Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 12 >> 

1Nalika samana éwon wong akèhé kang padha nglumpuk, nganti padha suk-sukan. Yésus banjur paring piwulang, kang dhisik marang para sakabaté, pangandikané, "Padha diawas marang raginé para Farisi, yaiku bab lamising budiné.

2Ora ana barang kang katutupan kang ora bakal kawiyak, lan ora ana barang kang kadhelikaké kang ora bakal kaweruhan.

3Mulané apa kang kokkandhakaké ana ing petengan iku bakal kaprungu ana ing padhangan, sarta apa kang kokkandhakaké kalawan bisik-bisik ana ing kamar, iku bakal kawartakaké saka ing payon.

4Aku pitutur marang kowé, hé, mitra-mitraku, aja wedi marang wong-wong kang bisa matèni badan, nanging sawisé mangkono ora bisa apa-apa manèh.

5Kowé bakal padha daktuduhi, sapa kang kudu kokwedèni. Padha wedia marang Panjenengané, kang sawusé matèni iya kwasa nyemplungaké wong menyang naraka. Sabeneré Aku pitutur marang kowé: Iya Panjenengané iku kang kudu kokwedèni.

6Manuk emprit lima rak mung payu rong dhuwit? Éwasamono ora ana siji-sijia kang disupèkaké déning Allah,

7malah dalasan rambuté sirahmu iku wus diétung kabèh. Mulané aja padha wedi, sabab ajimu rak ngungkuli manuk emprit pirang-pirang.

8Aku pitutur marang kowé: Saben wong kang ngakoni Aku ana ing sangareping wong, iku iya bakal diakoni déning Putraning Manungsa ana ing ngarepé para malaékating Allah.

9Nanging sing sapa nyélaki Aku ana ngarepé wong, iya bakal disélaki ana ing ngarepané para malaékaté Allah.

10Sing sapa ngucapaké tembung kang nglawan marang Putraning Manungsa, iku bakal diapura, nanging sing sapa nyenyamah marang Roh Suci, iku bakal ora diapura.

11Menawa kowé padha diladèkaké marang ngarsané para pradataning agama ing dalem pamujan, utawa marang ngarsané para pamaréntah lan para kang ngasta pangwasa, aja padha sumelang, kepriyé anggonmu bakal mbélani awakmu lan apa kang kudu kokaturaké.

12Amarga ing wektu iku uga Roh Suci bakal muruki kowé apa kang kudu kokaturaké."

13Tumuli ana wong panunggalané wong akèh iku kang matur marang Yésus, "Guru, Paduka mugi karsa ndhawuhi sadhèrèk kawula, supados andum warisan kaliyan kawula."

14Nanging Yésus ngandika marang wong mau, "Sadulur, sapa sing ngangkat Aku dadi hakim utawa dadi panengah ana ing antaramu?"

15Banjur ngandika marang wong akèh, "Padha diwaspada lan diprayitna tumrap sakèhing kamurkan, sabab sanadyan wong duwé bandha nganti akèh banget, uripé ora gumantung marang kasugihané iku."

16Sawusé mangkono banjur padha dipangandikani ngagem pasemon, mangkéné, "Ana wong sugih, pametuning palemahané akèh banget.

17Banjur mikir: Kepriyé ya, rékané, aku ora duwé panggonan kanggo nyimpen pametu samono akèhé iku.

18Tumuli kandha: Énaké mangkéné baé: lumbung-lumbungku dakbubrahané, banjur gawé kang luwih gedhé lan gandumku kabèh apadéné sakèhing barang-darbèkku daksimpené ana ing kono.

19Sawusé iku nyawaku nuli dakkandhanané: Hé, nyawaku, kowé wus duwé bandha akèh banget, cukup kanggo urip pirang-pirang taun, mulané ngasoa, mangana, ngombéa lan seneng-senenga.

20Ananging dhawuhé Allah marang wong mau: Hé, wong kang bodho, bengi iki uga nyawanira bakal kapundhut saka ing sira. Lan apa kang wus sira cawisaké iku, arep kanggo sapa?

21Iya kaya mangkono iku kadadéané wong kang nglumpukaké bandha kanggo awaké dhéwé, mangka ora duwé kasugihan ana ing ngarsané Allah."

22Yésus banjur ngandika marang para sakabaté, "Mulané Aku pitutur marang kowé: Aja padha sumelang ing bab uripmu, apa kang bakal kokpangan, lan aja sumelang ing bab awakmu, apa kang bakal koksandhang.

23Amarga urip iku ajiné ngungkuli pangan, lan badan iku ngungkuli sandhangan.

24Padha delengen, manuk gagak iku ora padha nyebar lan ora derep apadéné ora duwé gudhang utawa lumbung, éwasemono padha diparingi pangan déning Allah. Ajimu rak banget anggoné ngungkuli manuk-manuk iku!

25Sapa ta panunggalanmu kang marga saka sumelang bisa nambahi umuré saasta?

26Dadi yèn kowé ora bisa nindakaké bab kang sepélé baé iku, kepriyé déné kok nyumelangaké bab liya-liyané?

27Padha tamatna kembang bakung kaé, ora ngantih ora nenun, éwadéné Aku pitutur marang kowé: Salomo sajroné sagunging kaluhurané, pangagemané ora ngungkuli éndahé salah sijining kembang iku.

28Dadi, yèn suket ing ara-ara, kang saiki isih ana, sésuk kabuwang ing geni, iku dipanganggoni déning Allah nganti kaya mangkono, saya manèh kowé, hé, wong kang cupet ing pangandel!

29Mulané aja padha mrihatinaké apa kang bakal kokpangan lan kokombé sarta aja melang-melang.

30Awit iku kabèh kang diupaya déning wong kang ora wanuh marang Allah. Ramamu rak ora kekilapan, yèn iku kabèh dadi kabutuhanmu.

31Nanging Kratoning Allah iku padha upayanen, nuli kabèh iku mau bakal diwuwuhaké marang kowé.

32Aja padha wedi, hé pepanthan cilik! Amarga Ramamu wus kepareng maringaké Kraton iku marang kowé.

33Barang darbèkmu dolana kabèh, banjur dedanaa! Gawéa kanthong-kanthong kang ora bisa lawas, nglumpukna rajabrana ing swarga, kang ora bakal entèk, kang ora bakal katekanan maling sarta ora bakal karusak déning renget.

34Amarga ing ngendi dunungé bandhamu, iya ing kono dununging atimu."

35"Lambungmu tetep sabukana lan lampumu tetepa murub.

36Sarta kowé padha kayaa wong-wong kang nganti-anti rawuhé bendarané saka pahargyan mantèn, supaya menawa wis kondur lan thothok-thothok lawang, énggal bisa ngengani lawang.

37Begja para abdi kang sarawuhé bendarané ketemu isih melèk. Aku pitutur marang kowé: Satemené bendara mau bakal ngagem sabuké, para abdiné banjur padha didhawuhi mangan bebarengan, sarta bendara mau kang bakal ngladèni.

38Menawa rawuhé ing tengah wengi utawa ing wayah bangun ésuk mangka para abdi mau ketemu mangkono, begja wong-wong iku.

39Nanging padha mangertia: Saupama kang duwé omah ngerti tekané maling jam pira, mesthi ora bakal ngenengaké baé omahé dibabah.

40Mulané kowé kabèh padha tansah rumantia, awit rawuhé Putrané Manungsa iku ing wektu kang ora koknyana."

41Pétrus banjur munjuk, "Gusti, ingkang Panjenengan karsakaken kanthi pasemon punika punapa kawula sakanca, punapa inggih dhateng tiyang sadaya?"

42Paring wangsulané Gusti, "Sapa ta kang dadi pangruktining omah kang setya lan pinter, kang bakal diangkat déning bendarané dadi tetuwaning para abdi kang tinanggenah ngedum pangan marang para abdi kabèh ing wayah kang wus katemtokaké?

43Begja abdi kang ketemu nindakaké kuwajibané nalika bendarané rawuh.

44Aku pitutur marang kowé: Satemené bendarané mau mesthi bakal ngangkat wong iku dadi abdi kang tinanggenah ngawasi sakèhing barang kagungané.

45Nanging menawa abdi mau duwé gagasan mangkéné: Bendaraku kok ora rawuh-rawuh, banjur wiwit menthungi para abdi lanang lan wadon, sarta mangan lan ngombé nganti mendem,

46samangsa bendarané rawuh ing dina kang ora kanyana lan ing wayah kang ora disumurupi, mesthi wong mau bakal ditigas lan dipadhakaké karo wong kang ora setya.

47Anadéné abdi kang ngerti marang karsané bendarané, mangka ora cecawis utawa ora nindakaké apa kang dikersakaké déning bendarané, iku bakal digebugi marambah-rambah.

48Nanging kang ora ngerti marang karsané bendarané, mangka banjur nindakaké apa kang kagolong kena ing ukuman gebug, iku bakal tampa paukuman gebug, nanging ènthèng baé. Saben wong kang kaparingan akèh, iku bakal kapundhutan akèh, sarta kang dipracaya akèh, bakal kapundhutan luwih akèh manèh."

49"Tekaku iki saprelu nekakaké geni ing bumi lan sapira kang dakkarsakaké, geni iku wis murub!

50Aku kudu kabaptis, lan sapira gedhéné kasusahaning atiku, sadurungé iku kelakon!

51Apa pangiramu, tekaku ing bumi iki nggawa katentreman? Ora, Aku pitutur marang kowé, dudu pirukun, nanging crah.

52Amarga wiwit saiki wong lima kang tunggal saomah bakal crah, kang telu nglawan kang loro, kang loro nglawan kang telu.

53Kabèh bakal padha crah, bapa karo anaké lanang, lan anak lanang karo bapakné, embok karo anaké wadon, lan anak wadon karo embokné, embok maratuwa karo mantuné wadon, lan mantu wadon karo embokné maratuwa."

54Ana manèh pangandikané Yésus marang wong akèh, "Menawa kowé padha weruh mendhung kandel ing sisih kulon, kowé banjur bisa kandha: Arep udan, lan tumuli iya kelakon mangkono.

55Sarta menawa ana angin saka kidul, kowé banjur kandha: Mengko bakal panas banget, lan iku iya tumuli kelakon mangkono.

56Hé, wong lamis, pratandhané bumi lan langit kowé padha bisa nitèni, yagéné kowé ora bisa nitik kaanané jaman iki?

57Lan manèh yagéné kowé padha ora netepaké dhéwé apa kang bener?

58Amarga, menawa kowé karo lawananmu padha arep ngadhep marang pamaréntah, ana ing dalan ngudia rukun karo wong mau, supaya kowé aja nganti diladèkaké marang hakim, lan hakim banjur masrahaké kowé marang pambantuné sarta pambantu iku tumuli nglebokaké kowé ing pakunjaran.

59Aku pitutur marang kowé: Kowé ora bakal metu saka kono sadurungé kowé mbayar utangmu nganti lunas."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Lukas 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel