Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 20 >> 

1Ing dina Minggu, nalika isih ésuk umun-umun, dadi isih peteng, Maryam Magdaléna lunga menyang pesaréané Gusti Yésus. Ing kono Maryam Magdaléna weruh watu tutupé guwa pesaréan mau wis sumingkir saka ing panggonané.

2Mula Maryam Magdaléna nuli mlayu nggolèki Simon lan sekabaté Gusti Yésus sing dikasihi, banjur kandha: "Layoné Gusti Yésus wis dijupuk wong, aku ora ngerti ana ing ngendi olèhé nyèlèhaké!"

3Pétrus lan sekabat sing dikasihi Gusti Yésus mau sanalika nuli mangkat menyang pesaréan.

4Wong loro mau padha mlayu, nanging sekabat sing sijiné playuné luwih rikat ketimbang karo Pétrus. Mulané tekané ing pesaréan luwih dhisik.

5Bareng nginguk ing njero pesaréan, sakabat mau weruh kain mori ana ing kono, nanging dhèwèké ora terus mlebu.

6Simon Pétrus sing tekané kèri, terus mlebu ing pesaréan. Pétrus weruh kainé mori sumèlèh ana ing kono,

7nanging kacu sing ditalèkaké ana ing mestakané Gusti Yésus ora ana ing kono. Kacu kuwi wis lempitan sumèlèh pisah karo kain mori mau.

8Sekabat sing teka dhisik mau uga banjur mlebu ing pesaréan. Weruh kuwi mau kabèh, temahan precaya.

9(Nganti wektu kuwi para sekabat durung padha ngerti apa sing katulis ana ing Kitab Suci, yèn Gusti Yésus bakal wungu saka ing séda.)

10Sawisé kuwi para sekabat mau banjur padha mulih.

11Maryam isih kari ana ing ngarep pesaréan karo nangis. Sajroné nangis Maryam mbungkuk karo nginguk ing njero pesaréan.

12Maryam weruh ana malaékat loro ngagem sandhangan putih. Malaékat loro mau padha lenggah ana ing panggonan sing mentas kanggo nyarèkaké layoné Gusti Yésus. Malaékat sing siji lenggah ana ing prenahé mestaka, sing sijiné ana ing prenahé samparané Gusti Yésus.

13Para malaékat mau padha ndangu marang Maryam: "Ibu, yagéné kowé koknangis?" Wangsulané Maryam: "Wonten tiyang ingkang mendhet layonipun Gusti kawula, lan kawula mboten sumerep wonten pundi enggènipun nyèlèhaken!"

14Sawisé matur mengkono, Maryam nuli méngo, sarta weruh Gusti Yésus jumeneng ana ing kono. Nanging Maryam ora ngerti yèn kuwi Gusti Yésus.

15Pendanguné: "Ibu, yagéné kowé nangis? Kowé nggolèki sapa?" Maryam ngira wong kuwi juru-taman. Mulané kandhané: "Pak, menawi sampéyan ingkang mindhah layonipun Gusti kula saking ngriki, wonten pundi enggèn sampéyan nyèlèhaken. Mangké badhé kula purugi mrika."

16Gusti Yésus nuli ngandika: "Maryam." Maryam banjur nolèh, banjur muni nganggo basa Ibrani: "Rabuni" (tegesé: ‘Guru’).

17Gusti Yésus ngandika: "Aja nggepok Aku, awit Aku durung sowan marang Rama-Ku. Lungaa nemoni sedulur-sedulur-Ku. Kandhanana: ‘Aku arep sumengka sowan marang ngarsané Rama-Ku, iya Ramamu; ing ngarsané Gusti-Ku lan iya Gustimu.’"

18Maryam nuli mangkat ngandhani para sekabat, yèn dhèwèké wis ketemu Gusti Yésus, lan ngandhakaké welingé mau kabèh.

19Ing dina Minggu kuwi uga, nalika wayah bengi, para sekabaté Gusti Yésus padha ngumpul ana ing sawijining omah; lawang-lawangé dikunci kabèh, awit padha wedi marang penggedhéné wong Yahudi. Dumadakan Gusti Yésus rawuh ing tengah-tengahé para sekabat mau, karo ngandika: "Tentrem rahayu anaa ing kowé kabèh."

20Sawisé ngandika mengkono nuli nedahaké astané lan lambungé. Bareng weruh Gusti Yésus, para sekabat mau padha bungah banget.

21Gusti Yésus nuli ngandika sepisan menèh marang para sekabat mau: "Tentrem rahayu anaa ing kowé kabèh. Kaya déné enggon-Ku diutus déning Sang Rama, mengkono uga Aku ngutus kowé."

22Sawisé ngandika mengkono, para sekabat nuli padha didamoni karo dipangandikani: "Padha nampanana Roh Suci.

23Menawa kowé ngapura dosané wong, dosa mau uga diapura déning Gusti Allah; lan menawa kowé netepaké dosané wong, dosa kuwi uga ditetepaké déning Gusti Allah."

24Tomas (sing uga ketelah Didimus, utawa ‘wong kembar’) kuwi panunggalané sekabat rolas; nalika Gusti Yésus ngetingal marang para sekabat, Tomas ora mèlu ngumpul.

25Mulané para sekabat liyané nuli kandha marang Tomas: "Aku wis padha ndeleng Gusti!" Nanging Tomas mangsuli: "Yèn aku durung ndeleng tilasing paku ing astané lan durung ndemèk tatu sing ana ing astané mau nganggo drijiku dhéwé sarta durung nggrayang lambungé nganggo tanganku, aku durung ngandel."

26Wolung dina sawisé kuwi para sekabaté Gusti Yésus padha ngumpul menèh ing omah mau; Tomas uga ana. Lawangé kabèh padha dikuncèni. Nanging Gusti Yésus mlebet lan jumeneng ana ing tengah-tengahé para sekabat mau, karo ngandika: "Tentrem rahayu anaa ing kowé kabèh!"

27Gusti Yésus nuli ngandika marang Tomas: "Delengen tangan-Ku, endi drijimu, sing arep kokenggo ndemèk tatu ing tangan-Ku. Endi tanganmu, grayangana lambung-Ku, kowé aja mangu-mangu, nanging precayaa!"

28Tomas nuli matur marang Gusti Yésus: "Gusti kawula, Allah kawula!"

29Gusti Yésus banjur ngandika marang Tomas: "Apa enggonmu precaya kuwi merga kowé wis ndeleng Aku? Begja wong sing padha precaya senajan ora ndeleng Aku."

30Isih akèh mujijat-mujijat sing ditindakaké déning Gusti Yésus ana ing ngarepé para sekabat, sing ora kasebut ing Kitab Suci iki.

31Olèhé ditulis ana ing Kitab Suci iki, supaya kowé padha precaya yèn Gusti Yésus kuwi Sang Kristus, Putrané Allah. Lan supaya srana precayamu kuwi kowé padha urip merga saka pangwasané.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yohanes 20 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel