Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Tesalonika 3 >> 

1Sabanjuré, para Sadulur, padha ndedongaa kanggo aku kabèh, supaya pangandikané Gusti saya maju lan diluhuraké, kayadéné kang wis kelakon ana ing antaramu kabèh,

2lan supaya aku padha uwal saka para wong kang padha gawé rerusuh lan para wong ala, sabab ora saben wong kaparingan pracaya.

3Nanging Gusti iku setya-tuhu. Panjenengané bakal nyantosakaké atimu lan ngayomi kowé kabèh saka piala.

4Anadéné aku kabèh padha pracaya ana ing Gusti, yèn apa kang wis padha dakpituturaké marang kowé kabèh, iku padha koklakoni lan bakal koklakoni.

5Muga Gusti tansah ngeneraké atimu marang katresnané Allah lan marang kasetyané Kristus.

6Nanging welingku marang kowé kabèh, para Sadulur, ana ing asmané Gusti Yésus Kristus, padha sumingkira saka saben sadulur tunggal pracaya kang ora nindakaké pagawéané lan kang ora manut marang piwulang kang wis padha koktampani saka aku kabèh.

7Sabab kowé dhéwé padha sumurup, kepriyé anggonmu kudu padha nulad marang aku kabèh, amarga aku padha ora nglirwakaké pagawéan ana ing antaramu,

8sarta ora tau mangan rotining liyan kanthi lelahanan, nanging aku kabèh padha mbudi-daya lan nyambut-gawé rina-wengi kalawan rekasa, supaya aja dadi gawéné sapa baé ana ing antaramu.

9Ora marga aku padha ora duwé hak ing bab iku, nanging marga aku kabèh bisaa dadi tuladha kanggo kowé kabèh, supaya padha kokanut.

10Sabab, uga nalika aku padha ana ing satengahmu, aku padha awèh pepéling marang kowé kabèh: Yèn wong ora gelem nyambut-gawé, iku iya aja mangan.

11Iki padha dakkandhakaké amarga aku padha krungu, yèn ana wong ing antaramu kang uripé seneng kluyuran, ora nyambut-gawé, kejaba mung nindakaké bab-bab kang tanpa guna.

12Wong-wong kang kaya mangkono iku padha dakélingaké lan padha dakpituturi ing sajroning Gusti Yésus Kristus supaya padha tansah nindakaké pagawéané kanthi tentrem sarta kalawan mangkono padha mangana rejekiné dhéwé.

13Lan kowé, para Sadulur, aja padha bosen nindakaké panggawé becik.

14Menawa ana wong kang ora gelem ngrungokaké apa kang dakkandhakaké ing layang iki, iku titènana lan aja sesrawungan karo wong iku, supaya dadi isin.

15Mung baé aja kokanggep mungsuh, nanging élingna kaya marang sadulur tunggal pracaya.

16Muga Panjenengané, iya Gustining tentrem-rahayu, tansah paring tentrem-rahayu marang kowé kabèh kanthi sadhéngah patrap. Gusti nunggila karo kowé kabèh.

17Salam saka aku, Paulus. Salam iki daktulis nganggo tanganku dhéwé. Iki minangka titikaning saben layangku: Iya mangkéné iki tulisanku.

18Sih-rahmaté Yésus Kristus, Gusti kita, nunggila ing kowé kabèh.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Tesalonika 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel