Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  Zefanya 3 >> 

1Yérusalèm sing bejat lan nglawan, sarta nganiaya marang wong-wongé dhéwé, bakal tampa paukumané Pangéran.

2Yérusalèm ora gelem ngrungokaké lan mbangun-turut marang Pangéran. Ora suméndhé lan ngendelaké Pangéran sarta nyuwun pitulungané.

3Para penggedhéné kuwi presasat singa sing gero-gero, para hakimé presasat asu ajag sing keluwèn, saka srakahé bakal ora ninggal balung nganti ésuk.

4Para nabiné ora duwé rasa tanggung jawab lan ora kena diprecaya. Para imamé najisaké samubarang sing suci, sarta napsiraké dhawuhé Allah sasenengé atiné dhéwé.

5Nanging Gusti Allah isih ana ing kutha kono. Panjenengané nindakaké kabeneran lan keadilan, ora naté damel kaluputan. Saben ésuk tanpa kendhat Panjenengané nekakaké keadilan marang umat kagungané. Éwasemono wong sing padha ala isih nerusaké enggoné gawé dosa tanpa duwé isin.

6Pangandikané Pangéran, "Aku wis numpes bangsa akèh. Kutha-kuthané, témbok-témboké apa déné menara-menarané dadi gempuran. Kutha-kutha lan dalan-dalané dadi sepi.

7Pangira-Ku, umat-Ku saiki mesthi ngurmati Aku lan nggatèkaké dhawuh-Ku. Mesthiné padha éling marang piwulang-Ku." Nyatané malah saya banget pamblasaré.

8Pangandikané Pangéran, "Entènana, bakal tekan mangsané, Aku jumeneng lan nggugat para bangsa. Aku wis mutusaké, bakal nglumpukaké para bangsa lan kraton, bakal Daktedahi sepira kekuwatané paukuman-Ku. Salumahing bumi kabèh bakal Daksirnakaké nganggo genining paukuman-Ku.

9Sawisé mengkono para bangsa bakal Daksantuni, mula bakal padha ndedonga marang Aku lan ora marang allah liyané. Kabèh bakal padha mbangun-turut marang Aku.

10Senajan adoh lan pating slebar ana ing Sudan umat-Ku bakal padha saos kurban marang Aku.

11Ing dina kuwi kowé ora bakal nandhang kwirangan awit saka sakèhé pokalmu sing ala marang aku. Saben wong sing angkuh lan gemedhé bakal Daksingkiraké, lan kowé ora bakal nglawan menèh marang Aku ana ing gunung-Ku sing suci.

12Aku bakal ngèngèh umat sing andhap-asor lan lembah ing ati, sing padha gelem sowan nyuwun pitulungan marang Aku.

13Umat Israèl sing isih bakal padha urip rukun, ora padha akal-akalan sarta ora goroh-ginorohan. Mula bakal padha nandhang kalubèran lan katentreman."

14Hé umat Israèl, padha menyanyia kanthi bungah! Hé Yérusalèm, padha bungaha sakatogmu!

15Pangéran wis ora ngukum kowé menèh; sakèhé mungsuhmu wis disingkiraké. Pangéran Ratuné Israèl wis nunggil karo kowé, saiki kowé ora susah wedi.

16Bakal tekan wektuné wong padha kandha karo Yérusalèm, "Hé kutha Sion, aja wedi! Tanganmu aja nglokro.

17Pangéran Allah ana ing tengahmu; pangwasané nekakaké kamenangan marang kowé. Pangéran rena penggalihé ing ngatasé kowé, merga saka sihé, kowé padha kaparingan urip anyar.

18Kaya atiné wong sing lagi pésta." Pangandikané Pangéran, "Aku wis mari enggon-Ku duka lan ngukum, sarta sakèhé kanisthan wis Daksingkiraké.

19Bakal tekan wektuné Aku ndhawahaké paukuman, marang para wong sing padha nganiaya kowé. Sakèhé wong sing kaboyong ing pembuwangan bakal Dakulihaké, lan wong lumpuh bakal Dakluwari. Kanisthané bakal Daksantuni kaluhuran, lan wong salumahé bumi bakal ngalembana.

20Bakal tekan wektuné, wong-wongmu sing pating slebar bakal Dakulihaké. Lan jenengmu bakal Dakgawé misuwur ing salumahing bumi, mengkono uga kowé bakal Dakparingi luwar!" Mengkono pangandikané Pangéran.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Zefanya 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel