Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 64 >> 

1Kénging menapa Paduka mboten nyuwèk langit, lajeng tedhak, ngantos gunung-gunung badhé oreg margi saking ajrihipun?

2Sedaya mesthi badhé sami gemeter kados toya umob margi saking bentèring latu. Paduka mugi rawuh saha ngetingalaken pangwaos Paduka dhateng para mengsah Paduka, ngantos para bangsa badhé sami gemeter wonten ing ngarsa Paduka.

3Naté Paduka tumedhak, lajeng nindakaken kaélokan ingkang nggegirisi, ingkang mboten sami kawula nyana. Redi-redi nalika sami sumerep lajeng sami oreg saking ajrihipun.

4Dèrèng naté wonten tiyang sumerep utawi mireng wonten Allah kados Paduka, ingkang nindakaken kaélokan-kaélokan kanggé tiyang ingkang pitados dhateng Paduka.

5Paduka manggihi tiyang-tiyang ingkang sami temen-temen nglampahi kaleresan, inggih menika tiyang-tiyang ingkang sami kepéngin gesang kados ingkang Paduka kersakaken. Paduka duka dhateng kawula, éwasemanten kawula sami nglajengaken enggèn kawula sami damel dosa. Senajan Paduka sampun duka, éwasemanten kawula sami tetep nglampahi piawon wiwit jaman kina mila.

6Kawula sedaya sami tiyang najis saha sakathahing kamursidan kawula menika kados sinjang ingkang kénging sesuker rah. Margi saking dosa-dosa kawula, kawula sami kados klaras garing, ingkang kabur ing angin.

7Mboten wonten tiyang ingkang ngunjukaken pandonga dhateng Paduka. Mboten wonten tiyang ingkang sowan dhateng Paduka nyuwun pitulungan. Paduka ngaling-alingi wedana Paduka tumrap kawula. Kawula sami Paduka tilar margi saking dosa-dosa kawula.

8Nanging Paduka menika Rama kawula. Kawula sedaya menika lempung lan Paduka ingkang dados kundhinipun. Paduka ingkang nitahaken kawula,

9pramila sampun ngantos ngukum kawula sanget-sanget, sarta sampun ngantos ngèngeti kalepatan kawula ngantos ing selaminipun. Kawula rak umat Paduka, pramila mugi Paduka welasi.

10Kitha-kitha Paduka ingkang suci dados ara-ara samun. Yérusalèm sampun dados ludhesan ingkang suwung,

11sarta Pedalemanipun Allah, ingkang éndah, panggènanipun para leluhur sami memuji Paduka, sampun sirna kabesmi. Sedaya panggènan ingkang sami kawula aosi sampun dados gempuran.

12Dhuh Pangéran, menapa Paduka téga mirsani menika sedaya? Menapa Paduka badhé kèndel kémawon, sarta négakaken kawula sami nandhang sangsara, nglangkungi kekiyatan kawula?


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 64 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel