Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 8 >> 

1Nanging Gusti Yésus tindak menyang Gunung Zaitun.

2Ésuké Panjenengané tindak menèh menyang Pedalemané Allah, lan akèh wong sing padha marani Panjenengané. Gusti Yésus nuli lenggah, banjur wiwit mulang wong-wong mau.

3Satengahé memulang, para ahli Torèt lan wong-wong Farisi padha ngirid wong wadon sing konangan lagi laku jina. Wong wadon mau nuli digawa sowan ing ngarsané Gusti Yésus, lan dikon ngadeg ana ing tengah.

4Wong-wong mau banjur padha nyuwun pirsa marang Gusti Yésus: "Guru, tiyang èstri menika pinanggih lampah jina.

5Ing Kitab Torèt, ingkang ngewrat pepakèn-pepakènipun Allah, Nabi Musa mrenata, bilih tiyang èstri ingkang kados mekaten menika kedah dipun benturi séla ngantos pejah. Menawi pemanggih Panjenengan kados pundi?"

6Pitakoné para wong Farisi sing mengkono mau kanggo njégal marang Gusti Yésus, kenaa kanggo nggugat Panjenengané. Nanging Gusti Yésus tumungkul waé, karo nyerat ing lemah ngagem driji.

7Bareng wong-wong mau padha ngangseg nyuwun wangsulan, Gusti Yésus nuli ndengèngèk, sarta ngandika marang wong-wong mau: "Sapa ing antaramu sing ora duwé dosa, ndhisikana mbenturi watu marang wong wadon kuwi."

8Sawisé ngandika mengkono, Gusti Yésus tumungkul menèh nyerat ana ing lemah.

9Bareng krungu pangandikané Gusti Yésus mau, wong-wong nuli padha lunga saka kono siji-siji, wiwit saka sing tuwa dhéwé. Wekasané sing ana ing kono kari Gusti Yésus piyambak karo wong wadon, sing isih ana ing panggonané.

10Gusti Yésus nuli jumeneng lan ngandika marang wong wadon mau: "Ana ngendi wong-wong mau? Apa ora ana sing ngukum kowé?"

11[Wangsulané wong wadon mau: "Mboten wonten, Guru." Pangandikané Gusti Yésus: "Sukur, yèn ngono Aku iya ora ngukum kowé. Wis lungaa, lan aja gawé dosa menèh."]

12Gusti Yésus ngandika menèh marang wong akèh sing padha ana ing Pedalemané Allah, mengkéné: "Aku iki Pepadhanging jagad. Wong sing ngetut buri Aku bakal olèh pepadhang sing nguripi. Wong mau ora bakal mlaku ing sajroning pepeteng."

13Aturé wong-wong Farisi marang Gusti Yésus: "Panjenengan suka paseksi tumrap badan Panjenengan piyambak. Paseksi Panjenengan ingkang mekaten menika mboten sah."

14Pangandikané Gusti Yésus: "Senajan Aku neksèni awak-Ku dhéwé, éwasemono paseksi-Ku iki bener, sebab Aku ngerti saka ngendi pinangka-Ku lan menyang ngendi paran-Ku. Balik kowé ora padha ngerti asal-Ku saka ngendi, lan paran-Ku menyang ngendi.

15Kowé padha ngadili wong, manut carané manungsa. Aku ora ngadili sapa-sapa.

16Nanging saupama Aku kepeksa kudu ngadili, putusan-Ku kuwi adil, sebab Aku ora ijèn, Sang Rama sing ngutus Aku selawasé bebarengan karo Aku.

17Ana ing Torètmu ana tulisan mengkéné: ‘Paseksi sah yakuwi paseksiné wong loro.’

18Sing mènèhi paseksi mungguh Aku, kuwi uga loro, yakuwi Aku lan Sang Rama sing ngutus Aku."

19Pitakoné wong-wong mau: "Rama Panjenengan menika wonten ing pundi?" Pangandikané Gusti Yésus: "Kowé padha ora wanuh karo Aku. Kowé uga ora wanuh karo Rama-Ku. Menawa kowé wanuh karo Aku, kowé mesthi uga wanuh karo Rama-Ku."

20Kuwi kabèh dipangandikakaké déning Gusti Yésus nalika Panjenengané lagi memulang ana ing Pedalemané Allah, cedhak karo kothak-kothak pisungsung, kagem Gusti Allah. Éwasemono ora ana wong siji waé sing nyekel Panjenengané, sebab durung tekan mangsané.

21Gusti Yésus ngandika marang wong-wong mau: "Aku iki bakal lunga, lan kowé bakal padha nggolèki Aku, nanging kowé bakal padha mati nggawa dosamu. Aku lunga menyang panggonan sing ora bisa kokparani."

22Mulané para penggedhéné wong Yahudi padha muni: "Apa wong kuwi arep nglalu, kokmuni: ‘Menyang ngendi paran-Ku, kowé padha ora bisa mrana?’"

23Gusti Yésus nuli ngandika marang wong-wong mau: "Kowé kuwi pinangkamu saka ing ngisor; nanging Aku saka ing ngaluhur. Pinangkamu saka ing donya kéné, nanging pinangka-Ku ora saka ing donya kéné.

24Mulané Aku kandha karo kowé, yèn kowé bakal mati nggawa dosa-dosamu, yakuwi yèn kowé ora precaya, yèn ‘Aku iki Panjenengané Kang Ana!’"

25Pitakoné wong-wong mau: "Panjenengan menika saleresipun sinten?" Pangandikané Gusti Yésus: "Kuwi wis ora prelu Dakkandhakaké menèh!

26Akèh prekara sing arep Dakkandhakaké marang kowé, dhapur pandakwa. Nanging apa sing Dakkandhakaké marang jagad kuwi mung prekara sing Dakrungu saka Panjenengané sing ngutus Aku, sebab Panjenengané kuwi bener."

27Wong-wong padha ora ngerti, yèn Gusti Yésus ngandikakaké bab Sang Rama.

28Mulané Gusti Yésus nglajengaké pangandikané: "Mengko yèn kowé wis padha nyalib Putraning Manungsa, kowé bakal weruh yèn ‘Aku iki Panjenengané Kang Ana!’ Ing wektu kuwi kowé bakal ngerti, yèn apa sing Daklakoni, kuwi ora ana siji waé sing manut karep-Ku dhéwé, lan prekara sing Dakkandhakaké mung apa sing wis diwulangaké déning Sang Rama marang Aku.

29Panjenengané sing ngutus Aku, kuwi selawasé bebarengan karo Aku. Panjenengané ora tau nilar Aku ijèn, sebab Aku tansah nindakaké sing dadi renaning penggalihé."

30Sawisé Gusti Yésus ngandikakaké kuwi mau kabèh, akèh wong sing nuli precaya marang Panjenengané.

31Sawisé kuwi Gusti Yésus nuli ngandika marang wong-wong Yahudi, sing padha precaya marang Panjenengané: "Kowé kuwi nyata dadi murid-Ku, yèn kowé padha nglakoni piwulang-Ku.

32Nuli kowé bakal nglakoni kersané Allah, lan srana mengkono kowé dadi wong merdika."

33"Kula menika sami anak-turunipun Rama Abraham," aturé wong-wong mau, "Kula sami dèrèng naté dados réncang tumbasan! Menapa ingkang Panjenengan kersakaken, kokngandika: ‘Kowé bakal merdika?’"

34Pangandikané Gusti Yésus: "Padha élinga! Kabèh wong sing gawé dosa, kuwi dadi baturé dosa.

35Lan batur ora selawasé manggon dadi saomah karo bendarané. Sing olèh manggon selawasé dadi saomah, kuwi para putra.

36Yèn Sang Putra wis merdikakaké kowé, kowé lagi dadi wong merdika temenan.

37Aku ngerti yèn kowé kuwi anak-turuné Abraham. Éwasemono kowé arep matèni Aku, sebab kowé ora gelem nampani piwulang-Ku.

38Sing Dakkandhakaké iki apa sing dituduhaké déning Sang Rama marang Aku; déné kowé padha nglakoni préntahé bapakmu."

39Wong-wong Yahudi mau padha mangsuli: "Bapak kula menika Rama Abraham." Pangandikané Gusti Yésus: "Yèn kowé kuwi putrané Abraham temenan, kowé mesthi padha nglakoni apa sing dilakoni déning Rama Abraham.

40Aku mung awèh weruh marang kowé bab kayektèn sing Dakrungu saka Gusti Allah, nanging kowé kokmalah arep matèni Aku. Rama Abraham ora nindakaké sing kaya mengkono kuwi!

41Kowé padha nglakoni apa sing dilakoni dhéwé déning bapakmu." Wong-wong Yahudi mau nuli padha mangsuli: "Kula menika sanès anak jadah. Rama kula namung setunggal, inggih menika Gusti Allah piyambak."

42Gusti Yésus nuli ngandika marang wong-wong mau: "Yèn Gusti Allah kuwi Ramamu temenan, kowé mesthi tresna marang Aku, sebab teka-Ku iki saka kersané Gusti Allah, lan saiki ana ing kéné. Teka-Ku mréné ora saka karep-Ku dhéwé. Gusti Allah sing ngutus Aku.

43Apa sebabé kowé kokora ngerti marang apa sing Dakkandhakaké? Nyatané kowé padha ora betah ngrungokaké piwulang-Ku.

44Bapakmu kuwi Iblis. Mulané kowé iya arep padha nuruti kekarepané bapakmu. Wiwit-wiwitan mula Iblis kuwi tukang matèni wong. Iblis kuwi tumindaké ora tau bener, sebab pancèn ora duwé kayektèn. Iblis kuwi pancèn tukang goroh, jalaran pancèn mengkono kaanané. Lan sakèhing goroh kuwi asalé saka dhèwèké.

45Sarèhné Aku mulangaké bab sing bener, sing saka Gusti Allah, mulané kowé padha ora precaya marang Aku.

46Sapa ing antaramu sing bisa mbuktèkaké, yèn Aku duwé dosa? Menawa Aku mulangaké bab kayektèn sing saka Gusti Allah, apa sebabé kowé padha ora precaya marang Aku?

47Wong sing asalé saka Allah, kuwi precaya marang pangandikané Allah. Nanging kowé kuwi pinangkamu ora saka Allah, mulané kowé padha ora precaya."

48Wong-wong Yahudi mau nuli padha mangsuli: "Rak leres enggèn kula mestani Panjenengan. Panjenengan menika tiyang Samaria ingkang kesurupan sétan."

49Pangandikané Gusti Yésus: "Aku iki ora kesurupan sétan. Aku ngurmati Rama-Ku, nanging kowé ngina marang Aku.

50Aku ora golèk kaurmatan kanggo awak-Ku dhéwé. Ana siji sing mundhut, yakuwi Panjenengané sing uga ngadili yèn Aku iki bener.

51Élinga! Wong sing nggugu marang tembung-Ku kuwi selawasé bakal ora ngalami mati."

52Wong-wong Yahudi nuli padha mangsuli: "Samenika kula ngertos, bilih Panjenengan menika èstu kesurupan sétan! Jalaran Rama Abraham piyambak ngalami séda, mekaten ugi sedaya nabi. Nanging Panjenengan kokngandika: ‘Wong sing nggugu marang tembung-Ku bakal ora mati.’

53Menawi Rama Abraham piyambak ngalami séda, lan nabi-nabi sedaya ugi ngalami séda. Panjenengan menika sinten? Menapa Panjenengan menika ngungkuli Rama Abraham?"

54Gusti Yésus gentos ngandika: "Yèn Aku ngluhuraké awak-Ku dhéwé, kaluhuran-Ku kuwi ora ana tegesé. Sing ngluhuraké Aku kuwi Rama-Ku sing koksebut Allahmu.

55Mangka sejatiné kowé ora wanuh marang Panjenengané. Nanging Aku wanuh marang Panjenengané. Menawa Aku kandha yèn Aku ora wanuh marang Panjenengané, Aku goroh, padha karo kowé. Aku wanuh marang Gusti Allah lan ngèstokaké dhawuhé.

56Ramamu Abraham bungah banget, nalika arep pirsa dina-Ku. Saiki wis kelakon, mulané nuli bungah!"

57Wong-wong Yahudi mau banjur padha matur marang Gusti Yésus: "Yuswa Panjenengan dèrèng wonten sèket taun, kados pundi déné Panjenengan koksampun naté pirsa Rama Abraham?"

58Pangandikané Gusti Yésus: "Kowé Dakkandhani satemené, sadurungé Abraham lair Aku wis ana."

59Wong Yahudi mau nuli padha njupuk watu, arep mbenturi Gusti Yésus; nanging Gusti Yésus ngoncati lan nilar Pedalemané Allah kono.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yohanes 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel