Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Ibrani 7 >> 

1Awitdéné Mèlkisèdèk iku ratu Salèm sarta imamé Allah Kang Mahaluhur, kang methukaké sarta mberkahi Abraham, nalika Abraham kondur saka paprangan ngalahaké para raja.

2Abraham uga nyaosaké saprasepuluhé samubarang marang panjenengané. Asma Mèlkisèdèk iku ateges ratuning kaadilan, sarta uga raja Salèm, yaiku rajaning tentrem-rahayu,

3Panjenengané iku tanpa rama, tanpa ibu, tanpa sarasilah, ora ana dina wiyosé, sarta sugengé ora ana wekasané, lan sarèhné panjenengané kasamèkaké karo Putraning Allah, panjenengané lestari jumeneng imam ing salawasé.

4Padha gatèkna, saiba luhuré panjenengané iku, déné Abraham leluhur kita, nganti nyaosi saprasepuluhé saka sakèhing jarahan kang becik dhéwé.

5Manut angger-anggering Torèt, para turuné Lèwi kang padha tampa kalungguhan imam, iku kang diwajibaké nglumpukaké pisungsung prasepuluhan saka umat Israèl, yaiku para Saduluré, sanadyan wong-wong iku uga tedhaké Abraham.

6Nanging Mèlkisèdèk, kang ora tunggal turun karo wong-wong iku, mundhut prasepuluhan saka Abraham sarta mberkahi panjenengané kang wis kagungan prasetya iku.

7Pancèn wis ora kena dibantah, menawa kang luwih asor diberkahi déning kang luwih luhur.

8Imam-imam kang padha nampa prasepuluhan iku wong-wong kang kena ing pati, déné Mèlkisèdèk kang uga nampa prasepuluhan iku sineksènan menawa Panjenengané iku tetep gesang.

9Malah kena dikandhakaké, menawa alantaran Abraham, Lèwi kang wenang nampani prasepuluhan iku iya saos pisungsung prasepuluhan,

10amarga Lèwi isih ana ing sariraning leluhuré nalika Mèlkisèdèk methukaké leluhuré mau.

11Marga saka iku, saupama lantaran kaimamané Lèwi kasampurnan iku bisa digayuh -- jalaran marga kaimaman iku, umat Israèl wis nampa Torèt -- apa sababé déné isih ana imam agung liyané kang prelu katetepaké manut pranatané Mèlkisèdèk, kang ora kasebut manut pranatané Harun?

12Sabab, menawa pranataning kaimaman iku ganti, wis samesthiné angger-anggering Torèt iya bakal ganti.

13Sabab Panjenengané, kang dikarepaké ing kéné iki, kalebu taler liya, saka taler iki ora ana sing tau leladi ing misbyah.

14Amarga wis disumurupi wong kabèh, menawa Gusti kita iku trah saka Yéhuda; déné tumrap taler iki Musa ora tau ngandikakaké apa-apa bab imam-imam.

15Sarta bab iku saya tetéla manèh, menawa ana imam liyané kang katetepaké kaya Mèlkisèdèk,

16kang jumeneng imam ora alandhesan pranataning manungsa, ananging alandhesan dayaning urip kang ora bisa lebur.

17Sabab tumrap Panjenengané ana paseksi mangkéné: "Sira iku dadi Imam ing salawas-lawasé, manut pranatané Mèlkisèdèk."

18Ing sasisih, pranatan kang katetepaké dhisik iku kabatalaké, menawa pranatan iku ora nduwèni kakuwatan lan marga saka iku tanpa guna,

19-- sabab angger-anggering Torèt iku babar pisan ora ngolèhaké kasampurnan -- nanging ing sisih liyané, pangarep-arep kang luwih prayoga katuwuhaké, kang nyedhakaké kita marang Allah.

20Lan bab iki anggoné dumadi ora tanpa sumpah. Wong-wong liyané iku anggoné dadi imam pancèn tanpa sumpah,

21nanging Panjenengané iki nganggo supaos, amarga Allah kang ngandika marang Panjenengané, "Gusti wis supaos sarta Panjenengané ora bakal keduwung: Sira iku Imam ing salawas-lawasé" --

22Marga saka iku Yésus wis dadi tanggelaning prajanjian kang luwih becik.

23Kang padha dadi imam iku cacahé akèh, awit padha ora bisa lestari anggoné jumeneng, jalaran kepalang déning pati.

24Nanging, sarèhning Panjenengané tetep jumeneng salawas-lawasé, kaimamané ora bisa lumèngsèr marang wong liya.

25Mulané Panjenengané uga saged mitulungi rahayu kalawan sampurna marang sakèhing wong kang sowan ing ngarsané Allah lumantar Panjenengané. Jalaran Panjenengané gesang ing salawasé minangka Pantarané wong-wong mau.

26Sabab iya Imam Agung kang kaya mangkono iku kang kita butuhaké, yaiku kang mursid, tanpa salah, tanpa blentong, kang kapisah saka para wong dosa sarta kasengkakaké ngungkuli tingkat-tingkatané swarga,

27Panjenengané ora kaya para imam agung liyané, kang saben dinané kudu nyaosaké kurban tumrap dosané dhéwé lan sawisé iku lagi tumrap dosané umat. Sabab prakara iku wis katindakaké déning Panjenengané sapisan kanggo salawasé, nalika Panjenengané ngurbanaké sarirané piyambak.

28Sabab angger-anggering Torèt iku netepaké para wong kang nandhang kaapesan dadi imam agung, nanging supaos, kang kalairaké sawusé angger-anggering Torét, njumenengaké Sang Putra, kang wis kadadosaké sampurna ing salawas-lawasé.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Ibrani 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel