Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 11 >> 

1Ana wong lara, jenengé Lasarus. Omahé ana ing désa Bètani. Yakuwi désa Bètani panggonané Maryam lan Marta.

2(Maryam kuwi wong wadon sing ngesokaké lenga wangi ing sampéyané Gusti Yésus lan ngusapi nganggo rambuté. Déné Lasarus sing lara mau seduluré.)

3Maryam lan Marta padha ngaturi pirsa marang Gusti Yésus: "Guru, Lasarus, mitra Panjenengan ingkang Panjenengan tresnani samenika sakit."

4Nalika Gusti Yésus mireng pawarta mau, Panjenengané ngandika: "Larané Lasarus ora bakal njalari patiné, nanging supaya dadi lantarané Asmané Allah kaluhuraké, lan srana mengkono Putrané Allah uga kaluhuraké."

5Gusti Yésus pancèn tresna marang Marta lan mbakyuné, tuwin Lasarus, seduluré.

6Éwasemono nalika Gusti Yésus mireng bab larané Lasarus mau, Panjenengané malah nginep rong dina menèh ana ing panggonan kono.

7Lagi sawisé kuwi Gusti Yésus ngandika marang para sekabaté: "Ayo, kita padha bali menyang tanah Yudéa."

8Para sekabat nuli padha matur: "Guru, nembé kémawon tiyang-tiyang Yahudi badhé mbenturi séla Panjenengan, lha koksamenika Panjenengan sampun ngajak tindak mrika malih?"

9Pangandikané Gusti Yésus: "Sedina kuwi apa ora rolas jam? Yèn mlaku ing wayah awan, wong ora kesandhung, merga padhang.

10Nanging yèn wong mau mlaku ing wayah bengi, bakal kesandhung, merga peteng."

11Sawisé kuwi Gusti Yésus nyambeti, pangandikané: "Mitra kita Lasarus lagi turu, mulané arep Dakgugah."

12Aturé para sekabaté: "Guru, menawi Lasarus namung tilem, temtunipun mangké badhé saras."

13Mangka sing dikersakaké Gusti Yésus kuwi satemené Lasarus wis mati. Saka pengirané para sekabat, Gusti ngandika yèn Lasarus turu temenan.

14Mulané Gusti Yésus nuli mblakakaké yèn satemené, "Lasarus wis mati.

15Aku bungah déné Aku ora mbeneri ana ing kana. Kuwi ana beciké tumrap kowé kabèh, supaya kowé padha precaya. Ayo kita padha mangkat menyang omahé Lasarus."

16Tomas, sing diparabi "Didimus" (tegesé wong kembar), kandha marang kanca-kancané para sekabat: "Ayo kita padha ndhèrèk Guru, karebèn kita mati bareng karo Panjenengané."

17Nalika tindaké Gusti Yésus tekan désa Bètani, Lasarus wis dikubur patang dina kepungkur.

18Bètani kuwi saka kutha Yérusalèm adoh-adohé mung telung kilomèter.

19Wong Yahudi wis akèh sing padha layat mrono, prelu nglipur Maryam lan Marta, sing kepatèn Lasarus, seduluré.

20Bareng Marta krungu yèn Gusti Yésus rawuh, banjur metu mbagèkaké, nanging Maryam kèri ana njero omah.

21Marta banjur matur marang Gusti Yésus: "Guru, saupami Panjenengan wonten ing ngriki, temtu Lasarus sedhèrèk kula, mboten badhé pejah.

22Éwasemanten kula pitados, bilih samenika ugi Gusti Allah badhé njurungi menapa ingkang Panjenengan suwun."

23Pangandikané Gusti Yésus marang Marta: "Sedulurmu bakal urip menèh."

24Wangsulané Marta: "Kula pitados, bilih Lasarus badhé gesang malih ing Dinten Kiamat, samangsa tiyang-tiyang pejah katangèkaken."

25Pangandikané Gusti Yésus marang Marta: "Sing nangèkaké wong mati kuwi Aku, lan sing mènèhi urip marang manungsa kuwi Aku. Wong sing precaya marang Aku, senajan wong mau wis mati, bakal urip menèh.

26Lan wong sing isih urip, sing precaya marang Aku, ora bakal mati ing selawasé. Apa kowé precaya bab kuwi?"

27Wangsulané Marta: "Guru, kula pitados bilih Panjenengan menika Putraning Allah, Sang Kristus, ingkang kautus rawuh ing donya."

28Sawisé matur mengkono, Marta nuli ngundang Maryam, mbakyuné, sarta dibisiki: "Guru wis rawuh lan nakokaké kowé."

29Bareng krungu mengkono, Maryam nuli énggal-énggal ngadeg lan methukaké Gusti Yésus.

30(Nalika semana Gusti Yésus durung mlebet ing désa Bètani, nanging isih ana ing panggonan nalika ketemu karo Marta.)

31Bareng wong-wong Yahudi sing lagi padha linggih ana ing omah nglipur Maryam, weruh Maryam ngadeg lan metu rerikatan, nuli padha ngetutaké, sebab dikira arep lunga menyang kubur lan nangis ana ing kono.

32Bareng Maryam tekan panggonané Gusti Yésus lan weruh Panjenengané, banjur jèngkèng ana ngarsané sarta matur: "Guru, saupami Panjenengan wonten ing ngriki, sedhèrèk kula mesthi mboten pejah!"

33Bareng pirsa Maryam nangis, lan wong-wong Yahudi sing padha ngetutaké iya padha nangis, Gusti Yésus penggalihé trenyuh banget.

34Panjenengané nuli ndangu: "Dikubur ana ing endi?" Wangsulané sing padha didangu: "Mangga Gusti, menawi badhé pirsa."

35Gusti Yésus nuli muwun.

36Temah wong-wong Yahudi padha muni: "Semono tresnané marang Lasarus."

37Nanging ana uga sing muni: "Panjenengané wis ngelèkaké mripaté wong wuta, yagéné ora bisa nyegah patiné Lasarus?"

38Gusti Yésus tindak menyang kuburan karo trenyuh penggalihé. Kubur mau wujudé kaya guwa, sing ditutupi watu gedhé.

39Gusti Yésus dhawuh: "Watuné singkirna." Marta, seduluré sing mati mau, nuli matur: "Guru, piyambakipun sampun dipun kubur kawan dinten kepengker. Temtu sampun mambet."

40Pangandikané Gusti Yésus: "Aku rak wis kandha: ‘Yèn kowé precaya, kowé bakal weruh gedhéning pangwasané Allah!’"

41Watu sing nutupi kubur mau nuli padha disingkiraké. Gusti Yésus banjur tumenga ing langit lan ndedonga: "Kawula ngaturaken panuwun dhateng Paduka, dhuh Rama, margi Paduka sampun miyarsakaken panyuwun Kawula.

42Kawula sumerep, bilih Paduka tansah miyarsakaken panyuwun Kawula. Éwadéné enggèn Kawula matur menika, karana tiyang-tiyang ingkang sami wonten ing ngriki, supados sami pitados, bilih Kawula menika utusan Paduka!"

43Sawisé matur mengkono, Gusti Yésus nuli ngandika klawan sora: "Lasarus, metua!"

44Lasarus sing wis mati kuwi banjur metu. Tangan lan sikilé isih pocongan mori putih, semono uga rainé isih ketutupan kain kringet (kacu). Dhawuhé Gusti Yésus marang wong-wong sing ana ing kono: "Moriné uculana, karebèn bisa uwal!"

45Bareng ndeleng lelakon mau, wong-wong Yahudi sing padha layat, banjur padha precaya marang Gusti Yésus.

46Nanging ing antarané wong-wong mau uga ana sing banjur marani wong-wong Farisi lan nglapuraké tumindaké Gusti Yésus.

47Mulané wong-wong Farisi lan para pengareping imam nuli padha nganakaké parepatan karo Mahkamah Agama. Wong-wong mau padha muni mengkéné: "Saiki apa sing kudu kita tindakaké? Wong kuwi wis gawé mujijat semono kèhé!

48Yèn dijaraké mengkono terus, wong kabèh bakal padha precaya marang dhèwèké kuwi. Pungkasané Pemeréntah Rum bakal nggempur Pedalemané Allah lan bangsa Yahudi kabèh."

49Ing antarané wong-wong mau, sing jenengé Kayafas, ing taun kuwi dadi Imam Agung. Kayafas mau muni: "Kowé padha ora ngerti.

50Apa kowé iya padha ora sumurup yèn kanggo keslametané rakyat kabèh, luwih becik yèn wong siji sing mati, ketimbang wong sabangsa mati kabèh?"

51Satemené Kayafas enggoné muni mengkono mau ora saka karepé dhéwé; nanging sarèhné jumeneng Imam Agung ing taun kuwi, meca enggoné Gusti Yésus bakal séda kanggo bangsa Yahudi kabèh.

52Malah ora mung kanggo bangsa Yahudi waé, nanging kanggo para putrané Allah kabèh, sing sumebar ing ngendi-endi, supaya kakumpulaké dadi siji.

53Wiwit ing dina kuwi para penggedhéné bangsa Yahudi padha sekongkelan arep nyédani Gusti Yésus.

54Mulané Gusti Yésus ana ing tanah Yudéa kono ora ngétok ing ngarepé wong akèh. Panjenengané nuli tindak saka tanah Yudéa menyang kutha, sing aran Éfraim, cedhak karo ara-ara samun. Panjenengané manggèn ana ing kono karo para sekabaté.

55Nalika semana wis mèh Riaya Paskahé wong Yahudi. Akèh wong saka désa-désa padha menyang kutha Yérusalèm, arep nindakaké prenatan sesuci.

56Nalika wong-wong kabèh mau ana ing Pedalemané Allah, nuli padha nggolèki Gusti Yésus, lan padha takon-tinakon: "Saka pengiramu kepriyé? Wong kuwi mesthi ora bakal nekani riaya iki!"

57Para pengareping imam lan para wong Farisi wis padha andum préntah, yèn sapa waé sing weruh panggonané Gusti Yésus, kudu lapur, supaya kena dicekel.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yohanes 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel