Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Filipi 4 >> 

1Awit saka iku Sadulur-sadulurku kang daktresnani lan kang dakkangeni, kang dadi kabungahanku lan makuthaku, padha disantosa ana ing Gusti, hé Sadulur-sadulurku kang kinasih.

2Éudia dakpituturi lan Sintikhé iya dakpituturi, dipadha sarujuk ana ing Gusti.

3Lan aku uga duwé panjaluk marang kowé, Sunsugos, kancaku kang setya: Iku padha tulungana. Awit wong-wong iku wis padha nyambut-gawé bebarengan karo aku ana ing pakabaran Injil, sarta bebarengan karo Klèmèns lan kanca-kancaku nyambut-gawé liyané, kang jenengé padha kapacak ana ing buku kauripan.

4Padha tansah bungah-bungaha ing sajroning Gusti! Dakbalèni manèh pituturku: Padha bungah-bungaha!

5Kabecikanmu iku disumurupana déning wong kabèh. Gusti wus celak!

6Aja padha nyumelangaké bab apa baé, nanging sakèhing pepénginanmu padha aturna marang Allah ana ing pandonga lan panyuwun kalawan saos sokur.

7Tentrem-rahayu kang saka ing Allah, kang ngungkuli saliring budi, bakal rumeksa marang ati lan pangangen-angenmu ana ing Kristus Yésus.

8Wasana, Sadulur-sadulur, sabarang kang bener, sabarang kang luhur, sabarang kang adil, sabarang kang suci, sabarang kang manis, sabarang kang kepénak dirungu, sabarang kang sinebut kautaman lan pantes dialem, iku kabèh tansah padha udinen.

9Lan apa kang wis padha koksinau lan kang koktampani sarta kokrungu tuwin kokdeleng ana ing aku, iku lakonana; temahan Allah etuking tentrem-rahayu bakal nunggal karo kowé kabèh.

10Aku bungah banget ana ing Gusti, déné wusanané pangangen-angen lan pangrasamu tumrap aku tuwuh manèh. Kowé pancèn tansah padha nggatèkaké, nanging ora ana kobermu.

11Bab iki dakkandhakaké ora marga kakurangan, awit aku wis sinau nyukupi awakku dhéwé ing sadhéngah kaanan.

12Aku mangerti kakurangan iku apa lan iya ngerti kalubèran iku apa. Ing sadhéngah bab lan ing sadhéngah prakara ora ana kang dadi wadi tumrap aku; ing bab kawaregan, ing bab kaluwèn, ing bab kalubèran apa ing bab kakurangan.

13Sakèhing prakara bisa daksangga ana ing Panjenengané kang paring kakuwatan marang aku.

14Nanging iya prayoga tumindakmu, déné kowé wis padha mèlu ngrasakaké karibedanku.

15Lan kowé dhéwé uga padha sumurup, hé wong-wong Filipi, nalikané aku miwiti ngabaraké Injil, nalikané aku mangkat saka Makédonia, ora ana pasamuwan siji-sijia kang mèlu ngrasakaké pawèwèh lan panampa bebarengan karo aku, kajaba kowé.

16Amarga ana ing Tésalonika baé kaping pisan pindho kowé wis ngirimaké apa kang dadi kabutuhanku marang aku.

17Mung baé kang dakudi dudu pawèwèh iku, nanging wohé, kang sangsaya nggedhèkaké kauntunganmu.

18Saiki aku wis tampa sadéngah kabutuhanku saka kowé, malah luwih saka iku, aku kalubèran, awit aku wis tampa kirimanmu lumantar Épafroditus, pisungsung kang arum, korban sesaosan kang nengsemaké lan ndadèkaké renaning Allah.

19Allahku bakal nyekapi sakèhing kabutuhanmu laras karo kasugihaning kamulyané ana ing Kristus Yésus.

20Allah iya Rama kita kaluhurna ing salawas-lawasé! Amin.

21Aku titip salam marang saben wong suci ana ing Kristus Yésus. Salam marang kowé saka sadulur-sadulur tunggal pracaya kang bebarengan karo aku.

22Salam marang kowé saka sakèhing para suci, luwih manèh saka kang ana ing kratoné Kaisar.

23Sih-rahmaté Gusti Yésus Kristus nunggila ing rohmu!


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Filipi 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel