Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 16 >> 

1"Iki kabèh Dakkandhakaké marang kowé, supaya kowé mbésuk ora gela lan banjur nampik Aku.

2Wong-wong bakal nyébrataké kowé saka ing papan pangibadah. Bakal ana mangsané wong sing matèni kowé, lan srana penggawéné kang mengkono kuwi, rumangsa caos pangabekti marang Gusti Allah.

3Enggoné padha tumindak mengkono mau merga ora wanuh karo Sang Rama lan uga ora wanuh karo Aku.

4(16-4a) Nanging saiki kowé wis padha Dakkandhani, supaya yèn wong-wong nindakaké panganiaya marang kowé, kowé padha kèlingan, yèn sadurungé kuwi Aku wis ngandhani kowé." (16-4b) "Prekara iki ora Dakkandhakaké marang kowé saka wiwitan mula, merga Aku isih awor karo kowé.

5Nanging saiki Aku bakal sowan menyang ngarsané Panjenengané sing ngutus Aku. Éwasemono ing antaramu ora ana sing takon, ‘Guru badhé tindak dhateng pundi?’

6Bareng wis Dakkandhani prekara kuwi, saiki atimu malah dadi sedhih.

7Aku kandha satemené karo kowé: Tumrapé kowé, luwih becik yèn Aku lunga; sebab yèn ora, Sang Juru Tetulung kuwi ora bakal ngrawuhi kowé. Nanging yèn Aku lunga, Aku bakal ngutus Panjenengané.

8Déné yèn rawuh, Panjenengané bakal ngélingaké marang jagad, yèn kawruhé jagad bab dosa kuwi salah. Semono uga kawruhé bab kersané Allah lan bab paukumané kuwi salah kabèh.

9Penemuné bab dosa kuwi salah, merga wong-wong mau padha ora precaya marang Aku.

10Penemuné jagad bab kersané Allah, kuwi uga salah, merga Aku lunga menyang ngarsané Rama-Ku, lan kowé ora bakal ndeleng Aku menèh.

11Semono uga penemuné bab paukumané Allah, uga salah, sebab pangwasané jagad (Iblis) kuwi wis diadili!

12Isih akèh prekara sing arep Dakkandhakaké marang kowé, nanging saiki kowé durung bisa nyandhak.

13Nanging menawa Sang Roh Suci mau wis rawuh, yakuwi Roh sing maringi weruh bab kersané Allah, Panjenengané bakal nuntun kowé supaya ngerti sakabèhing prekara sing dikersakaké déning Gusti Allah. Sang Roh Suci mau ora bakal ngandikakaké apa-apa manut kersané dhéwé, nanging mung ngandikakaké apa sing diparingaké déning Sang Rama, lan ngandhani kowé prekara-prekara sing mbésuk bakal kelakon.

14Panjenengané bakal ngluhuraké Aku, sebab Panjenengané bakal nampa saka Aku, samubarang sing arep didhawuhaké marang kowé.

15Samubarang sing ana ing Sang Rama kuwi duwèk-Ku. Kuwi sebabé Aku kandha, yèn Sang Roh Suci bakal mundhut saka Aku, lan apa sing ditampa saka Aku, kuwi sing diparingaké marang kowé."

16"Kurang sedhéla menèh, kowé bakal ora ndeleng Aku, nanging ora suwé sawisé kuwi, kowé bakal ndeleng Aku menèh."

17Para sekabaté Gusti Yésus padha takon-tinakon: "Apa sing dikersakaké? Panjenengané ngandika: ‘Sedhéla menèh kowé bakal ora ndeleng Aku.’ Karo menèh pangandikané: ‘Sebab Aku sowan menyang ngarsané Rama-Ku.’

18Lan apa tegesé pangandikané: ‘Sedhéla menèh’? Aku padha ora ngerti apa sing dingandikakaké kuwi."

19Gusti Yésus pirsa yèn para sekabat arep padha nyuwun pirsa marang Panjenengané. Mulané banjur ngandika: "Aku kandha: ‘Sedhéla menèh kowé bakal padha ora weruh Aku, lan sawisé kuwi ora suwé kowé bakal weruh Aku menèh.’ Apa prekara kuwi sing lagi kokrembug?

20Kowé padha Dakkandhani ing satemené: kowé bakal padha nangis lan sesambat, nanging jagad bakal bungah. Kowé bakal padha sedhih, nanging kasusahanmu bakal malih dadi kabungahan.

21Yèn wong wadon nglarani arep nglairaké anak, wong mau atiné susah. Nanging samangsa bayiné wis lair, wong wadon mau bakal lali marang larané lan bakal bungah, sebab bayiné wis lair ing donya.

22Semono uga tumraping kowé, saiki atimu susah, nanging Aku bakal nemoni kowé menèh, atimu bakal bungah, lan ora ana wong siji waé, sing bisa ngrebut kabungahan kuwi saka ing atimu.

23Yèn wis tekan semono, kowé bakal ora padha takon apa-apa menèh marang Aku. Ngandela: apa sing koksuwun marang Sang Rama atas jeneng-Ku, kuwi bakal diparingaké déning Sang Rama.

24Tekan sepréné kowé durung tau nyuwun apa-apa atas saka jeneng-Ku. Tansah nyenyuwuna, kowé mesthi bakal kaparingan, supaya kowé bisa bungah temenan."

25"Kabèh sing Dakkandhakaké marang kowé iki awujud pasemon. Nanging bakal ana mangsané Aku ora migunakaké pasemon menèh. Aku bakal ngandhakaké marang kowé bab Sang Rama, apa sanyatané.

26Ing wektu kuwi kowé bakal padha nyuwun marang Sang Rama atas jeneng-Ku, lan Aku ora kandha yèn Aku bakal nyuwunaké kowé marang Sang Rama.

27Sebab Sang Rama piyambak nresnani kowé. Enggoné Sang Rama nresnani kowé, merga kowé nresnani Aku, lan kowé precaya yèn Aku diutus déning Sang Rama.

28Teka-Ku pancèn saka Sang Rama, lan Aku wis teka ana ing jagad. Nanging saiki Aku bakal lunga saka jagad iki lan sowan menyang ngarsané Sang Rama."

29Para sekabat nuli padha matur marang Gusti Yésus: "Panjenengan ngandika sawontenipun, tanpa pasemon.

30Samenika kula sami mangertos, bilih Panjenengan pirsa samukawis, lan sinten kémawon mboten prelu nyuwun pirsa menapa-menapa dhateng Panjenengan. Awit saking menika kula sami pitados bilih Panjenengan menika pinangkanipun saking Gusti Allah."

31Gusti Yésus ndangu marang para sekabat: "Apa saiki kowé padha precaya?

32Élinga, bakal tekan wektuné, malah ya wis mangsané, kowé padha dibuyaraké. Kowé kabèh bakal padha bali menyang omahmu dhéwé-dhéwé lan ninggal Aku ijèn. Nanging Aku ora ijèn, sebab Sang Rama nunggil karo Aku.

33Iki mau kabèh Dakkandhakaké marang kowé, supaya atimu tentrem, merga kowé padha nunggal karo Aku. Jagad bakal gawé sengsaramu, nanging padha ditatag atimu, awit Aku wis ngalahaké jagad iki."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yohanes 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel