakulihaké metu dalan sing kokambah nalika kowé teka.’"

30Yésaya banjur munjuk marang Raja Hizkia, "Tandhanipun bilih prekawis-prekawis wau badhé kelampahan menika mekaten: Taun menika lan taun ngajeng tiyang badhé nedha gandum ingkang thukul piyambak, nanging taun candhakipun badhé sami saged nyebar sarta ngenèni gandum wau, saha nanem anggur lan nedha kismis.

31Kekantunanipun Yéhuda ingkang gesang badhé ngrebda kados taneman ingkang lema, ingkang ngoyod ngantos lebet, sarta ngedalaken woh kathah.

32Ing Yérusalèm lan ing Gunung Sion badhé wonten tiyang ingkang oncat saking pejah, awit Pangéran Allah Ingkang Mahakwasa ngersakaken mekaten."

33"Mekaten pangandikanipun Pangéran ingatasipun Sanhérib raja ing Asyur: ‘Sanhérib bakal ora mlebu kutha kono lan ora nglepasaké panah siji-sijia. Ora ana prejurit nggawa tamèng sing bakal nyedhak kutha, lan ora ana menara-menara kanggo njaga kutha didegaké sakubengé Yérusalèm.

34Sanhérib bakal bali metu dalan sing diambah dhèk nalika tekané, tanpa mlebu kutha Yérusalèm. Aku, Pangéran, sing ngandika,

35sebab Aku sing bakal njaga lan ngayomi kutha kuwi, demi Pedaleman-Ku lan janji-Ku marang abdi-Ku Dawud.’"

36Malaékaté Pangéran nyerang barisan tentara Asyur lan matèni tentara 185.000. Ésuké, nalika isih umun-umun tentara-tentara mau katon pating gléthak, kabèh wis mati!

37Raja Sanhérib banjur bali menyang Ninewé.

38Ing sawijining dina nalika Sang Raja lagi arep nyembah Nisrokh, déwa pepundhèné, dumadakan disédani putrané kakung loro, Adramèlèkh lan Sarèzèr, nganggo pedhang lan wong loro mau banjur padha oncat menyang tanah Ararat. Putrané liyané, Ésar-Hadon nggentèni jumeneng raja.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 37 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel