Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Ibrani 3 >> 

1Mulané, para Sadulur kang suci, kang padha olèh pandumaning timbalan kaswargan, padha nggatèkna marang Yésus, Rasul sarta Imam Agung kang kita akoni,

2kang setya marang Panjenengané kang wis njumenengaké, kayadéné Musa uga setya ing padalemané Allah kabèh.

3Jalaran Panjenengané sembada kaparingan kamulyan kang ngluwihi Musa, padha kayadéné kang gawé omah luwih kajèn katimbang omah yeyasané.

4Amarga saben omah digawé déning ahliné gawé omah; nanging ahli kang yasa samubarang kabèh iku Allah.

5Musa pancèn tumemen anggoné dadi pelados ana ing padalemané Allah sakwewengkoné kabèh, dadi pelados, supaya paring paseksi mungguh apa kang ing tembé bakal dingandikakaké,

6nanging Kristus kang jumeneng Putra iku mengku tanggel jawab kanthi setya tumrap padalemané; sarta padalemané iku kita, angger kita padha kukuh ing pracaya sarta ing pangarep-arep kang kita gung-gungaké nganti tumeka ing wekasan.

7Jalaran saka iku, kaya kang kapangandikakaké déning Roh Suci, "Ing dina iki, menawa sira padha krungu swantené,

8aja padha mangkotaké atinira, kaya nalika padha mbaléla, ing jaman panyoba ana ing pasamunan,

9ing kono para leluhurira padha nyoba marang Ingsun, sarana ndadar Ingsun, sanadyan padha weruh pakaryan-pakaryaningsun, lawasé patang puluh taun.

10Iya iku sababé Ingsun duka marang wong-wong iku sarta ngandika: Wong-wong iku tansah nasar atiné, sarta padha ora nyumurupi marginingsun,

11temahan Ingsun supaos sajroning dukaningsun: Wong-wong iku ora bakal padha mlebu ing papan paleremaningsun."

12Para Sadulur, padha diwaspada, supaya ing antaramu aja ana kang kadunungan ati ala sarta ora pracaya satemah murtad saka Allah kang gesang.

13Nanging padha éling-ingélingna ing sadina-dina sajroné isih bisa diarani "dina iki", supaya panunggalanmu aja ana kang dadi wangkot atiné, marga saka pamblithuking dosa.

14Jalaran kita wis padha olèh panduman ana ing Kristus, angger kita padha ngukuhi ing keyakinaning pracaya kita kang wiwitan, nganti tumeka ing wekasan.

15Nalika kapangandikakaké, "Ing dina iki, menawa sira krungu swantené, aja padha mangkotaké atinira, kaya nalika padha mbaléla."

16Sapa ta kang memungu dukaning Allah, sanadyan padha krungu swantené? Apa iku dudu wong-wong kang padha metu saka Mesir kairid déning Musa?

17Sarta sapa kang dibendoni déning Panjenengané lawasé patang puluh taun? Apa dudu wong-wong kang padha nglakoni dosa sarta kang jisimé padha pating glimpang ana ing pasamunan?

18Sapa kang wis disupaosi yèn bakal ora padha lumebu ing papan paleremané? Apa dudu wong-wong kang padha ora mbangun-turut iku?

19Dadiné kita padha sumurup, menawa wong-wong iku padha ora bisa lumebu amarga padha ora pracaya.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ibrani 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel