Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Ibrani 1 >> 

1Sawusé ing jaman biyèn Allah ngandika marang para leluhur kita nganti marambah-rambah sarta kalawan patrap mawarna-warna lantaran para nabi,

2ing jaman pungkasan iki Panjenengané wis ngandika marang kita lantaran Kang Putra, kang wis katetepaké dadi ahli-warisé samubarang kabèh; lan iya lantaran Panjenengané, Allah wis nitahaké jagat raya.

3Panjenengané dadi cahya kamulyané Allah sarta gambar kawontenaning Allah ing sanyatané lan nyanggi samubarang kabèh sarana sabdané kang kebak pangwaos. Sawisé rampung anggoné mbirat dosa, Panjenengané lenggah ing satengené Kang Mahaagung ana ing ngaluhur;

4ngungkuli sakèhé malaékat, padha kaya pinunjuling asmané kang wis kaparingaké marang Panjenengané kang luwih unggul katimbang asmané para malaékat mau.

5Awit sapa ta panunggalané para malaékat kang tau dingandikani mangkéné, "Sira iku Putraningsun! Sira wis sunputrakaké ing dina iki?" sarta "Ingsun bakal dadi Ramané, lan Panjenengané bakal dadi Putraningsun?"

6Apamanèh nalika Panjenengané maringaké Ingkang Putra Pambajeng marang jagat, Panjenengané ngandika, "Sakèhé malaékating Allah kudu nyembah Panjenengané."

7Tumrap para malaékat Panjenengané ngandika, "Kang ndadèkaké para malaékaté dadi prahara sarta para abdiné dadi geni kang ngalad-alad."

8Nanging tumrap Kang Putra, "Dhuh, Allah, dhampar Paduka punika langgeng salaminipun, lantaran kaprabon Paduka punika lantaraning kayektosan."

9"Paduka punika tresna dhateng kaadilan saha sengit dhateng duraka, pramila, dhuh Allah, Allah Paduka sampun njebadi Paduka mawi lisahing kabingahan, nglangkungi para mitra Paduka."

10Lan manèh, "Dhuh Gusti, wiwitanipun Paduka ingkang nalesi bumi, saha langit punika yasanipun asta Paduka.

11Sadaya punika badhé sirna, nanging Paduka tetep langgeng sarta sadaya punika badhé sami lungset kados panganggé;

12saha badhé Paduka gulung kados jubah, saha sami badhé kasantunan kados panganggé, nanging Paduka punika lestantun sami, sarta taun-taun Paduka badhé tanpa wates."

13Sapa panunggalané para malaékat kang naté dingandikani mangkéné, "Lungguha ana ing tengeningsun, nganti mungsuh-mungsuhira padha sundadèkaké ancik-anciking tlapakanira?"

14Kabèh iku mau apa ora padha dadi roh kang ngladèni, kang kautus leladi marang wong-wong kang bakal marisi karahayon?


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ibrani 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel