Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 56 >> 

1Pangandikané Allah marang umaté, "Padha nglakonana sarupaning prekara adhedhasar kabeneran lan keadilan, sebab sedhéla engkas Aku bakal ngluwari kowé.

2Aku bakal mberkahi wong sing selawasé netepi, ora nglirwakaké dina Sabbat. Aku bakal mberkahi wong sing ora nindakaké piala."

3Wong manca sing wis nunggal karo umaté Allah aja nganti padha muni, "Gusti Allah ora marengaké aku ngabekti bebarengan karo kowé." Wong kebirèn aja nganti duwé penganggep yèn merga saka enggoné ora duwé anak, ora kena dadi umaté Allah.

4Pangandikané Gusti Allah marang wong sing kaya mengkono mau mengkéné, "Menawa kowé ngurmati asma-Ku srana netepi dina Sabbat, lan menawa kowé nglakoni pegawéan sing gawé renaning penggalih-Ku, sarta kalawan setya ngugemi janji-Ku,

5jenengmu bakal kacathet ana ing Pedaleman-Ku lan ana ing antarané umat-Ku. Iku luwih becik ketimbang duwé anak lanang utawa wadon. Jenengmu sing bakal lestari diéling-éling, ngungkuli wong sing duwé anak-putu."

6Lan Pangéran bakal ngandika mengkéné marang para wong manca sing dadi umaté, sing nresnani lan ngladosi Panjenengané, sarta sing netepi Sabbaté, karomenèh setya karo prejanjiné,

7"Kowé bakal Dakirid menyang Sion, gunung-Ku sing suci, lan Dakparingi kabungahan ana ing Pedaleman-Ku. Kurban obongan lan kurban sembelèhanmu bakal padha ketrima ana ing mesbèh-Ku. Pedaleman-Ku bakal kasebut omah pamujan kanggo para umat kabèh."

8Pangandikané Allah Kang Mahakwasa sing ngirid umaté Israèl bali saka pembuwangan, "Aku wis janji bakal nambahi wong akèh menèh marang umat Israèl sing wis diklumpukaké."

9Pangéran ngandika marang bangsa-bangsa manca supaya padha teka kaya kéwan alasan, lan mangsa umaté Allah.

10Dhawuhé, "Para pengarep sing kuduné ngélingaké umat-Ku padha picak! Padha ora ngerti apa-apa. Padha kaya asu jaga sing ora njegog, mung padha turu lan ngimpi. Pancèn padha seneng turu!

11Padha kaya asu nggragas sing ora wareg-wareg. Wong kaya mengkono kokdadi pangon. Padha ora nitèni. Saben wong tumindak sasenengé dhéwé lan mburu énaké dhéwé-dhéwé.

12Ujaré mengkéné, ‘Ayo padha ngombé anggur sakatogé! Sésuk ya mengkéné menèh, malah ngluwihi dina iki.’"


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 56 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel