1Mulané, aku kang dadi wong ukuman marga saka Gusti, mituturi kowé, supaya kowé kang wus padha katimbalan iku, uripmu laras karo timbalan mau.
2Ditansah andhap-asor, sarèh lan sabar. Padha lairna katresnanmu sarana tulung-tinulung.
3Lan ngudia lestariné anggonmu tetunggalan ing Roh sarana tentrem-rahayu kang minangka taliné:
4Mung ana badan siji, lan iya Roh siji, kayadéné anggonmu wus padha katimbalan marang pangarep-arep siji kang dumunung ana ing timbalanmu,
5mung ana Gusti siji, pracaya siji lan baptis siji,
6mung ana Allah siji, Ramané wong kabèh, Allah kang mengku samubarang, lumantar samubarang, lan ana ing samubarang.
7Nanging saben gegelitaning panunggalan kita wus kaparingan sih-rahmat undha-usuk manut ukuran peparing kang saka Kristus.
8Mulané ana pangandika mangkéné, "Nalika sumengka dhateng ngaluhur, Panjenenganipun ngasta tiyang-tiyang tawanan, Panjenenganipun paring ganjaran-ganjaran dhateng manungsa."
9Déné, "Panjenengané wis sumengka" iku rak ateges menawa Panjenengané iya wis tumedhak menyang péranganing bumi kang ngisor dhéwé?
10Panjenengané kang wis tumedhak, iya Panjenengané kang wis sumengka ngungkuli sakèhing langit, supaya menuhi samubarang.
11Lan iya Panjenengané kang maringi para rasul, para nabi, para juru-warta Injil, mangkono uga para pangon lan para pamulang,
12supaya padha nyamektakaké para suci anggoné nindakaké ayahan leladi, minangka pambanguning sarirané Kristus,
13nganti kita kabèh wus padha bisa nggayuh manunggaling pracaya lan kawruh kang bener tumrap Putraning Allah, kadiwasan kang sampurna, lan tataraning tumuwuh kang laras karo kasampurnaning Kristus,
14temahan kita ora dadi bocah manèh, kang diontang-antingaké déning sarupaning anginé piwulang, déning pratingkah nasar lan culikané manungsa kang mblasukaké,
15nanging kalawan tatag ngandhemi kayektèn sajroning katresnan, kita mundhak-mundhak ing samubarang ngener marang Kristus kang jumeneng sesirah.
16Iya marga Panjenengané iku badan sakojur -- kang tumata runtut lan tinalènan dadi siji déning paladosaning pérangané kabèh, cocog karo boboting pakaryané saben pérangan iku -- kepareng tumuwuh sarta mbangun dhiri ana ing sajroning katresnan.
17Mula iki dakkandhakaké lan daktandhesaké marang kowé ana ing patunggilané Gusti: Uripmu aja kaya lakuning wong-wong kang ora wanuh marang Allah manèh, kang pangangen-angené tanpa guna
18lan kang peteng pikirané, adoh saka urip kang asalé saka Allah, marga saka bodhoné lan marga saka wangkoting atiné.
19Pangrasané wis kethul, temahan padha masrahaké awaké marang hawa-napsu lan kanthi srakah nglakoni sakèhing panggawé kang rusuh.
20Nanging ora kanthi patrap kang mangkono iku anggonmu padha sinau bab Kristus.
21Awit kowé wis krungu bab Panjenengané lan nampani piwulang ana ing Panjenengané manut kayektèn kang kawedhar ana ing Yésus,
22yaiku menawa kowé, ing bab lakumu kang biyèn, kudu ngrucat kamanungsan lawas, kang nemahi rusak awit saka anané hawa-napsu kang nasaraké,
23supaya kowé padha dianyaraké ing roh lan pikiranmu,
24lan ngrasuk kamanungsan anyar, kang wis tinitahaké manut karo karsaning Allah ing kayektèn lan kasucèn kang satuhu.
25Awit saka iku aja padha goroh lan ngucapa kang bener marang para Sadulur siji lan sijiné, awit kita padha-padha dadi gegelitaning badan siji.
26Menawa kowé nepsu aja nganti gawé dosa: Nepsumu kudu wus ilang, sadurungé srengéngé angslup,
27lan aja awèh papan marang Iblis.
28Wong kang gawéné nyolong, aja nyolong manèh, nanging becik nyambuta-gawé kanthi mempeng lan nglakoni pagawéan kang becik nganggo tangané dhéwé, supaya bisa mbiyantu wong kang kekurangan.
29Aja nganti ana tembung reged kawetu saka ing cangkemmu, nanging munga tembung kang becik kanggo mbangun, supaya kang krungu olèh sih-rahmat, cocog karo kabutuhané.
30Lan kowé aja gawé sekelé Rohing Allah kang suci, kang wus mratandhani kowé ndungkap dinaning panebusan.
31Sadhéngahing rasa serik, ngigit-igit, brangasan, tukar-padu lan pitenah buwangen saka ing antaramu, samono uga sadhéngahing piala.
32Nanging kowé, siji lan sijiné dipadha sumanak, kebak ing sih-katresnan lan apura-ingapuraa kayadéné Allah ana ing Kristus iya wus ngapura marang kowé kabèh.