Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 17 >> 

1Sawisé ngandikakaké kuwi mau kabèh, Gusti Yésus nuli tumenga ing langit lan matur: "Dhuh Rama, samenika sampun dumugi wekdalipun. Mugi kersa ngluhuraken Sang Putra, supados Sang Putra saged ngluhuraken Sang Rama.

2Paduka sampun maringaken dhateng Kawula pangwasa ing ngatasipun sedaya manungsa, supados Kawula nyukani gesang sejatos dhateng sedaya tiyang ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula.

3Gesang sejatos inggih menika, menawi tiyang wanuh dhateng Paduka, Allah ingkang sejatos, ingkang mboten wonten tunggilipun, sarta tepang kaliyan Yésus Kristus, utusan Paduka.

4Kawula sampun ngluhuraken asma Paduka wonten ing donya menika, sarta Kawula sampun ngrampungaken pedamelan ingkang Paduka bebahaken dhateng Kawula.

5Dhuh Rama, mugi Paduka samenika kersa ngluhuraken Kawula ing ngarsa Paduka. Kawula mugi kaluhuraken kalayan kamulyan, ingkang Kawula gadhahi sesarengan kaliyan Paduka sadèrèngipun jagad katitahaken.

6Kawula sampun ngetingalaken Paduka dhateng tiyang-tiyang ing donya, ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula. Tiyang-tiyang menika kagungan Paduka, lan Paduka sampun maringaken tiyang-tiyang wau dhateng Kawula. Tiyang-tiyang wau sampun pitados dhateng pangandika Paduka,

7lan samenika tiyang-tiyang menika sami sumerep, bilih sedaya ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula menika kagungan Paduka.

8Kawula sampun nyariyosaken dhateng tiyang-tiyang menika pawartos ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula, lan tiyang-tiyang wau inggih sampun sami pitados. Tiyang-tiyang wau mangertos saèstu, bilih asal Kawula menika saking Paduka, lan bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.

9Kawula ndongakaken tiyang-tiyang menika. Kawula mboten ndongakaken jagad. Kawula namung ndedonga kanggé tiyang-tiyang ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula kémawon, sebab tiyang-tiyang menika kagungan Paduka.

10Menapa ingkang dados gadhahan Kawula, menika ugi kagungan Paduka, lan sedaya kagungan Paduka menika inggih gadhahan Kawula, sarta Kawula sampun kaluhuraken lantaran tiyang-tiyang menika.

11Samenika Kawula sowan wonten ing ngarsa Paduka. Kawula badhé mboten wonten ing donya malih, nanging tiyang-tiyang menika taksih wonten ing donya ngriki. Dhuh Rama, ingkang Mahasuci! Tiyang-tiyang peparing Paduka dhateng Kawula menika mugi tetepa wonten ing pangwaos Paduka, inggih menika pangwaos kados ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula, supados tiyang-tiyang wau dados setunggal, kados déné Paduka lan Kawula menika setunggal.

12Nalika tiyang-tiyang menika taksih tetunggilan kaliyan Kawula, sami Kawula reksa, supados sami tetepa wonten ing pangwaos Paduka, inggih pangwaos ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Kawula. Tiyang-tiyang ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula menika sampun Kawula ayomi, lan mboten wonten setunggal kémawon ingkang ical, kejawi tiyang ingkang pancèn sampun tinakdir manggih karisakan, supados kelampahan menapa ingkang sampun kaserat wonten ing Kitab Suci.

13Samenika Kawula sowan wonten ing ngarsa Paduka. Lan Kawula ngaturaken sedaya menika ing salebetipun Kawula taksih wonten ing donya, supados tiyang-tiyang menika saged tumut ngraosaken kabingahan Kawula wonten ing manahipun.

14Piwulang-piwulang saking Paduka sampun Kawula sukakaken dhateng tiyang-tiyang menika, mila piyambakipun dipun sengiti déning jagad, awit sami sanès tiyangipun jagad, kados déné Kawula inggih sanès tiyangipun jagad.

15Kawula mboten nyuwun supados tiyang-tiyang menika Paduka pundhut saking jagad, namung supados Paduka reksa, sampun ngantos piyambakipun dipun kwaosi déning Iblis.

16Kawula sanès tiyangipun jagad, mekaten ugi tiyang-tiyang menika inggih sanès tiyangipun jagad.

17Tiyang-tiyang menika mugi Paduka sengker dados kagungan Paduka piyambak, srana kayektosan Paduka. Pangandika Paduka menika kayektosan.

18Kados déné Paduka sampun ngutus Kawula dhateng ing jagad, kados mekaten ugi Kawula inggih ngutus tiyang-tiyang menika dhateng jagad.

19Lan kanggé kepreluanipun tiyang-tiyang menika, Kawula masrahaken badan Kawula dhateng Paduka, supados tiyang menika inggih saèstu enggènipun nucèkaken badanipun kados déné tiyang-tiyang ingkang sampun Paduka sengker kagem Paduka piyambak.

20Kawula ndedonga mboten namung kanggé tiyang-tiyang menika kémawon, nanging ugi kanggé tiyang-tiyang ingkang pitados dhateng Kawula, merga saking piwulangipun para sekabat menika.

21Panyuwun Kawula, supados sedaya tiyang pitados menika dados setunggal, kados déné Paduka kaliyan Kawula menika setunggal, sarta Kawula kaliyan Paduka ugi setunggal. Mugi sami dadosa setunggal, supados jagad menika pitados, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.

22Tiyang-tiyang menika sampun Kawula sukani kamulyan, ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula, supados srana mekaten tiyang-tiyang wau dados setunggal, kados déné Paduka kaliyan Kawula inggih setunggal.

23Kawula nunggil kaliyan tiyang-tiyang menika, sarta Paduka nunggil kaliyan Kawula, supados sampurnaa enggènipun dados setunggal, temah jagad sumerep, bilih Paduka menika ingkang ngutus Kawula, sarta bilih Paduka nresnani tiyang-tiyang wau, kados déné enggèn Paduka nresnani dhateng Kawula.

24Dhuh Rama! Kawula kepéngin supados tiyang-tiyang menika sesarengan kaliyan Kawula, wonten ing papan ingkang Kawula enggèni, supados sami sumerep dhateng kamulyan Kawula, inggih menika kamulyan ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula, awit Paduka nresnani Kawula, wiwit jagad menika dèrèng katitahaken.

25Dhuh Rama ingkang mahaadil. Jagad menika mboten tepang kaliyan Paduka, nanging Kawula tepang kaliyan Paduka, lan tiyang-tiyang menika mangertos bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.

26Kawula sampun mratélakaken kawontenan Paduka dhateng tiyang-tiyang menika, lan Kawula tansah badhé nindakaken mekaten, supados tiyang-tiyang wau sami saged ngraosaken katresnan Paduka dhateng Kawula lan supados Kawula inggih dados setunggal kaliyan tiyang-tiyang menika."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yohanes 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel