Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 5 >> 

1Rungokna, aku arep ngidung, ngidungaké kebon angguré mitraku. Mitraku duwé kebon anggur ana ing pèrènging gunung sing lemahé loh.

2Lemahé dipaculi, watu-watuné disingkiraké, banjur ditanduri bibit anggur sing becik, lan digawèkaké menara penjagan. Wong mau iya gawé jugangan kanggo mipit angguré; sawisé mengkono banjur ngentèni nganti wohé anggur mateng, jebul angguré kecut kabèh.

3Mitraku banjur kandha, "Saiki kowé wong sing padha manggon ing Yérusalèm lan Yéhuda kabèh, padha dakdadèkaké hakim, dakkon mutusi prekara-Ku karo kebon anggur-Ku.

4Kurang apa enggon-Ku ngrumat kebon anggur-Ku? Nanging yagéné wohé kokkecut, ora legi kaya sing Dakkarepaké?

5Saiki beciké kebon anggur mau Dakkapakaké? Mengkéné: Pager kawat sing ngubengi kebon iki arep Dakbubrah, témboké Dakrubuhaké, supaya kéwan galak padha bisa mlebu lan ngidak-idak tandurané.

6Bakal Daktogaké waé, lemahé ora bakal Dakpaculi, lan wité anggur ora Dakresiki, karebèn kebak eri lan rerungkudan. Malah mendhung bakal Dakpenging nibakaké udan ana ing kono."

7Satemené umat Israèl kuwi kebon angguré Allah Kang Mahakwasa, lan wong Yéhuda kuwi anggur sing ditandur ing kono. Gusti Allah ngantos-antos pametuné, yakuwi kabecikan, nanging anané jebul mung pepati. Sing Dianti-anti kabeneran, nanging sing ana mung sambaté wong sing padha njaluk keadilan.

8Cilaka kowé, wong sing nukoni omah-omah lan pakebonan kokenggo nambahi kasugihanmu. Wong liya bakal wis ora kepanduman lemah. Mung kowé dhéwé sing ngenggoni sanegara kabèh.

9Aku krungu Pangéran ngandika mengkéné, "Omah sing gedhé-gedhé lan apik-apik kuwi bakal suwung, ora ana sing ngenggoni.

10Panèné bakal wurung. Kebon anggur sing jembaré sepuluh hèktar bakal mung metokaké banyu anggur sepuluh liter. Winih gandum 100 taker bakal mung metokaké 10 taker."

11Cilaka kowé sing wiwit tangi ésuk tekan bengi gawéané mung ngombé minuman keras nganti mendem.

12Enggonmu pésta nanggap kecapi, gambus, rebab, suling lan suguhan anggur. Nanging kowé ora mreduli karo dhawuhé Allah lan pendamelé marang kowé.

13Mulané kowé bakal digiring dadi tawanan. Para penggedhému lan rakyat bakal padha mati kaliren lan kasatan.

14Bebaya pati mangap amba arep nguntal para penggedhé ing Yérusalèm sarakyaté kabèh, sing senengané mung padha foya-foya.

15Wong kabèh bakal digawé wirang lan wong angkuh bakal diasoraké.

16Nanging Pangéran Kang Mahakwasa bakal ngetingalaké kaluhurané lan nindakaké kabeneran. Panjenengané bakal ngetingalaké kasucèné lan ngadili umat kagungané.

17Ing jejugrugané kutha mau cempé lan wedhus gèmbèl bakal padha nyenggut suket lan ora kekurangan pangan.

18Cilaka kowé, wong sing ora bisa mari olèhé gawé dosa.

19Kandhamu, "Pangéran, Allahé Israèl, bèn waé énggal-énggal nindakaké rancangané, supaya kita ngerti apa kersané."

20Cilaka kowé, merga sing becik kokarani ala, sing ala kokarani becik. Peteng kokarani padhang lan pait kokarani legi.

21Cilaka kowé, merga nganggep awakmu dhéwé pinter lan wicaksana.

22Cilaka kowé, wong sing peng-pengan ngombé anggur. Kowé kendel yèn ngadoni anggur karo minuman keras!

23Nanging kowé ora wani nampik sogokan kanggo ngluwari wong salah, lan wong ora salah kokalang-alangi supaya aja olèh keadilan.

24Kowé nampik dhawuhé Pangéran, Kang Mahakwasa, Allahé Israèl. Mulané kaya déné damèn lan suket garing entèk tapis dimangsa ing geni, kaya mengkono uga oyodmu bakal bosok kabèh, kembangmu dadi garing lan sirna kabur ing angin.

25Gusti Allah duka marang umaté. Astané wis diagagaké kanggo nggebag. Gunung-gunung bakal gonjing, jisim-jisim bakal padha pating blasah ana ing dalan-dalan. Nanging paukumané Allah durung sirep. Astané isih diagagaké.

26Pangéran bakal nimbali bangsa saka tanah adoh. Bangsa mau disingsoti supaya teka saka pojok-pojoké bumi lan temenan bangsa mau teka, rikat, gelis banget.

27Bangsa mau trampil ing perang lan ora tau kesel nglurug perang terus-terusan.

28Panahé landhep lan gendhéwané wis dipenthang. Tracaké jarané presasat watu item, lan krétané rikaté kaya lésus.

29Prejurité padha nggero kaya singa sing nubruk pangané, banjur disèrèd, ora ana sing bisa ngrebut lan nguwalaké.

30Ing dina kuwi gemuruhing perang bakal keprungu ing satanah Israèl kabèh kaya jumeguring segara. Delengen, sanegara wis peteng kabèh, ing endi-endi ana karusakan. Pepadhang wis malih dadi peteng ndhedhet.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel