Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Ibrani 2 >> 

1Mulané kita kudu luwih teliti anggon kita nggatèkaké apa kang wis kita rungu, supaya kita ora kéntir ilining banyu.

2Sabab menawa pangandika kang kadhawuhaké lantaran para malaékat iku tetep tumindak, sarta sarupané panerak lan pambangkang iku tampa piwales kang murwat,

3kepriyé anggon kita bakal oncat, menawa kita nglirwakaké karahayon kang samono gedhéné, kang wiwitané kaundhangaké déning Gusti sarta kaantepaké marang kita déning kang padha ngrungokaké?

4Déné Allah ngekahaké paseksiné kanthi tandha-tandha lan mukjijat-mukjijat sarta pangwaos warna-warna apadéné peparing Roh Suci, kang diparingaké manut sakarsané.

5Jalaran Panjenengané ora nelukaké jagating jaman tembé, kang lagi kita rembug iki, marang para malaékat.

6Ana wong kang nglairaké paseksi, mangkéné, "Manungsa punika punapa ta, déné ngantos Paduka èngeti, utawi anaking manungsa, déné ngantos Paduka gatosaken?

7Kanggé sawatawis wekdal sampun Paduka dadosaken langkung asor sakedhik tinimbang kaliyan para malaékat, saha sampun Paduka makuthani kaluhuran tuwin kaurmatan,

8samukawis sampun Paduka telukaken ing sangandhaping tlapakanipun." Amarga sajroning nelukaké samubarang marang Panjenengané, ora ana siji baé kang kliwatan, kang ora teluk marang Panjenengané. Éwadéné ing samengko kita padha durung weruh samubarang kabèh wis ditelukaké marang Panjenengané.

9Nanging, kang padha kita sumurupi yaiku Yésus kang sawatara mangsa didadèkaké luwih asor sathithik tinimbang karo para malaékat, kang jalaran nglampahi sangsara séda, banjur kaparingan makutha kamulyan lan kaurmatan, supaya marga saka sih-rahmaté Allah, Panjenengané nglampahi séda iku kanggo manungsa kabèh.

10Jalaran pancèn wis sapantesé Allah -- kang kagem Panjenengané sarta déning Panjenengané samubarang kabèh iku dititahaké, yaiku Allah kang nuntun wong akèh marang kamulyan, uga nyampurnakaké Pangarep kang ngirid wong-wong iku marang karahayon, sarana nandhang sangsara.

11Jalaran Panjenengané kang nucèkaké, sarta para kang padha kasucèkaké iku asalé saka Siji; mulané Panjenengané iya ora lingsem nyebut sadulur marang wong-wong iku,

12Pangandikané, "Kawula badhé martosaken asma Paduka dhateng para sadhèrèk Kawula, saha Kawula badhé ngidungaken pangalembana dhumateng Paduka wonten ing satengahing pasamuwan."

13Sarta manèh, "Aku bakal pracaya marang Panjenengané," lan manèh, "Satemené, lah iki Aku sarta para putra kang wis diparingaké déning Allah marang Aku."

14Kang iku sarèhné para putra iku iya para anaking getih lan daging, mulané Panjenengané banjur dadi padha karo para putra mau lan kadunungan kaanan mangkono, supaya marga saka sédané, Panjenengané nyirnakaké Iblis kang ngwasani pati;

15kanthi patrap mangkono, Panjenengané ngluwari wong-wong, kang sajegé urip padha kawengku ing pangawulan marga saka wediné marang pati.

16Awit satemené dudu para malaékat kang dipenggalihaké déning Panjenengané, nanging trahé Abraham kang dipenggalihaké.

17Mulané, ing bab apa baé Panjenengané kudu dipadhakaké karo para sadhèrèké, supaya jumeneng Imam Agung kang welasan sarta setya marang Allah, minangka panebus tumrap dosa-dosané umat.

18Awit, sarèhné Panjenengané piyambak wis nandhang sangsara marga saka kagodha, dadi Panjenengané saged mitulungi wong kang padha kena ing panggodha.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ibrani 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel