Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Korintus 1 >> 

1Saka Paulus, kang katimbalan dadi rasulé Kristus Yésus, awit saka karsané Allah, lan saka Sostenès, sadulur kita tunggal pracaya,

2marang pasamuwané Allah kang ana ing Korintus, yaiku para kang sinucèkaké ana ing Kristus Yésus, sarta kang padha katimbalan dadi wong suci, dalah sakèhé wong ing endi-endi, kang padha nyebut asmané Gusti kita Yésus Kristus, yaiku Gustiné wong-wong mau lan iya Gusti kita.

3Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yésus Kristus, anaa ing kowé kabèh.

4Aku tansah saos sokur marang Allahku karana kowé kabèh, awit saka sih-rahmaté Allah kang kaparingaké marang kowé ana ing Kristus Yésus.

5Awitdéné ana ing Panjenengané, kowé wus padha dadi sugih samubarang, iya sarupaning pitembungan lan sawarnaning kawruh,

6laras karo paseksi bab Kristus, kang wus kateguhaké ana ing antaramu.

7Satemah kowé padha ora kekurangan ing bab sadhéngah ganjaran, sajroné kowé padha nganti-anti kababaré Gusti kita Yésus Kristus.

8Panjenengané iya bakal neguhaké kowé nganti tumeka ing wekasan, temah kowé padha tanpa cacad bésuk ing dinané Gusti kita Yésus Kristus.

9Allah, kang wus nimbali kowé marang patunggilané Kang Putra Yésus Kristus, Gusti kita, iku setya tuhu.

10Éwadéné panjalukku kanthi banget marang kowé kabèh, para Sadulur, marga saka asmané Gusti kita Yésus Kristus, kowé kabèh dipadha saiyeg sarta aja nganti ana pasulayan ing antaramu; nanging kowé dipadha manunggal, tunggal budi sarta tunggal pangrasa.

11Sabab, para Sadulurku, aku wus diwartani déning wong-wong saka brayaté Khloè bab kowé kabèh, yèn ing antaramu ana pasulayan.

12Kang dakkarepaké yaiku siji-sijiné panunggalanmu kandha: Aku iki golongané Paulus! Aku golongané Apolos! Aku golongané Kéfas! Utawa aku golongané Kristus!

13Apa Kristus iku kabagi-bagi? Apa Paulus iku kasalib marga saka kowé? Utawa apa kowé padha kabaptis ing jenengé Paulus?

14Aku saos sokur déné siji baé saka ing antaramu ora ana kang dakbaptis kajaba Krispus lan Gayus,

15satemah ora ana wong kang bisa kandha yèn kowé padha kabaptis ing jenengku.

16Aku iya mbaptis brayaté Stéfanus. Kejaba iku aku ora kèlingan, apa isih ana wong liyané manèh kang dakbaptis.

17Sabab Kristus anggoné ngutus aku iku ora supaya mbaptis, nanging supaya ngabaraké Injil, lan bab iku ora nganggo kawicaksananing tembung, supaya salibé Kristus aja nganti tanpa guna.

18Awit pawarta bab salib iku pancèn kaanggep bodho tumrapé wong kang bakal padha tiwas, nanging kanggo kita kang padha kapitulungan rahayu, pawarta iku dadi kakiyataning Allah.

19Sabab ana tulisan mangkéné, "Ingsun bakal nglebur kawicaksanané para wong wicaksana, lan kapinterané para wong pinter bakal sunsirnakaké."

20Ana ing ngendi wong kang wicaksana? Ana ing ngendi ahli Torèt? Ana ing ngendi juru bantah ing jaman iki? Allah rak wus ndadèkaké kawicaksanané jagat iki bodho?

21Awit sarèhné sajroning kawicaksanané Allah jagat ora wanuh marang Panjenengané kalawan kawicaksanané, mulané wus dadi keparengé Allah mitulungi rahayu marang para wong kang padha pracaya marga saka kabar Injil kang kaanggep bodho.

22Wong Yahudi padha ngudi pratandha, lan wong Yunani padha ngupaya kawicaksanan,

23balik aku padha martakaké Kristus kang sinalib: Mungguhing wong Yahudi dadi sandhungan lan tumrap kang dudu Yahudi kaanggep bodho,

24nanging tumrap para kang katimbalan, wonga Yahudi, wonga kang dudu Yahudi, Kristus iku dadi kakiyataning Allah lan kawicaksananing Allah.

25Awit apa kang kaanggep bodhoning Allah iku luwih wicaksana katimbang karo manungsa, lan karingkihaning Allah iku luwih rosa katimbang karo manungsa.

26Padha ngélingana baé, para Sadulur, kepriyé kaananmu nalikané kowé padha katimbalan, miturut ukuraning manungsa ora akèh kang kalebu wong wicaksana, ora akèh wong kang kalebu gedhé wibawané, ora akèh kang kalebu wong luhur.

27Nanging kang kaanggep bodho mungguhing jagat, kapilih déning Allah kanggo mirangaké para wong wicaksana, apadéné kang kaanggep ringkih mungguhing jagat, kapilih déning Allah kanggo mirangaké kang rosa,

28lan kang asor sarta nistha mungguhing jagat, iku kapilih déning Allah, malah kang ora ana ajiné kapilih déning Allah kanggo ngorakaké kang aji,

29supaya aja ana manungsa siji baé kang gumunggung ana ing ngarsané Allah.

30Nanging awit saka Panjenengané, kowé wis padha ana ing Kristus Yésus kang marga saka Allah wus dadi kawicaksanan tumrap kita. Panjenengané wis ngleresaké, nucèkaké sarta nebus kita,

31mulané kaya kang katulis, suraosé, "Sing sapa gumunggung, iku gumunggunga ana ing Pangéran."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Korintus 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel