Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Korintus 5 >> 

1Pancèn wis kaprungu, yèn ing antaramu ana kang laku cabul, malah anggoné laku cabul mau, patrapé ora tau kelakon ana ing antarané para bangsa kang ora wanuh marang Allah, yaiku ana wong kang ngepèk somahé bapakné.

2Éwadéné kowé kok padha kumlungkung. Apa ora luwih becik kowé padha prihatin, satemah nyingkiraké wong kang duwé pratingkah mangkono mau saka ing tengahmu?

3Sabab aku, sanadyan ing tata lair adoh, nanging sacara rohani adu-arep, lan kanthi cara kang mangkono, kaya-kaya aku wis matrapi paukuman marang wong kang nglakoni mangkono iku.

4Menawa kowé padha kumpul ing asmané Gusti Yésus, sarta aku uga nunggal sajroning Roh, kanthi pangwaosé Yésus, Gusti kita,

5wong iku kudu kapasrahaké marang Iblis, satemah dagingé rusak, supaya sukmané kapitulungan rahayu bésuk ing dinané Gusti.

6Ora becik gumunggungmu iku. Apa kowé padha ora sumurup, yèn ragi sathithik iku rumasuk ing jladrèn kabèh?

7Buwangen ragi kang lawas iku, supaya kowé padha dadi jladrèn kang anyar, sabab kowé rak pancèn tanpa ragi. Awit Cempéning Paskah kita uga wus disembelèh, yaiku Kristus.

8Mulané payo kita padha pésta, ora nganggo ragi kang lawas, ragi piala utawa duraka, nanging nganggo roti kang tanpa ragi, yaiku kamurnèn lan kayektèn.

9Aku wus nulis ana ing layangku marang kowé, supaya kowé aja srawung karo wong kang padha laku cabul.

10Kang dakkarepaké iku ora karo sakèhing wong kang laku cabul ing jagat iki, utawa karo wong kabèh kang srakah sarta tukang njarah-rayah, utawa wong kabèh kang padha nyembah brahala, amarga yèn ta mangkonoa kowé mesthi kudu padha metu saka jagat iki.

11Nanging, anggonku nulis marang kowé iku mau mangkéné: kowé aja nganti srawung karo wong, kang sanadyan wong mau ngaku sadulur tunggal pracaya, nyatané laku cabul, srakah, nyembah brahala, gawéné mitenah, seneng endem-endeman utawa tukang njarah-rayah; kowé aja pisan-pisan mangan bebarengan karo wong kang kaya mangkono iku.

12Sabab kanggo apa aku padha ngakimi wong-wong kang ana sanjabaning pasamuwan? Wong-wong kang ana ing sajroning pasamuwan iku rak kang kuduné kokhakimi?

13Para wong kang padha ana ing sanjabaning pasamuwan, iku bakal dihakimi déning Allah. Wong kang padha nandukaké piala iku tundhungen saka ing tengah-tengahmu.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Korintus 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel