Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 19 >> 

1Pangedumé tanah sing ping pindho, kanggo taler Siméon. Tanah mau mlebu nganti tekan tanahé Yéhuda.

2Kutha-kutha sing ana ing tanahé Siméon yakuwi: Bèrsyéba, Séba, Molada,

3Hazar-Sual, Bala, Ésèm,

4Èltolad, Betul, Horma,

5Ziklag, Bèt-Hamarkabot, Hazar-Susa,

6Bèt-Lebaot lan Saruhèn. Kabèh ana patbelas karo désa-désané.

7Klebu uga kutha-kutha: Ain, Rimon, Ètèr, lan Asan; kutha papat kuwi karo désa-désané,

8iya kabèh désané kutha-kutha mau bablas tekan Baalat-Beèr (yakuwi Rama) ing sisih Kidul. Kuwi tanah pandumané marang klompok Siméon, dadi tanah pusakané.

9Tanahé Yéhuda kakèhen, mulané sapérangan banjur diwènèhaké marang Siméon.

10Pangedumé tanah sing ping telu kanggo para trahé taler Zébulon. Tapel watesé tanah mau tekan Sarid.

11Saka Sarid tapel watesé sing sisih Kulon tekan Marala, banjur nggepok Dabèsèt lan kali sawétané Yoknéam.

12Tapel watesé sing sisih Wétan wiwit saka Sarid tekan tapel watesé Kislot-Tabor, terus menyang Dobrat, banjur munggah menyang Yafia.

13Saka kono tapel wates mau terus mengétan menyang Gat-Hèfèr lan Ètkazin, ménggok tekan Néa, banjur menyang Rimon.

14Ing sisih Lor tapel wates tanah mau ménggok tekan Hanaton, lan notog ing Lebak Yifta-Èl.

15Kutha-kutha sing klebu ing tapel wates mau yakuwi Katat, Nahalal, Simron, Yidala lan Bètléhèm. Klebu uga ing daérah mau kutha-kutha rolas lan désa-désané.

16Kuwi kabèh kutha-kutha lan désa-désa sing klebu ing daérah pandumané trah-trahé Zébulon.

17Pangedumé tanah sing ping pat kanggo trah-trahé taler Isakar.

18Klebu ing daérah mau: Yésreèl, Kesulot, Sunèm,

19Héfaraim, Sion, Anarahat,

20Rabit, Kisyon, Èbès,

21Rèmèt, Èn-Ganim, Èn-Hada, lan Bèt-Pazès.

22Tapel watesé tanah mau gathuk karo Tabor, Sahazima, Bèt-Sèmès, banjur notog Kali Yardèn. Klebu ing daérah mau kutha nembelas karo désa-désané.

23Yakuwi kutha-kutha lan désa-désa sing dadi pandumané trah-trahé taler Isakar, dadi tanah pusakané.

24Pangedumé tanah sing ping lima kanggo trah-trahé taler Asyèr.

25Klebu ing daérah mau kutha-kutha: Hèlkat, Hali, Tèbè, Akhsaf,

26Alamèlèk, Amad, lan Misal. Tapel watesé tanah mau sing sisih Kulon tempuk karo Karmèl lan Sikor Libmat.

27Saka kono ménggok ngétan menyang Bètdagon, banjur gathuk karo tapel watesé Zébulon lan Lebak Yifta-Èl, ngalor tekan Bèt-Èmèk lan Néhièl. Terus ngalor tekan Kabul,

28Ébron, Réhob, Hamon lan Kana, tekan Sidon.

29Saka kono tapel wates mau ménggok menyang Rama, terus tekan kutha Sur, kutha sing diubengi bètèng. Tapel wates mau banjur ménggok menèh menyang Hosa lan notog Segara Tengah. Klebu ing daérahé Asyèr mau kutha-kutha Mahalab, Aksib,

30Uma, Afèk, lan Réhob. Sadaérah kono ana kuthané rolikur, karo désa-désané.

31Kuwi kabèh kutha-kutha lan désa-désa sing klebu ing daérah pandumané para trahé taler Asyèr, dadi tanah pusakané.

32Pangedumé tanah sing ping nem kanggo trah-trahé taler Naftali.

33Tapel watesé wiwit saka Èlèf tekan wit-witan sing ana ing Zaananim, terus tekan Adami-Nèkèb, banjur menyang Yabneèl nganti tekan Lakum, lan notog Kali Yardèn.

34Saka kono tapel wates mau ménggok ngulon tekan Aznot Tabor, lan saka kono menyang Hukok. Ing sisih Kidul daérah kuwi nunggal wates karo daérah Zébulon, ing sisih Kulon nunggal wates karo Asyèr, lan ing sisih Wétan watesé Kali Yardèn.

35Kutha-kutha sing nganggo bètèng yakuwi Zidim, Zèr, Hamat, Rakat, Kinèrèt,

36Adama, Rama, Hazor,

37Kèdès, Édrèi, Èn-Hazer,

38Yiron, Migdalèl, Horèm, Bèt-Anat, lan Bèt-Sèmès. Dadiné klebu ing daérah mau kutha sangalas karo désa-désané.

39Kuwi kabèh kutha-kutha lan désa-désa sing klebu ing daérah pandumané trah-trahé taler Naftali, dadi tanah pusakané.

40Pangedumé tanah sing kapitu kanggo trah-trahé taler Dhan.

41Klebu ing daérah mau kutha-kutha: Zora, Èstaol, Irsèmès,

42Saalabin, Ayalon, Yitla,

43Élon, Timna, Ékron,

44Èlteké, Gibeton, Baalat,

45Yehud, Benéberak, Gat-Rimon,

46Méyarkon, Rakon, uga daérah sakiwa-tengené Yopé.

47Wong-wong taler Dhan ora bisa manggon ing daérahé, jalaran isih dienggoni penduduk kono, mulané banjur nglurug nyerang kutha Lèsèm. Kutha mau direbut, penduduké dipatèni kabèh, nuli padha manggon ing kono. Jenengé kutha Lèsèm diganti Dhan, kaya jenengé leluhuré.

48Kuwi kabèh kutha-kutha lan désa-désa sing klebu ing daérahé trah-trahé taler Dhan, dadi tanah pusakané.

49Sawisé umat Israèl olèhé ngedum tanah kono wis rampung kabèh, nuli awèh lemah marang Yosua bin Nun, dadi tanah pusakané.

50Kaya pangandikané Allah, tanah sing diwènèhaké marang Yosua mau manut ing sapenjaluké, yakuwi Timnat-Sérah, ing pegunungan Éfraim. Sawisé kutha mau dibangun menèh, Yosua banjur manggon ing kono.

51Kaya mengkono tanah Kenaan wis kelakon diedum kabèh déning Imam Èléazar, Yosua bin Nun lan para penggedhéné trah ing taler-taleré bangsa Israèl. Pangedumé srana diundhi supaya cocog karo pitedahé Allah. Kelakoné kuwi mau ana ing Silo, ing gapurané Kémah Palenggahané Allah. Srana mengkono pangedumé tanah wis rampung.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yosua 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel