1Aku Paulus, wong kang jirih yèn adu-arep karo kowé, nanging wani marang kowé yèn adoh, aku ngélingaké kowé demi Kristus kang lembah-panggalihé lan rumaket.
2Panjalukku marang kowé: Kowé aja meksa aku ngatonaké kuwanènku ana ing ngarepmu kayadéné niyatku arep tumindak keras marang wong-wong sawenèh kang ngira menawa uripku iku padha nurut tata kadonyan.
3Aku kabèh iki pancèn isih urip ana ing donya, nanging aku ora padha perang cara kadonyan,
4awit gegamaning perangku iku dudu gegaman kadonyan, nanging gegaman kang kadunungan pangwaosing Allah, kang bisa njugrugaké bètèng.
5Aku padha nyirnakaké sakèhing siasaté manungsa lan ngambrukaké saben bètèng kumalungkunging manungsa kanggo nglawan pangawruh marang Allah, sarta padha nawan sarupaning pangangen-angen, daktelukaké marang Kristus,
6sarta aku padha sumadhiya ngukum sakèhing duraka, menawa pambangun-turutmu wus dadi sampurna.
7Sawangen apa kang ana ing sangareping mripatmu! Menawa ana wong kang yakin temenan dadi kagungané Kristus, iku supaya mikir ing sajroning atiné, yèn aku uga padha dadi kagungané Kristus kaya wong mau.
8Malah yèn aku rada keladuk anggonku ngegungaké wewenang kang diparingaké déning Gusti marang aku kabèh kanggo mbangun, ora kanggo ngrusak kowé, aku ora bakal kewirangan.
9Nanging aku emoh yèn katoné kaya aku arep medèn-medèni kowé srana layang-layangku.
10Awit, manut gunemé wong, layang-layangé pancèn tegas lan keras, nanging yèn adu-arep katon ora sapiraa lan tembung-tembungé rèmèh.
11Nanging wong kang kandha mangkono iku kuduné ngerti menawa anggonku tumindak samasa adu-arep, padha baé karo tembung-tembungku ing layang-layangku, samasa aku ora adu-arep.
12Pancèn aku padha ora wani nggolongaké utawa nandhingaké awakku karo wong-wong kang ngalem awaké dhéwé. Wong iku ngukur awaké nganggo ukurané dhéwé lan nandhing awaké mung karo awaké dhéwé. Bodho banget wong iku!
13Kosok-baliné aku padha ora gelem ngegungaké dhiri nganti ngluwihi wates, nanging mung tetep ing sajroning watesing ayahan kang wus katetepaké déning Allah kanggo aku kabèh, sumrambahé nganti tekan kowé uga.
14Marga anggonku padha martakaké Injilé Kristus wis luwih dhisik tekan panggonanmu, dadiné aku ora ngliwati watesé wilayahing pagawéanku, kaya-kaya menawa durung tekan panggonanmu.
15Aku ora padha ngegungaké pagawéan kang dilakoni déning wong liya, ana ing wilayah pagawéan kang ora kanggo aku, nanging pangarep-arepku, menawa pracayamu saya mundhak, aku bakal olèh pakurmatan luwih gedhé manèh ana ing antaramu, yèn katandhing karo wilayah pagawéan kang katemtokaké kanggo aku.
16Iya, uripku iki pancèn supaya padha bisa martakaké Injil menyang ing laladan kang luwih adoh katimbang karo laladanmu, lan ora ngegung-egungaké wohing pagawéan kang wus katindakaké déning liyan ana ing wilayah kang katemtokaké kanggo wong mau.
17"Nanging sapa kang ngegung-egungaké, iku ngegungna ana ing Pangéran."
18Awit dudu wong kang ngalem awaké dhéwé kang tanggon, nanging wong kang dialem déning Pangéran.