6:9Mulané ndedongaa mengkéné: ‘Rama kawula ingkang wonten ing swarga: Asma Paduka ingkang suci mugi dipun urmati déning sedaya tiyang.
6:10Kraton Paduka mugi dipun èstokaken déning sedaya tumitah ing salumahing bumi, kados déné pangrèh wau wonten ing swarga inggih dipun èstokaken déning para malaékat.
6:11Mugi kawula Paduka paringi rejeki ing dinten menika.
6:12Kalepatan kawula mugi Paduka apunten, kados déné kawula inggih ngapunten tiyang-tiyang ingkang sami damel kalepatan dhateng kawula.
6:13Kawula mugi sampun ngantos Paduka tégakaken kénging ing godha, nanging mugi Paduka uwalaken saking piawon. [Awit Paduka menika ingkang ngerèh samukawis, ingkang kagungan pangwaos saha Ratu ingkang mulya ing selaminipun. Amin.]’