Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 11 >> 

1Kabar bab bangsa Israèl olèhé neluk-nelukaké wis keprungu déning Yabin, raja ing Hazor. Mulané banjur utusan wong ngandhani Yobab raja ing kutha Madon, mengkono uga raja-raja ing kutha Simron lan Akhsaf,

2sarta raja-raja sing ana ing kutha-kutha pegunungan sisih Lor, apa déné sing ana ing aréné Kali Yardèn, sakidulé tanah Galiléa, daérah ing sikilé pegunungan lan daérah pesisir sacedhaké kutha Dhor.

3Raja Yabin uga utusan marang bangsa-bangsa Kenaan sing ana ing sisih Kulon lan sisih wétané Kali Yardèn, yakuwi bangsa-bangsa Amori, Hèt, Fèris lan Yébus sing manggon ing pegunungan, sarta bangsa Hèwi sing manggon ing sikilé Gunung Hèrmon, ing daérah Mizpa.

4Raja-raja mau padha teka kabèh nggawa tentarané dhéwé-dhéwé, ora ana sing kèri, cacahé akèh banget, presasat wedhi ing gisiké segara; semono uga cacahé jaran lan kréta-perangé.

5Prejurit-prejurit mau teka bebarengan lan diklumpukaké dadi siji, sarta ngedegaké markas ana ing sacedhaké Tlaga Mérom. Saka kono arep padha nyerang marang bangsa Israèl.

6Pangéran ngandika marang Yosua, "Aja wedi karo wong-wong kuwi. Sésuk wayah mengkéné, wong-wong mau kabèh bakal Daktumpes ana ing ngarepé Israèl. Jaran-jarané kudu koklumpuhaké dhisik, sawisé mengkono kréta-krétané perang kudu kokobong."

7Yosua satentarané dadakan nempuh mungsuh-mungsuhé ana ing sacedhaké Tlaga Mérom.

8Pangéran ngulungaké mungsuh-mungsuh mau ing tangané bangsa Israèl. Wong Israèl padha nyerang lan ngoyak mungsuh-mungsuhé mau nganti tekan Misrefot Maim lan ngalor tekan Sidon, sarta mengétan tekan aréné Mizpa. Enggoné perang terus-terusan nganti ora ana mungsuh siji waé sing kari, kabèh dipatèni.

9Tumrap para mungsuhé mau Yosua nglakoni apa sadhawuhé Pangéran, yakuwi gawé lumpuhé jaran-jaran sarta ngobong sakèhé kréta-perangé.

10(11:10-11) Sawisé mengkono Yosua bali, ngrebut Hazor, kutha sing kuwat dhéwé. Kutha mau diobong, raja lan wong sing padha manggon ing kono dipatèni kabèh, siji waé ora ana sing kari.

11(11:10)

12Kutha-kutha liyané direbut kabèh déning Yosua. Raja-rajané padha dicekel lan dipatèni, kaya sing dipréntahaké Musa, abdiné Allah.

13Nanging kutha-kutha sing ana pegunungan siji waé ora ana sing diobong déning Israèl, kejaba Hazor sing diobong déning Yosua dhéwé.

14Penduduké kutha-kutha mau dipatèni kabèh, siji waé ora ana sing kari. Nanging barang-darbèké sing pengaji lan raja-kayané dijarah-rayah déning wong Israèl lan diepèk dhéwé.

15Sakèhé dhawuhé Allah marang Musa, abdiné, didhawuhaké marang Yosua, lan Yosua nindakaké dhawuh mau, tapis ora ana sing kliwatan.

16Dadiné Yosua nelukaké tanah kono kabèh, yakuwi daérah pegunungan, daérah aré sing sisih Lor lan sisih Kidul; wilayah Gosèn kabèh lan daérah ara-ara samun sakidulé Gosèn, sarta aréné Kali Yardèn.

17(11:17-18) Jembaré daérah mau wiwit saka Gunung Buthak sakidulé Édom, mengalor tekan Baal-Gad, ing Lebak Libanon, sakidulé Gunung Hèrmon. Yosua olèhé merangi raja-raja ing kono nganti suwé, wekasané raja-raja mau kena dicekel déning Yosua lan dipatèni kabèh.

18(11:17)

19Kutha-kutha ing satanah kono kabèh ora ana sing gawé prejanjian dhamé karo bangsa Israèl, kejaba Gibéon, kuthané bangsa Hèwi. Kutha-kutha liyané ditelukaké srana perang.

20Pangéran piyambak sing gawé kencenging atiné bangsa-bangsa mau sarta nglurugi perang marang bangsa Israèl; supaya srana patrap mengkono padha dipatèni kabèh nganti tapis. Mengkono dhawuhé Allah marang Musa.

21Ing nalika semana Yosua uga nglurug perang lan numpes bangsa Anakim, yakuwi bangsa sing pawakané kaya buta, sing manggon ing daérah pegunungan, ing Hébron, Debir, Amab, lan ing sawratané pegunungan Yéhuda lan Israèl kabèh. Wong-wong mau dipatèni kabèh déning Yosua lan kutha-kuthané disirnakaké.

22Bangsa Anakim mau ora ana siji waé sing kari manggon ing daérah Israèl, kejaba wong sawetara sing manggon ing Gaza, Gat lan Asdod.

23Tanah kono kabèh ditelukaké déning Yosua kaya dhawuhé Allah marang Musa. Tanah mau banjur diedum-edum marang bangsa Israèl dadi tanah pusakané. Saben taler nampa bagéané dhéwé-dhéwé. Bangsa Israèl olèhé perang banjur lèrèn, tanahé banjur dadi tentrem.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yosua 11 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel