Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 6 >> 

1Gapura-gapurané kutha Yérikho wis ditutup rapet lan dijaga keras, supaya wong Israèl aja bisa mlebu. Ora ana wong metu utawa mlebu.

2Pangandikané Pangéran marang Yosua, "Saiki kutha Yérikho wis Dakulungaké marang kowé, dalah rajané lan tentarané kabèh, sing kesuwur kekendelané.

3Kowé lan tentaramu kudu baris ngubengi kutha kuwi, sedina sepisan, nganti nem dina.

4Imam pitu, nggawa slomprèt siji-siji, kudu mlaku ing sangarepé Pethi Prejanjian. Ing dina kapituné kowé lan tentaramu kudu ngubengi kutha mau ping pitu lan para imam kudu ngunèkaké slomprèté.

5Sawisé mengkono para imam banjur kudu ngunèkaké tandha, sing uniné dawa. Yèn krungu uniné tandha sing dawa mau, wong lanang kabèh kudu padha surak-surak sing seru banget. Témbok-témboké kutha temah bakal rubuh. Tentaramu banjur kudu gelis mlebu ing kutha mau."

6Yosua nuli nimbali para imam, dikandhani mengkéné, "Pethining Prejanjian jupuken. Wong pitu ing antaramu kudu mlaku ing sangarepé Pethi karo ngunèkaké slomprèt."

7Yosua banjur awèh aba supaya tentarané baris ngubengi kutha. Sing ngarep dhéwé barisan pengawal, banjur Pethining Prejanjiané Allah.

8(6:8-9) Kaya sing didhawuhaké déning Yosua mau, barisan pengawal banjur mlaku ing ngarep, disusul imam-imam sing ngunèkaké slomprèt, banjur para imam sing mikul Pethining Prejanjian, nuli sing mburi dhéwé barisané para prejurit. Sajroné padha baris, slomprèté diunèkaké terus.

9(6:8)

10Pasukan kabèh wis didhawuhi ora kena surak utawa kumecap yèn Yosua durung awèh aba.

11Yosua banjur ngabani wong Israèl ngubengi kutha Yérikho karo nggawa Pethi Prejanjian kaping sepisan, nuli bali menèh ing palèrènan lan nginep ana ing kono.

12(6:12-13) Ésuké, isih umun-umun Yosua wis tangi. Para imam lan tentara padha dikon baris menèh ngubengi kutha. Urut-urutané barisan kaya sing uwis, yakuwi: barisan pengawal ngarep, banjur imam pitu sing ngunèkaké slomprèt, nuli imam-imam sing mikul Pethining Prejanjian, lan sing kèri dhéwé pengawal mburi. Sajroné padha baris, slomprèt-slomprèt diunèkaké terus.

13(6:12)

14Ing dina kapindho mau kuthanè diubengi sepisan, sawisé mengkono banjur padha bali menyang palèrènané menèh. Kaya mengkono mau ditindakaké saben dina, nganti nem dina.

15Ing dina kapitu, nalika srengéngéné lagi mlethèk, kutha Yérikho diubengi menèh carané kaya sing uwis-uwis, mung waé ing dina kuwi enggoné ngubengi kaping pitu.

16Bareng wis mubeng sing kaping pituné Yosua banjur mènèhi aba, supaya tentara kabèh padha surak-surak. Yosua kandha mengkéné, "Allah wis ngulungaké kutha iki marang kowé!

17Kutha lan saisiné kabèh kudu ditumpes babar-pisan, kita dadèkaké pisungsung konjuk marang Allah. Mung Rahab, wanita tuna susila lan sakulawargané waé kudu diuripi, merga wis ngayomi marang para telik kita.

18Kowé kabèh ora kena njupuk apa-apa saka barang-barang sing kudu disirnakaké mau. Yèn ana sing njupuk, palèrènan kita bakal kena ing paukuman.

19Kabèh barang sing rupa slaka, emas, tembaga lan wesi kudu didhèwèkaké, dipilih kagem Gusti Allah; lan kudu digawa mlebu ing panggonané nyimpen barang-barang sing konjuk marang Allah."

20Para imam banjur padha ngunèkaké slomprèté. Bareng krungu uniné slomprèt mau wong Israèl banjur padha surak-surak sakatogé, temah témbok-témboké kutha Yérikho padha jugrug. Pasukan-pasukan Israèl sanalika iku uga banjur mlebu ing kutha lan ngrebut kutha mau.

21Warga kutha kono kabèh, tuwa-nom, lanang-wadon dipatèni nganggo pedhang. Semono uga sakèhé raja-kaya, sapi, wedhus, kuldi, iya padha dipatèni.

22Yosua ndhawuhi telik loro sing biyèn diutus, mengkéné, "Mlebua ing omahé Rahab, wanita tuna susila kaé, konen metu karo kulawargané, bapa-biyungé, sedulur-seduluré lan sanak-seduluré liyané kaya sing dadi janjiné."

23Wong nom sing didhawuhi banjur mlebu; Rahab sakulawargané mau banjur diboyong menyang panggonan sing aman, ing sacedhaké paleremané wong Israèl.

24Sawisé mengkono tentara Israèl banjur ngobong kutha Yérikho lan saisiné kabèh, kejaba barang-barang sing digawé saka emas, slaka, tembaga lan wesi. Barang-barang mau dipisahaké lan disimpen ing panggonané nyimpen barang-barang sing kagem Gusti Allah.

25Déné Rahab lan kulawargané kabèh diuripi déning Yosua, jalaran wis awèh pengayoman marang para telik sing diutus déning Yosua menyang Yérikho. (Tekan sepréné anak-turuné Rahab isih manggon ing Israèl.)

26Nalika semono Yosua ndhawuhaké larangan mengkéné, "Sapa waé sing arep ngedegaké kutha Yérikho bakal kena ing paukumané pangéran. Sapa sing masang pondhasi ing kono bakal kepatèn anaké pembarep, lan sapa sing arep masang gapura lan lawang-lawangé, bakal kélangan anaké ragil."

27Gusti Allah nunggil karo Yosua, lan jenengé Yosua kesuwur ing tanah kono kabèh.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yosua 6 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel