Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 22 >> 

1Yosua banjur nglumpukaké wong-wong saka taler Rubèn, Gad lan Manasyè Wétan kali,

2dikandhani mengkéné, "Kowé wis padha nglakoni sarupaning prekara sing didhawuhaké déning Musa, abdiné Allah. Semono uga kowé wis padha nglakoni sakèhé préntahku.

3Seprana-sepréné kowé ora tau négakaké sedulur-sedulurmu enggoné maju perang.

4Pangéran Allahmu saiki wis maringi katentreman marang sedulur-sedulurmu sabangsa, kaya janjiné. Mulané saiki kowé padha muliha menyang wilayahmu dhéwé, ing sawétané Kali Yardèn, sing biyèn wis diparingaké déning Musa marang kowé.

5Nanging diéling! Kowé padha nglakonana dhawuh-dhawuh sing diparingaké déning Musa, yakuwi: Tresnaa marang Allahmu; èstokna kersané, lakonana dhawuh-dhawuhé; sing setya enggonmu ngabdi marang Panjenengané kanthi ati sing mantep."

6(22:6-8) Sawisé mengkono Yosua banjur mujèkaké slamet wong-wong saka taler-taler Rubèn, Gad lan Manasyè Wétan kali padha mulih menyang wilayahé dhéwé-dhéwé. Wong-wong mau padha diweling déning Yosua mengkéné, "Saiki kowé padha bali nggawa bandha akèh. Kowé padha duwé raja-kaya akèh, semono uga slaka, emas, tembaga, wesi lan sandhangan. Raja-brana olèh-olèhanmu ngrampas saka mungsuh-mungsuhmu kuwi salong edum-edumna marang para sedulurmu tunggal taler." Mengkono taler-taler Rubèn, Gad lan Manasyè Wétan kali padha bali menyang wilayahé dhéwé. (Separoné taler Manasyè Wétan kali wis olèh panduman tanah saka Musa ing sawétané Kali Yardèn. Separo liyané nampa panduman lemah saka Yosua ing sakuloné Kali Yardèn, bebarengan karo taler-taler Israèl liyané.)

7(22:6)

8(22:6)

9Dadi taler Rubèn, Gad lan separoné taler Manasyè mulih menyang wilayahé dhéwé. Enggoné padha pamitan karo umat Israèl liyané ana ing kutha Silo, ing tanah Kenaan, banjur saka kono padha budhal menyang wilayahé dhéwé, yakuwi tanah Giléad. Pemanggoné ing kono kuwi merga saka dhawuhé Allah lantaran Musa.

10Nalika taler Rubèn, Gad lan Manasyè Wétan kali tekan Gelilot, dadi isih ana ing sisih kuloné Kali Yardèn, padha ngedegaké mesbèh gedhé dhuwur ing sapinggiring kali mau.

11Wong Israèl banjur padha krungu warta mengkéné: "Wong-wong taler Rubèn, Gad lan Manasyè Wétan kali wis padha ngedegaké mesbèh ing Gelilot, ing pinggir kuloné Kali Yardèn!"

12Bareng wong Israèl padha krungu pawarta mau, banjur padha nglumpuk ing Silo arep ngalang-alangi niaté taler-taler Israèl sing manggon ing sawétané Kali Yardèn.

13Pinéhas, anaké Imam Èléazar diutus déning umat Israèl nekani taler Rubèn, Gad lan Manasyè Wétan kali, ing tanah Giléad.

14Pinéhas mau dikancani wong sepuluh, yakuwi para penggedhéné taler, saka saben taler wong siji.

15Bareng padha ketemu karo taler Rubèn, Gad lan Manasyè Wétan kali,

16banjur padha kandha mengkéné, "Yagéné kowé nindakaké duraka ing ngarsané Allahé Israèl? Srana enggonmu ngedegaké mesbèh kuwi kowé apa ora padha mbrontak marang Allah, merga ora netepi dhawuhé!

17Apa kowé wis padha lali karo dosa sing kita alami biyèn ing Péor? Nalika semono kita rak diukum déning Allah srana pageblug, senajan kita iki umat kagungané! Tekan sepréné kita rak isih mikul olèh-olèhané? Apa kuwi durung cukup?

18Dadiné, apa saiki kowé arep nyingkur marang Allah menèh? Yèn ing dina iki kowé nyingkur marang Allah, sésuk Allah bakal duka marang umat Israèl kabèh.

19Yèn wilayahmu kéné kokanggep ora pantes kokenggoni kanggo ngibadah marang Allah, pindhaha menyang wilayahé Allah, sing ana ing Kémah Suciné. Nyuwuna sapérangané wilayahku, nanging aja nyingkur marang Allah utawa gawé dukané Allah, srana enggonmu ngedegaké mesbèh liya, merga mesbèhé Pangéran Allah kita, wis ana.

20Élinga! Akhan anaké Zérah kaé rak iya ora nglakoni dhawuhé Allah bab barang-barang sing kudu disirnakaké. Lan apa kedadéané? Wong sa-Israèl kabèh diukum! Sing nglakoni dosa mung Akhan dhéwé, nanging sing diukum pati ora mung dhèwèké dhéwé!"

21Taler Rubèn, Gad lan Manasyè Wétan kali banjur mangsuli marang para penggedhéné taler-taler Israèl saka Kulon kali mengkéné,

22"Sing Mahakwasa kuwi jumeneng Allah! Panjenengané kuwi Allah! Panjenengané pirsa sebab-sebabé aku padha tumindak mengkono, lan aku kepéngin kowé kabèh iya padha ngertia! Saupama nggonku nglakoni mengkono mau merga arep mbangkang marang Allah utawa merga ora precaya menèh marang Panjenengané, aku patènana waé, saiki uga!

23Yèn enggonku padha yasa mesbèh iki nerak dhawuhé Allah, merga arep dakenggo saos kurban obongan utawa kurban dhaharan utawa kurban keslametan, karebèn Gusti Allah piyambak sing ngukum aku.

24Nanging ora, sedulur-sedulur! Ora mengkono karepku! Enggonku yasa mesbèh iki merga aku padha kuwatir mbokmenawa mbésuk anak-turunmu bakal kandha mengkéné karo anak-turunku, ‘Kowé padha mèlu-mèlu apa karo Pangéran, Allahé Israèl!

25Delengen ta, apa ora Allah piyambak sing maringaké Kali Yardèn iki dadi wates kanggo misahaké aku karo kowé wong-wong Rubèn lan Gad. Pancèn ora ana urusanmu karo Pangéran, Allahé Israèl.’ Lan kepriyé mengko dadiné? Ora wurung, anak-turunmu bakal ngganggu enggoné anak-turunku ngabekti marang Allah.

26Mulané aku padha yasa mesbèh iki. Ora merga arep dakenggo saos kurban obongan utawa nyaosaké sesaosan liyané,

27mung supaya dadi pretandha kanggo kowé lan kanggo aku, kanggo anak-turunmu lan anak-turunku ing tembé, yèn aku iki temen-temen padha ngabekti marang Allah, sing lenggah ing Kémah Palenggahané Allah, srana saos kurban obongan, kurban keslametan lan sesaosan liya-liyané. Srana mengkono anak-turunmu bakal ora kandha karo anak-turunku, yèn aku ora candhuk lawung karo Allah.

28Dadi karepku mengkéné: Saupama anak-turunmu mbésuk muni mengkono, anak-turunku bisa mangsuli, ‘Delengen mesbèh iki! Leluhurku padha ngedegaké mesbèh, padha karo mesbèhé Allah. Ora kanggo saos kurban obongan utawa kanggo nyaosaké sesaosan liyané, nanging minangka pretandha kanggo kowé lan aku.’

29Ngandela yèn aku ora arep mbangkang marang Allah utawa ninggal marang Panjenengané srana saos kurban obongan utawa kurban dhaharan ing mesbèh sing dakyasa iki, merga wis ana mesbèhé Pangéran Allah kita ana ing ngarepé Kémah Palenggahané Allah."

30Ketrangané taler Rubèn, Gad lan Manasyè Wétan kali mau dirungokaké déning Pinéhas lan para penggedhé sepuluh sing makili umat Israèl Kulon Kali Yardèn. Krungu ketrangan kuwi wong mau kabèh padha marem.

31Pinéhas, anaké Imam Èléazar banjur kandha karo wong-wong taler Rubèn, Gad lan Manasyè Wétan kali mengkéné, "Saiki aku ngerti yèn Allah bakal nganthi marang kita, merga kowé padha ora mbangkang. Kowé wis padha nylametaké umat Israèl saka paukumané Allah."

32Sawisé mengkono Pinéhas lan para penggedhéné umat Israèl banjur padha pamitan karo taler Rubèn, Gad lan Manasyè Wétan kali, bali menyang tanah Kenaan, sarta nglapuraké lelakoné marang umat Israèl kabèh.

33Krungu lapuran mau umat Israèl padha marem, mula padha ngluhuraké asmané Pangéran, sarta mbuwang gagasan arep merangi lan numpes wong-wong Rubèn, Gad lan Manasyè Wétan kali mau.

34Wong-wong taler Rubèn lan Gad banjur njenengi mesbèh: "Seksi"; kandhané, "Mesbèh iki dadia seksi kanggo kita kabèh yèn Pangéran kuwi Allah."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yosua 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel