Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 10 >> 

1"Kowé Dakkandhani sing sanyatané: Wong sing mlebu ing kandhang wedhus ora metu lawang, nanging mlumpat pager, kuwi maling lan rampog.

2Nanging sing sapa mlebuné kandhang metu lawang, wong kuwi pangoné.

3Sing jaga kandhang bakal ngengakaké lawangé. Wedhus-wedhus iya nitèni swarané samangsa pangon mau ngundangi wedhusé manut jenengé dhéwé-dhéwé lan digiring metu.

4Sawisé wedhus-wedhus mau metu, pangon kuwi nuli mlaku ana ing ngarep, lan wedhus-wedhusé ana ing mburiné, sebab padha wanuh karo swarané pangoné.

5Wedhus-wedhus mau ora bakal gelem mèlu wong liya, malah bakal padha ngadoh saka wong mau, sebab wedhus-wedhus kuwi ora wanuh marang swarané."

6Wong-wong sing padha ngrungokaké piwulangé Gusti Yésus mau padha ora ngerti apa sing dikersakaké.

7Gusti Yésus nuli ngandika menèh: "Ngertia, yèn Aku iki lawang dalané wedhus-wedhus kuwi.

8Sakèhing wong sing tekané sadurungé Aku, kuwi maling lan rampog, mulané wedhus-wedhus ora padha ngrungokaké swarané wong mau.

9Aku iki lawangé. Wong sing ngliwati Aku, bakal slamet; wong kuwi mlebu metu olèh pangan.

10Yèn maling tekané mung arep nyolong, arep matèni lan ngrusak. Nanging teka-Ku iki supaya sepira sing nilingaké swara-Ku padha urip sajroning kalubèran.

11Aku iki Pangon sing utama. Pangon sing utama kuwi lila mati mbélani wedhus-wedhusé.

12Nanging buruh opahan kuwi dudu pangon, lan dudu sing duwé wedhus-wedhus mau. Yèn buruh sing mengkono mau weruh asu ajag teka, nuli bakal mlayu, wedhus-wedhusé ditinggal, nganti wedhus-wedhus mau ditubruk déning asu ajag mau lan dibuyaraké.

13Buruh mau mlayu, sebab wong kuwi enggoné nyambut-gawé mung mburu opah lan ora mreduli karo wedhus-wedhusé.

14(10:14-15) Aku iki Pangon sing utama. Kaya déné Sang Rama wanuh karo Aku, lan Aku wanuh karo Sang Rama, kaya mengkono uga Aku wanuh karo wedhus-wedhus-Ku, lan wedhus-wedhus-Ku wanuh karo Aku. Aku lila mati nglabuhi wedhus-Ku.

15(10:14)

16Aku uga duwé wedhus-wedhus liyané menèh, sing ora ana ing kandhang kéné. Wedhus-wedhus kuwi uga kudu Dakengon lan bakal padha ngrungokaké swara-Ku; kabèh bakal dadi sapantha lan tunggal pangon.

17Sang Rama ngasihi Aku, sebab Aku lila ngurbanaké nyawa-Ku, supaya Aku bisa nampa nyawa-Ku menèh.

18Ora ana wong sing bisa ngrebut nyawa-Ku. Aku rila ngurbanaké nyawa-Ku. Aku wenang ngurbanaké nyawa-Ku, lan uga wenang nampa nyawa-Ku menèh. Lan ya kuwi sing dikersakaké Sang Rama, supaya Daklakoni."

19Merga pangandikané Gusti Yésus sing mengkono mau, wong Yahudi nuli padha padu dhéwé.

20Akèh sing kandha: "Wong kuwi kesurupan sétan! Wong kuwi édan! Apa gunané ngrungokaké tembungé wong kaya mengkono!"

21Nanging iya ana wong sing muni: "Mokal, yèn wong kesurupan sétan bisa mulang kaya mengkono! Sétan rak ora bisa marasaké wong wuta?"

22Wong Yahudi padha ngriayakaké dina adeging Pedalemané Allah, ing kutha Yérusalèm. Nalika semana mbeneri mangsa bedhidhing.

23Gusti Yésus lagi tindak-tindak ana ing Bangsal Suléman, ing Pedalemané Allah.

24Para penggedhéné wong Yahudi nuli padha marani Gusti Yésus lan ngrubung Panjenengané. Nuli padha matur: "Ngantos pinten laminipun enggèn Panjenengan damel mangu-manguning manah kula? Kula aturi ngandika kalayan blaka, menapa Panjenengan menika Sang Kristus?"

25Pangandikané Gusti Yésus: "Kowé wis padha Dakkandhani, nanging kowé padha ora precaya. Sarupaning penggawé sing Daklakoni atas Asmané Sang Rama, kuwi kabèh neksèni mungguh ing Aku.

26Kowé padha ora precaya, jalaran kowé dudu wedhus-Ku.

27Wedhus-wedhus-Ku padha nitèni swara-Ku. Aku wanuh karo wedhus-wedhus-Ku lan wedhus-wedhus-Ku padha ngetutaké Aku.

28Wedhus-wedhus kuwi padha Dakwènèhi urip sejati, temahan ora ana sing bakal mati, lan ora ana wong sing bisa ngrebut wedhus-wedhus mau saka ing tangan-Ku.

29Sang Rama sing maringaké wedhus-wedhus kuwi marang Aku, kuwi ngungkuli sekabèhé. Lan ora ana wong siji waé sing bisa ngrebut wedhus-wedhus mau saka astané Rama-Ku.

30Sang Rama lan Aku kuwi siji."

31Para penggedhéné wong Yahudi mau nuli padha njupuk watu, arep kanggo mbenturi Gusti Yésus.

32Nanging Panjenengané malah ngandika marang wong-wong mau: "Kowé wis padha ndeleng enggon-Ku nindakaké penggawé becik, sing didhawuhaké Sang Rama marang Aku, supaya Daklakoni. Lah saiki, apa ana ing antarané penggawé-Ku mau sing njalari kowé arep mbenturi watu Aku?"

33Para penggedhé mau nuli mangsuli: "Kula sami badhé mbenturi Panjenengan mboten margi pendamel-pendamel saé Panjenengan, nanging margi Panjenengan nyenyamah Gusti Allah! Panjenengan menika rak namung manungsa, kénging menapa Panjenengan ngaken yèn Panjenengan menika Allah?"

34Gusti Yésus gentos ngandika: "Apa ing Kitab Torèt ora ana tulisan mengkéné: Allah ngandika: ‘Kowé kuwi allah?’

35Lan kita kabèh padha ngakoni yèn apa sing katulis ana ing Kitab Suci kuwi ora kena dibatalaké. Lah, yèn wong-wong sing padha nampa pangandika mau disebut déning Gusti Allah piyambak ‘allah’,

36apa sebabé kowé padha ngarani Aku nyewiyah marang Allah, merga Aku muni yèn Aku iki Putrané Allah? Mangka Aku iki sing wis dipilih déning Sang Rama piyambak, lan diutus menyang jagad.

37Yèn Aku ora nindakaké kersané Sang Rama, kowé kena ora precaya marang Aku.

38Nanging yèn Aku nindakaké kersané Sang Rama, senajan ta kowé ora precaya marang Aku, wis samesthiné kowé saora-orané precaya marang apa sing Daktindakaké, supaya kowé weruh lan ngerti yèn Sang Rama lan Aku iki siji, kaya déné Aku karo Sang Rama kuwi siji."

39Ing kono wong Yahudi mau padha ngarah nyekel Gusti Yésus menèh, nanging Panjenengané jengkar saka tengahé wong-wong mau.

40Gusti Yésus nuli kondur menèh menyang sabrangé Kali Yardèn, ing panggonané Yohanes Pembaptis biyèn mbaptisi wong-wong. Gusti Yésus nuli manggèn ana ing kono.

41Akèh wong sing padha teka mrono. Wong-wong mau padha kandha mengkéné: "Nabi Yohanes Pembaptis ora nindakaké kaélokan-kaélokan, nanging apa sing dingandikakaké déning Nabi Yohanes bab Wong iki, kabèh cocog."

42Banjur akèh wong sing padha precaya marang Gusti Yésus.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yohanes 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel