Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 10 >> 

1Ing Kaisaréa ana wong aran Kornélius, perwiraning pasukan kang diarani pasukan Italia.

2Wong mursid, dalah sabrayaté kabèh ngabekti marang Allah, sarta akèh sedhekahé marang umat Yahudi tuwin tansah ndedonga marang Allah.

3Watara jam telu awan Kornélius ing sajroning tetingalan sumurup kalawan cetha ana malaékaté Allah kang lumebet ing omahé lan ngandikani, "Kornélius!"

4Kornélius mandeng marang malaékat mau lan matur kalawan wedi, "Wonten punapa, Gusti?" Paring wangsulané malaékat mau, "Sakèhing pandongamu lan sedhekahmu wus padha sumengka marang ngarsaning Allah sarta Allah ènget marang kowé.

5Déné saiki kongkonana wong sawatara menyang Yopé, methuk wong aran Simon, kang peparab Pétrus.

6Wong iku nginep ana ing omahé tukang walulang, kang jeneng Simon, omahé ing pinggir sagara."

7Sapengkeré malaékat kang ngandikani mangkono mau, Kornélius banjur nimbali abdiné loro tuwin prajurit siji kang mursid, panunggalané kang tansah tetunggalan karo panjenengané,

8sarta sawisé diparingi katrangan bab sakabèhé, nuli padha diutus menyang Yopé.

9Ésuké nalika utusan mau isih padha ana ing dalan lan wus cedhak karo kutha, watara jam rolas awan, Pétrus minggah ing payon arep ndedonga.

10Banjur kraos luwé lan kepéngin dhahar, nanging nalika dhaharan lagi dicawisaké, dumadakan rohé kalimputan ing pangwaosing Allah.

11Panjenengané pirsa langit menga sarta banjur ana barang kang wujud lawon amba, poncoté papat katalènan, kaudhunaké menyang lemah.

12Lawon mau isi sakèhing kéwan kang sikilé papat, kéwan kang rumangkang sarta manuk.

13Tumuli ana swara kapireng kang dhawuh, "Pétrus, ngadega, nyembelèha lan mangana kéwan-kéwan iku!"

14Nanging Pétrus munjuk, "Mboten Gusti, sabab kawula dèrèng naté nedha punapa-punapa ingkang haram saha najis."

15Tumuli kapireng swara manèh kang kaping pindhoné, dhawuh, "Apa kang wis kapangandikakaké halal déning Allah, aja kokarani haram."

16Bab iku nganti kelakon kaping telu lan sawisé iku lawon mau banjur kaangkat menyang langit manèh.

17Nalika Pétrus isih judheg bab maknaning tetingalan kang mentas ditampèni mau, wong-wong kang diutus déning Kornélius, sawisé takon-takon bab omah palerebané Pétrus, wus ana ing ngarep régol,

18sarta banjur ngundang sawenèhing wong lan takon, apa Simon kang peparab Pétrus lereb ana ing omah kono.

19Nalika Pétrus isih manggalih bab tetingalan mau, banjur dipangandikani déning Roh, "Lah ana wong telu nggolèki sira,

20mulané ngadega, mudhuna lan mangkata bebarengan karo wong-wong iku, aja mangu-mangu, sabab Ingsun kang ngutus wong-wong iku."

21Pétrus banjur mandhap sarta ngandika marang wong-wong mau, "Inggih kula punika tiyang ingkang sampéyan padosi; punapa prelunipun sampéyan sami mriki?"

22Atur wangsulané, "Kornélius, perwira ingkang manahipun tulus saha ngabekti dhateng Allah, punapadéné ingkang sampun kondhang saé wonten ing antawisipun bangsa Yahudi, tampi wangsiting Allah lumantar malaékat suci, supados ngaturi rawuh panjenengan dhateng griyanipun saha mirengaken punapa ingkang badhé panjenengan ngandikakaken."

23Wong-wong mau banjur didhawuhi nginep ana ing kono. Ésuké sawisé wungu, Pétrus tumuli tindak bebarengan karo wong-wong mau sarta ana wong Yopé sawatara kang ndhèrèkaké tindaké.

24Ésuké manèh tindaké wus tekan Kaisaréa, Kornélius wus ngentèni lan wus ngulemi sanak-saduluré lan para mitrané.

25Nalika Pétrus rawuh, Kornélius methukaké kambi sumungkem ing ngarsané sarta sujud.

26Nanging diadegaké déning Pétrus kalawan dingandikani, "Kula aturi jumeneng, kula punika namung manungsa limrah."

27Pétrus nuli lumebet kambi ngandikan karo Kornélius lan pinanggih wong akèh kang wus padha nglumpuk.

28Tumuli padha dingandikani mangkéné, "Panjenengan sadaya sami mangertos, bilih tiyang Yahudi punika dipun awisi sanget srawung kaliyan tiyang-tiyang ingkang sanès Yahudi utawi lumebet ing griyanipun. Nanging Allah sampun paring pitedah dhateng kula, bilih kula mboten dipun parengaken nyebut sok sintena najis utawi haram.

29Inggih punika sababipun kula lajeng mboten kawratan mriki. Pramila kula kepéngin sumerep, punapa sababipun déné kula panjenengan dhatengaken?"

30Aturé Kornélius, "Kawan dinten kapengker, ing wekdal kinten-kinten sami kaliyan sapunika, inggih punika jam tiga siyang, kula saweg ndedonga wonten ing griya.

31Dumadakan wonten priya jumeneng ing ngajeng kula, pangagemanipun gumilap ingkang lajeng ngandika, ‘Kornélius, pandongamu wus kapiyarsakaké déning Allah lan sedhekahmu wus kaèngetan ana ing ngarsaning Allah.

32Mulané kongkonana wong menyang Yopé methuk Simon kang peparab Pétrus, kang lagi mondhok ing omahé Simon, tukang walulang, ing pinggir sagara.’

33Awit saking punika kula énggal-énggal kéngkénan tiyang sowan panjenengan saha panjenengan sampun rawuh kalayan renaning penggalih. Sapunika kula sadaya sampun nglempak ing ngriki, wonten ing ngarsanipun Allah, badhé mirengaken punapa ingkang kadhawuhaken déning Allah dhateng panjenengan."

34Pétrus banjur medhar pangandika mangkéné, "Kula sampun mangertos saèstu, bilih Allah mboten mbédak-mbédakaken tiyang.

35Saben tiyang saking golongan bangsa punapa kémawon, ingkang ngabekti dhateng Pangéran saha ingkang nindakaken punapa ingkang leres, punika ndadosaken keparengipun Allah.

36Punika pangandika ingkang kadhawuhaken dhateng tiyang-tiyang Israèl, nalika Panjenenganipun martosaken bab tentrem-rahayu lantaran Yésus Kristus ingkang jumeneng dados Gustinipun tiyang sadaya.

37Panjenengan sadaya sampun nguningani samukawis ingkang sampun kelampahan wonten ing saindenging tanah Yudéa wiwit saking Galiléa, sasampunipun baptisan ingkang kaundhangaken déning Yohanes,

38inggih punika bab Yésus saking Nasarèt: anggènipun jinebadan déning Allah kalawan Roh Suci saha daya-pangwaos. Panjenenganipun tindak mider-mider kalayan nindakaken kasaénan sarta nyarasaken sakathahing tiyang ingkang kawasésa déning Iblis, amargi Allah nunggil kaliyan Panjenenganipun.

39Wondéné kula sadaya punika sami dados seksi tumrap sadaya ingkang dipun tindakaken wonten ing tanahipun tiyang Yahudi saha ing Yérusalèm; wasana lajeng kasédanan sarana kagantung ing kajeng salib.

40Ing tigang dintenipun Yésus punika dipun wungokaken déning Allah saha sampun dados keparenging Allah, bilih Panjenenganipun lajeng ngatingal,

41mboten dhateng tiyang sabangsa sadaya, nanging namung dhateng para seksi, ingkang sadèrèngipun sampun katemtokaken déning Allah, inggih punika dhateng kula sadaya ingkang sampun ndhèrèk nedha lan ngombé kaliyan Panjenenganipun, sasampunipun Panjenenganipun wungu saking antawisipun tiyang pejah.

42Punapadéné Panjenenganipun sampun paring ayahan dhateng kula sadaya, martosaken dhateng tiyang sabangsa sadaya saha dados seksi, bilih inggih Panjenenganipun punika ingkang pinasthi déning Allah dados Hakim tumrap tiyang ingkang gesang saha ingkang pejah.

43Inggih Panjenenganipun punika ingkang dipun seksèni para nabi sadaya, bilih sinten ingkang pitados dhateng Panjenenganipun, badhé tampi pangapuntening dosa margi saking asmanipun."

44Nalika Pétrus lagi ngandika mangkono iku, wong kabèh kang ngrungokaké pangandika padha katedhakan Roh Suci.

45Sakèhing wong pracaya saka golongan tetakan kang ndhèrèkaké Pétrus, padha éram, jalaran padha sumurup, yèn Roh Suci iku uga kaparingaké marang bangsa-bangsa liya;

46amarga padha krungu anggoné wong-wong mau banjur padha guneman nganggo basa ilat lan ngluhuraké Allah. Pétrus banjur ngandika,

47"Apa ana kang bisa ngalang-alangi wong-wong iki padha dibaptisi nganggo banyu, marga wus padha tampa Roh Suci kayadéné kita?"

48Banjur dhawuh, supaya wong-wong mau padha dibaptisi ing asmané Yésus Kristus. Sawusé iku nuli padha nyuwun, supaya Pétrus lereb ana ing kono sawatara dina.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kisah Para Rasul 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
© 2010-2019
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran