Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Petrus 3 >> 

1Mangkono uga kowé para wong wadon, padha sumuyuda marang somahmu, supaya menawa ana wong lanang kang padha ora pracaya marang Pangandika, sanadyan tanpa pitembungan padha dadia pracaya déning tingkah-lakuné kang wadon,

2samangsa padha nyawang uripé kang suci sarta mursid iku.

3Kang dadi pepaèsmu aja tata-lair, yaiku sarana nglabang rambut, nganggo mas-masan utawa kanthi panganggo kang sarwa éndah,

4nanging pepaèsmu iku kamanungsaning batinmu kang ora katon, kang ora bisa rusak, kang asalé saka roh kang lembah-manah, tentrem, kang aji banget ana ing paningalé Allah.

5Déné iya kaya mangkono iku, patrapé para wong wadon suci biyèn anggoné manganggo, yaiku wong wadon kang pangarep-arepé marang Allah sarta padha sumuyud marang somahé,

6padha kaya Sara anggoné mituhu marang Abraham sarta nyebut panjenengané iku bendarané. Déné kowé iku padha dadi putrané, angger kowé tumindak becik sarta ora wedi ing pangancam.

7Samono uga kowé, para wong lanang, uripa kanthi wicaksana karo somahmu, kang klebu golongan kang ringkih! Padha ajènana kayadéné kanca tunggal warising sih-rahmat, yaiku kauripan, supaya pandongamu aja nganti kaalang-alangan.

8Wasana kowé kabèh padha disaiyeg saéka-praya, tunggal rasa, nresnani para Sadulur tunggal pracaya, ambek-welasan, sarta andhap-asor.

9Aja males piala kanthi piala, utawa pepisuh kanthi pepisuh, nanging kosok-baliné, kowé padha mberkahana, amarga iya kanggo kang mangkono iku anggonmu padha katimbalan, yaiku supaya padha olèh berkah. Sabab,

10"Sing sapa arep nresnani urip sarta ngalami dina-dina kang becik, kudu mekak ilaté saka kang ala, sarta lambéné saka pitembungan kang kebak apus-apus.

11Wong iku kudu ngedohi piala sarta nglakoni kabecikan; kudu ngupaya katentreman sarta ngudi supaya bisa nggayuh prakara iku.

12Jalaran tingalé Pangéran iku tumuju marang para wong kang bener, sarta talingané nilingaké marang pasambating wong-wong kang nyuwun pitulungan, nanging wedanané Pangéran iku nglawan marang wong kang padha nindakaké piala."

13Sarta sapa ta kang bakal nindakaké piala marang kowé, menawa kowé sregep gawé becik?

14Nanging sanadyan kowé kudu nandhang sangsara marga saka laku bener, kowé bakal rahayu. Mulané iku aja wedi marang apa kang padha diwedèni wong-wong mau, sarta aja nganti giris.

15Nanging padha nucèkna Kristus kayadéné Pangéran ana ing sajroning atimu! Sarta tansah padha sumadhiyaa awèh panjawab marang saben wong kang njaluk katrangan marang kowé bab pangarep-arep kang ana ing kowé, mung baé dikalawan alus lan andhap-asor,

16sarta kanthi nurani kang suci, supaya wong kang padha mitenah marang kowé, marga tumindakmu kang becik ana ing Kristus, iku padha kawirangan marga saka pitenahé.

17Jalaran luwih becik nandhang sangsara marga tumindak becik, menawa iku dikarsakaké déning Allah, katimbang nandhang sangsara marga tumindak ala.

18Sabab Yésus Kristus uga wis nglampahi séda sapisan marga dosa kita kabèh, Panjenengané kang tanpa kaluputan, séda kanggo wong-wong kang padha duwé kaluputan, supaya kita padha bisa kasowanaké marang ngarsaning Allah: Panjenengané kang tata-kamanungsan wis kasédanan, nanging kagesangaké mungguh ing Roh,

19sarta ing sajroning Roh iku uga, Panjenengané paring pangandika marang para roh kang ana ing pakunjaran,

20yaiku marang roh-rohé para wong kang ing biyèn nalika jamané Nuh padha ora mbangun-turut marang Allah, nalika Allah tetep ngentosi kalawan sabar, ing kalané Nuh lagi yasa prau, lan mung wong sathithik, yaiku wong wolu, kang kaslametaké saka ing banjir.

21Samono uga kowé saiki iya padha kaslametaké kalawan ibarating lelakon mau, yaiku baptis -- kang ora ateges ngresiki reregeding badan, nanging minangka panyuwun marang Allah supaya kaparingan nurani kang becik -- marga saka wunguné Yésus Kristus,

22kang sumengka menyang swarga, lenggah ing satengené Allah, sawisé sakèhing malaékat, pangwasa sarta kakuwatan ditelukaké marang Panjenengané.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Petrus 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel