Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Kisah Para Rasul 27 >> 

1Bareng wus diputus, aku kabèh bakal lelayaran menyang Italia, Paulus lan wong tahanan liyané sawatara dipasrahaké marang opsir wadyabalané Kaisar, jenengé Yulius.

2Aku padha nunggang kapal saka palabuhan Adramitium, kang bakal lelayaran menyang palabuhan-palabuhan ing sauruting pesisiré Asia, tumuli padha mangkat. Aristarkhus, wong Makédonia saka Tésalonika, mbarengi lakuku.

3Ésuké mampir ing Sidon. Pangrengkuhé Yulius marang Paulus becik, mulané dililani nemoni para mitrané, supaya padha nyukupi kabutuhané.

4Sarèhné nampek angin, anggonku padha lelayaran saka ing kono mlipir ing pesisiring pulo Siprus,

5banjur nrajang sagara ing sangareping Kilikia lan Pamfilia, nuli padha tekan Mira ing wilayah Likia.

6Ana ing kono, opsir mrangguli kapal saka Alèksandria, kang arep lelayaran menyang Italia. Aku kabèh padha dipindhah mrono.

7Nganti pirang-pirang dina anggonku padha lelayaran mèh ora bisa maju, sarta kalawan rekasa banget anggonku padha bisa nyedhaki Knidus. Sarèhné anginé terus baé nampek, aku kabèh mlipir ing pesisiré pulo Kréta, ngliwati tanjung Salmoné.

8Kalawan rekasa banget anggonku ngliwati tanjung mau, tumuli tekan panggonan, kang aran Palabuhan Éndah, ing sacedhaké kutha Laséa.

9Nalika samana wus akèh wektu kang muspra. Wektu puwasa wus kliwat, mulané menawa mbacutaké anggonku padha lelayaran mbebayani. Awit saka iku Paulus nuli ngèngetaké marang wong kabèh, pangandikané,

10"Para Sadhèrèk, saking pangraos kula, anggèn kita sami lelayaran punika badhé manggih alangan kathah saha badhé kapitunèn ageng, mboten namung baita samomotanipun kémawon, nanging dalasan gesang kita pisan."

11Éwadéné opsir mau luwih ngandel marang juru-mudhi lan nakodha tinimbang karo pangandikané Paulus.

12Sarèhné palabuhan iku ora kapénak kanggo labuh ing mangsa adhem, mulané wong-wong mau kang akèh padha sarujuk, menawa mbacutaké laku lan mbudidaya bisané tekan kutha Féniks, sarta banjur lèrèn ana ing kono sajroné mangsa adhem iku. Kutha Féniks iku sawenèhing palabuhané pulo Kréta, kang adhepé ngidul ngulon lan ngalor ngulon.

13Ing nalika iku ana angin sumilir saka kidul, mulané wong-wong padha ngira, yèn sedyané mesthi bakal kaleksanan. Banjur padha mbedhol jangkar lan layar mlipir cedhak banget karo pulo Kréta.

14Nanging ora antara suwé nuli ana prahara saka pulo iku, kang diarani angin "Lor-Wétan".

15Kapalé kabuncang lan ora bisa nahan tumempuhing angin saka ngarep. Mulané aku kabèh banjur pasrah manut ing salakuné angin.

16Wasana aku padha kéntir tekan pasisiring pulo cilik kang aran Kauda; ana ing kono kalawan rekasa anggonku padha bisa nggondhèli sekocining kapal.

17Bareng sekoci mau diunggahaké ing kapal, wong-wong padha masang piranti kanggo nylametaké kapalé srana diubedi tali. Sarèhné sumelang menawa kapalé bakal kandhas ing dhasar pasir Sirtis, layaré nuli diudhunaké lan banjur ngèli baé manut salakuné angin.

18Sarèhné banget anggonku padha katempuh ing prahara, mulané ésuké wong-wong padha wiwit mbuwangi momotaning kapal menyang sagara.

19Ing telung dinané padha mbuwangi dhéwé pirantining kapal.

20Bareng nganti sawatara dina srengéngé utawa lintang-lintang ora katon sarta tansah kaancam ing angin prahara kang nggegirisi, aku kabèh wus ora duwé pangarep-arep yèn bakal slamet.

21Lan sarèhné wong-wong wus suwé anggoné padha ora mangan, Paulus tumuli jumeneng ana ing satengahé sarta ngandika, "Para Sadhèrèk, manawi sami ndhahar atur kula, supados mboten lelayaran saking pulo Kréta, kita tamtu mboten ngraosaken kasisahan saha mboten kapitunan makaten punika!

22Éwadéné sapunika ing salebeting kasangsaran punika, keparenga kula ngaturi pamrayogi, sami kula aturi tatag kémawon ing salebeting panggalih, amargi panunggilan panjenengan satunggal kémawon mboten wonten ingkang badhé tiwas, kajawi namung baitanipun.

23Awit kala wau dalu wonten malaékating Allah, inggih punika Allah, ingkang kula sembah tuwin ingkang ndarbèni kula, jumeneng wonten ing sandhing kula

24sarta ngandika: Aja wedi, Paulus! Kowé kudu sowan marang ngarsané Kaisar lan sanyatané marga sih-rahmating Allah, wong kabèh kang bebarengan karo kowé ana ing kapal iki bakal padha slamet, marga bareng karo kowé.

25Milanipun dipun tatag kémawon panggalih panjenengan, para Sadhèrèk! Awit kula pitados dhateng Allah, bilih sadaya tamtu badhé kalampahan, kados ingkang kapangandikakaken dhateng kula wau.

26Ananging kula sadaya kedah ngandhasaken kapal punika wonten ing salah satunggaling pulo."

27Ing benginé kang kaping patbelas aku kabèh isih terus diontang-antingaké ana ing sagara Adria. Nanging bareng tengah wengi wong-wong kapal padha krasa, yèn wus cedhak karo dharatan.

28Banjur ngukur jeroné banyu sagara nganggo bandhul jajagan, tinemu kira-kira patang puluh meter. Bareng wus maju sawatara, nuli njajagi manèh, tinemu kira-kira telung puluh meter.

29Sarèhné aku kabèh sumelang, yèn bakal kandhas ing salah sawijining karang, mulané wong-wong padha mbuwangi jangkar papat kang ana ing buritan sarta aku padha ngarep-arep, muga-muga énggal ésuk.

30Nanging wong-wong kapal padha sumedya minggat saka kapalé, sarta padha ngudhunaké sekoci, éthok-éthok arep mbuwangi jangkar saka ing ngarep.

31Mulané Paulus banjur matur marang opsir lan para prajurit, "Manawi tiyang-tiyang punika mboten tetep wonten ing kapal, panjenengan sadaya mboten badhé wilujeng."

32Para prajurit banjur ngethoki talining sekoci, tumuli diceguraké.

33Bareng wus ngarepaké raina, Paulus ngajak wong kabèh, padha didhawuhi mangan, pangandikané, "Sampun kawan welas dinten dangunipun anggèn panjenengan sami ngantos-antos kémawon, nahan luwé mboten dhahar punapa-punapa.

34Pramila kula ngaturi pamrayogi, sami karsaa dhahar rumiyin. Bab punika prelu kanggé kawilujengan panjenengan. Ing antawis panjenengan mboten wonten satunggal kémawon ingkang badhé kécalan rambuting sirahipun sanadyan namung saeler kémawon."

35Sawusé ngandika mangkono, panjenengané nuli mundhut roti, lan sawusé saos sokur marang Allah ana ing ngarepé wong akèh, rotiné banjur dicuwil-cuwil sarta wiwit dhahar.

36Wong kabèh banjur padha lejar atiné pulih semangaté, lan iya banjur padha mangan.

37Gunggungku kabèh kang ana ing kapal iku ana rong atus pitung puluh enem.

38Sawusé padha wareg, momotan gandum padha dibuwangi menyang sagara, supaya kapalé dadi ènthèng.

39Lan bareng wus awan, wong-wong padha ndeleng teluk kang pesisiré warata. Sanadyan padha durung tau weruh dharatan ing kono, éwasamono banjur netepaké bisané ngandhasaké kapalé ana ing kono.

40Tali-talining jangkar dikethoki, jangkaré padha ditinggal ana ing dhasaring sagara. Tali-tali kemudhi padha diuculi, banjur masang layar panampek, supaya angin bisa nyurung kapalé menyang pesisir.

41Nanging banjur nabrak wedhi dhasaré sagara, temahan kapalé kandhas. Pérangan kang ngarep ambles ora bisa obah, déné kang buri remuk marga saka panempuhing alun kang nggegirisi.

42Nalika samana para prajurit sedyané arep matèni pasakitan kabèh, supaya ora ana siji-sijia kang bisa nglangi minggat.

43Nanging opsire kepéngin milujengaké Paulus. Mulané niyaté para prajurit mau digagalaké sarta préntah, supaya wong-wong kang bisa nglangi padha ndhisiki nyegur ing sagara lan munggah ing dharatan,

44déné wong-wong liyané nusul migunakaké blabag utawa remukané kapal. Dadiné wong kabèh mau padha bisa munggah ing dharatan kanthi slamet.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Kisah Para Rasul 27 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel