Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Korintus 8 >> 

1Mungguh daging sesajèning brahala iku, kita padha sumurup, "Kita kabèh padha duwé kawruh." Kawruh kang mangkono iku marakaké kumenthus, nanging katresnan iku mbangun.

2Menawa ana wong duwé pangira, yèn duwé "kawruh" iku ateges durung bisa nggayuh kawruh kang kuduné digayuh.

3Nanging wong kang tresna marang Allah, iku ditepangi déning Allah.

4Mungguh bab mangan daging sesajèning brahala, kita padha sumurup, "Yèn brahala iku ing jagat satemené ora ana, lan ora ana Allah liyané kajaba mung Panjenengané."

5Sabab, sanadyan ta ana kang sinebut "ilah", dadia ing swarga, utawa ing bumi -- sarta pancèn bener ana "ilah" akèh, lan "gusti" akèh kang kaya mangkono iku --,

6nanging mungguh ing kita mung ana Allah siji, yaiku Sang Rama, kang dadi etuking samubarang kabèh, lan kita padha urip lumados marang Panjenengané, sarta Gusti iya mung siji, yaiku Yésus Kristus, kang lumantar Panjenengané samubarang katitahaké lan kita padha urip.

7Déné kang duwé kawruh mangkono iku ora saben wong. Ana wong, kang awit saka anggoné isih kacancang ing brahala-brahala, anggoné mangan daging iku kaya mangan sesajèning brahala. Lan amarga pangrasaning atiné ringkih banjur dadi cacad.

8"Pangan iku ora njalari kita saya cedhak karo Allah. Kita padha ora kapitunan apa-apa menawa ora mangan, lan ora bathi apa-apa menawa kita padha mangan."

9Nanging poma kowé padha diawas, aja nganti wewenangmu iku dadi sandhungan tumrap wong kang padha ringkih.

10Awit menawa nganti ana wong kang weruh kowé kang duwé kawruh, lagi mangan ana ing omahing brahala, apa wong kang pangrasaning atiné ringkih ora bakal kawanèkaké mangan daging sesajèning brahala?

11Kalawan patrap mangkono wong kang ringkih, yaiku sadulurmu tunggal pracaya, dadi nemu tiwas marga saka "kawruhmu", mangka Kristus wus nglampahi séda kanggo wong iku.

12Menawa kanthi patrap mangkono, kowé gawé dosa marang para Sadulurmu tunggal pracaya sarta natoni pangrasaning atiné kang ringkih, iku sajatiné kowé gawé dosa marang Kristus.

13Mulané menawa pangan dadi sesandhungan tumrap sadulurku tunggal pracaya, ing salawasé aku ora arep mangan daging manèh, supaya aja nganti dadi sesandhungan tumrap sadulurku.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Korintus 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel