Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tesalonika 2 >> 

1Bab rawuhé Gusti kita Yésus Kristus lan anggon kita bakal katunggilaké kalawan Panjenengané, panjalukku kabèh marang kowé, para Sadulur,

2supaya kowé aja padha gampang bingung lan sumelang, marga saka wangsiting roh utawa marga saka pakabaran utawa marga saka layang kang diakokaké saka aku kabèh, kaya-kaya dinané Gusti wis kelakon.

3Kowé aja nganti padha disasaraké nganggo patrap kepriyé baé! Awitdéné sadurungé dina iku kelakon mesthi didhisiki anané pamurtad lan kababaré manungsa duraka, kang kudu kasirnakaké,

4yaiku tukang-nglawan kang ngunggul-unggulaké awaké dhéwé ngluwihi sakèhé kang disebut utawa disembah kayadéné Allah, nganti wani lungguh ing Padaleman Suci sarta ngaku Allah.

5Apa kowé ora padha éling yèn bab iku wis kerep dakkandhakaké marang kowé, nalika aku isih ana ing satengahmu?

6Déné saiki kowé padha sumurup apa kang nyandhet tekané, satemah lagi bakal jumedhul ing waktu kang wis katemtokaké.

7Amarga kanthi patrap sesidheman, duraka iku wiwit tumindak, nanging saiki isih ana kang nyandhet. Menawa kang saiki nyandhet wis kasingkiraké,

8ing waktu iku manungsa duraka lagi arep muncul, nanging Gusti Yésus nuli bakal numpes kalawan napasing tutuké lan samangsa rawuh, bakal nyirnakaké sarana ngatingalé.

9Tekané manungsa duraka iku marga saka panggawéné Iblis lan bakal dikanthèni kasektèn warna-warna sarta pratandha-pratandha apadéné mukjijat-mukjijat palsu;

10kalawan réka-daya ala rupa-rupa tumrap wong-wong kang bakal nemu karusakan, jalaran padha ora nampani sarta nresnani kayektèn kang ndadèkaké karahayoné.

11Iya iku sababé Allah anggoné ndhatengaké panasaran marang wong-wong iku, kang njalari padha pracaya marang kang goroh,

12supaya wong kabèh kang padha ora pracaya marang kayektèn, kaukum lan seneng marang piala.

13Nanging para Sadulur, aku kudu padha tansah saos sokur marang Allah marga saka kowé kabèh, kang dikasihi déning Gusti, amarga Allah wiwit wiwitan mula wus milih kowé kabèh supaya dislametaké ana ing sajroning Roh, kang nucèkaké kowé lan ana ing sajroning kayektèn kang padha kokpracaya.

14Tumrap kang mangkono iku Panjenengané wis nimbali kowé kabèh lantaran Injil, kang padha dakwartakaké, satemah kowé padha kepareng nampa kamulyané Yésus Kristus, Gusti kita.

15Mulané, kowé padha dibakuh lan padha ngantepana piwulang-piwulang kang wis padha koktampani saka aku kabèh, kanthi patrap lésan utawa tulisan.

16Anadéné Panjenengané, Gusti kita Yésus Kristus lan Allah, Rama kita, kang sajroning sih-rahmaté wis ngasihi kita sarta kang wis ngganjar panglipur kang

17muga karsa paring panglipur lan nyantosakaké atimu ing sadhéngah panggawé lan pitembungan kang becik.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Tesalonika 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel