Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 42 >> 

1Pangéran ngandika, "Lah iki Abdi-Ku sing Dakparingi kasektèn, pilihan-Ku, sing gawé renané penggalih-Ku. Roh-Ku Dakparingaké, nedhaki lan ngwaosi Abdi-Ku. Abdi-Ku bakal nekakaké keadilan marang saben bangsa.

2Abdi-Ku mau bakal ora bengak-bengok, utawa sesorah sing muluk-muluk ing dalan-dalan.

3Glagah sing pepes bakal ora ditugel, lampu sing melik-melik bakal ora dipatèni; malah bakal nekakaké keadilan langgeng kanggo wong kabèh.

4Atiné bakal ora gampang semplah, lan keadilan ing bumi bakal dijejegaké. Para bangsa sing manggon ing pulo-pulo adoh padha nganti-anti piwulangé."

5Gusti Allah nitahaké langit, banjur dipenthèng; bumi digelar lan direngga nganggo tetuwuhan. Panjenengané iya paring urip lan ambekan marang sakèhé manungsa. Allah ngandika mengkéné marang Abdiné,

6"Aku, Pangéran Kang Mahakwasa nimbali kowé. Kowé Dakparingi pangwasa nekakaké keadilan ana ing bumi. Lantaran kowé Aku bakal gawé prejanjian karo umat kabèh, lan nekakaké pepadhang marang para bangsa.

7Kowé bakal ngelèkaké mripaté wong wuta lan ngluwari wong ukuman saka pakunjaran.

8Aku, ya mung Aku dhéwé jumeneng Pangéran Allahmu, Aku ora maringaké kaurmatan-Ku marang sapa waé, utawa maringaké kamulyan-Ku marang reca gawéané manungsa.

9Prekara-prekara sing biyèn Dakdhawuhaké saiki kelakon. Saiki kowé Daktedahi prekara-prekara anyar, sadurungé prekara-prekara mau kelakon."

10Padha mujia marang Allah nganggo kidung anyar; hé jagad saisiné, pujinen asmané! Panjenengané pujinen, hé sakèhé wong sing lelayaran ing samodra. Pujinen Panjenengané, hé sakèhé tumitah sing ana ing segara! Hé tanah-tanah sing adoh, lan sakèhé wong sing padha manggon ing kana, padha memujia!

11Ara-ara samun lan kutha-kutha padha memujia marang Allah! Umat ing Kédar memujia Pangéran! Wong sing padha manggon ing Séla padha memujia kanthi sora saka pucaké gunung-gunung!

12Wong-wong sing padha manggon ing tanah-tanah adoh padha memujia kaluhurané Allah!

13Pangéran miyos kaya perwira sing mangkat perang; Panjenengané samekta lan trengginas maju perang. Kanthi swara sora ngabani lan nggugah semangaté para prejurit. Para mungsuhé ditedahi kasektèn lan pangwasané.

14Pangandikané Allah mengkéné, "Wis kepara suwé Aku meneng waé; Aku ora mangsuli apa-apa marang umat-Ku. Nanging saiki wis tekan wektuné Aku njerit kaya wong wadon sing nglarani.

15Aku bakal nggempur punthuk-punthuk lan gunung-gunung, nggaringaké sakèhé suket lan wit-witan. Kali-kali lan ledhokan bakal Dakdadèkaké tanah cengkar; tlaga-tlaga bakal Dakdadèkaké asat.

16Umat-Ku sing wuta bakal Daktuntun metu dalan sing durung tau diambah. Pepetengé bakal Dakdadèkaké pepadhang, lan tanah sing mendhak-mendhukul bakal dadi rata ana ing ngarepé. Mengkono janji-Ku sing bakal Daktindakaké kanthi sempurna.

17Akèh wong sing precaya karo reca-reca, lan dianggep Allah, bakal padha kwirangan lan dikalahaké."

18Pangandikané Allah mengkéné, "Padha ngrungokna, hé para wong budheg! Padha nyedhaka lan namatna, hé wong wuta!

19Apa ana sing luwih picak tinimbang abdi-Ku, luwih budheg tinimbang utusan-Ku?

20Israèl, akèh sing kokdeleng, nanging apa gunané kanggo kowé? Kowé duwé kuping kanggo ngrungokaké, nanging apa sejatiné sing kokrungu?"

21Gusti Allah kumudu-kudu paring pitulungan, mulané paring dhawuh lan piwulang kang mulya. Lan kersané supaya umaté ngurmati Panjenengané.

22Nanging umaté wis dijarah-rayah; padha kabanda lan dikunjara ana ing panggonan sing ndhelik. Padha dijarah-rayah tanpa ana sing teka mitulungi.

23Sapa ing antaramu sing gelem ngrasak-ngrasakaké pepéling kuwi? Sapa sing wiwit saiki gelem ngrungokaké lan nggatèkaké?

24Sapa sing ngulungaké bangsa Israèl ing tangané wong sing njarah-rayah? Sing ngulungaké kuwi Allah piyambak, merga saka dosané umat Israèl marang Panjenengané. Merga kita padha ora nglakoni sing dadi kersané, urip kita ora manut dhawuh-dhawuh lan piwulangé.

25Mulané kita ketiban paukumané lan kudu padha ngrasakaké kasangsarané perang. Mulading paukumané presasat ngobong rata satanah kabèh, éwasemono kita padha ora ngerti apa tegesé kedadéan kuwi mau kabèh; kita padha ora nitèni lan ora olèh kawruh apa-apa.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 42 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel