Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 22 >> 

1Nalika samana wus ngarepaké riyaya Roti Tanpa Ragi, kang aran Paskah.

2Para pangareping imam lan para ahli Torèt padha golèk dalan, anggoné bisa nyédani Yésus, amarga padha wedi karo wong akèh.

3Yudas, kang peparab Iskariot, panunggalané sakabat rolas tumuli kasurupan déning Iblis,

4banjur lunga marani para pangareping imam lan para lelurahing jaga-baya Padaleman Suci, prelu rembugan bab anggoné bakal ngulungaké Yésus.

5Wong-wong padha bungah lan sarujuk bakal padha awèh opah.

6Yudas nyaguhi sarta wiwit nalika iku tansah golèk dalan bisané ngulungaké Yésus, ora nganti kasumurupan ing wong akèh.

7Bareng tekan dinané riyaya Roti Tanpa Ragi, yaiku dina anggoné wong-wong padha nyembelèh cempéning Paskah,

8Yésus banjur ngutus Pétrus lan Yohanes, dhawuhé, "Kowé padha lungaa, nyawisna Paskah kang bakal padha kita pangan."

9Unjuké wong loro mau, "Karsa Paduka anggèn kawula sami nyawisaken wonten ing pundi?"

10Paring wangsulané Yésus, "Menawa kowé padha lumebu ing kutha, kowé bakal kepethuk wong kang nggawa jun isi banyu, iku banjur etutna tekan omah kang dileboni,

11lan kandhaa marang kang duwé omah iku: Guru ndangu dhateng panjenengan: Endi kamaré, sing kena dakanggo mangan Paskah bebarengan karo para sakabatku?

12Wong iku banjur bakal nuduhaké marang kowé kamar gedhé ing dhuwur kang wus katata. Kowé padha nganakna pacawisan ana ing kono."

13Sakaroné banjur padha mangkat, tinemuné iya trep kaya kang kapangandikakaké déning Yésus. Nuli padha nyawisaké Paskah.

14Bareng wus tumeka ing wayahé, Yésus banjur lenggah dhahar bebarengan karo para rasulé.

15Tumuli padha dipangandikani, "Aku wus kepéngin banget dhahar Paskah iki bebarengan karo kowé kabèh, sadurungé Aku nandhang sangsara.

16Awit Aku pitutur marang kowé: Aku ora bakal mangan iku manèh, nganti iku wus kelakon ana ing Kratoning Allah."

17Sawusé mangkono Panjenengané banjur mundhut tuwung, saos sokur nuli ngandika, "Iki tampanana lan edumen kang warata,

18sabab Aku pitutur marang kowé: wiwit saiki Aku ora bakal ngombé pametuning wit anggur manèh, nganti Kratoning Allah rawuh."

19Tumuli mundhut roti, saos sokur, banjur nyuwil-nyuwil roti mau kaparingaké marang para sakabat kalawan ngandika, "Iki badanku kang kaparingaké marga saka kowé. Iki tindakna minangka pangéling-éling marang Aku."

20Mangkono uga tuwungé, sawusé dhahar, pangandikané, "Tuwung iki prajanjian anyar kang sarana getihku, kang kawutahaké marga saka kowé!

21Nanging, delengen, tangané wong kang ngiyanati Aku, nunggal karo Aku ana ing méja kéné.

22Sabab Putraning Manungsa pancèn bakal jengkar miturut ing pepesthèné, nanging bilai wong kang dadi margané anggoné kaulungaké."

23Banjur padha wiwit takon-tinakon, panunggalané iku sapa ta kang bakal tumindak mangkono.

24Kacarita para sakabat iya padha padudon bab panunggalané sapa kang bakal dianggep gedhé dhéwé.

25Yésus banjur ngandika marang wong-wong mau, "Raja-rajané para bangsa iku mréntah marang kawulané lan kang padha ngwasani iku diarani kang paring pangayoman.

26Nanging kowé kabèh iku ora mangkono, malah kang gedhé dhéwé ana ing antaramu iku dadia kaya kang anom dhéwé lan kang dadi panuntun dadia kang ngladèni.

27Amarga sapa ta kang luwih gedhé: kang linggih mangan, apa kang ngladèni? Rak kang linggih mangan? Ananging Aku iki ana ing satengah-tengahmu dadi kang ngladèni.

28Kowé kabèh iku kang tansah tetunggalan karo Aku sajroné Aku kena ing godha-rencana.

29Sarta Aku wus nyawisaké Kraton kanggo kowé kabèh kayadéné Ramaku anggoné wus nyawisaké marang Aku,

30supaya kowé padha bisa mangan lan ngombé tunggal saméja karo Aku ana ing Kratonku. Apamanèh kowé bakal padha linggih ing dhampar lan ngadili taleré Israèl rolas."

31"Simon, Simon, weruha, Iblis banget anggoné nginteri kowé, kaya gandum,

32nanging kowé wus dakdongakaké, supaya pracayamu ora ilang. Lan kowé, menawa wus mratobat, sadulur-sadulurmu padha santosakna."

33Atur wangsulané Pétrus, "Gusti, kawula cumadhang mbélani Panjenengan, sanadyan ngantosa dipun kunjara lan dumuginipun pejah pisan."

34Nanging Yésus ngandika, "Aku pitutur marang kowé, Pétrus: ing dina iki bakal ora ana jago kluruk, sadurungé kowé nyélaki Aku nganti ping telu."

35Yésus banjur ngandika manèh, "Nalika kowé padha dakutus kaé, ora nggawa wadhah dhuwit, kanthong utawa trumpah, apa kowé tau padha kekurangan apa-apa?"

36Aturé para sakabat, "Mboten babar pisan." Pangandikané Yésus, "Nanging saiki iki, sapa kang duwé wadhah dhuwit, gawanen, mangkono uga kang duwé kanthong; lan kang ora duwé pedhang, ngedola jubahé kanggo tuku.

37Amarga Aku pitutur marang kowé, nas ing Kitab Suci iki iya kudu kayektènan tumraping Aku: Panjenengané bakal kaétang kagolongaké para kraman. Amarga apa kang katulis tumrap ing Aku iku lagi kelakon."

38Unjuké para sakabat, "Gusti, punika wonten pedhang kalih." Paring wangsulané Yésus, "Wus cukup."

39Yésus banjur miyos tindak menyang Gunung Zaitun kaya adaté, uga kadhèrèkaké déning para sakabaté.

40Sarawuhé tekan kono, para sakabaté padha dipangandikani, "Padha ndedongaa, supaya aja nganti kena ing panggodha."

41Panjenengané banjur misah dohé kira-kira sapambalang watu, nuli jèngkèng ndedonga, aturé,

42"Dhuh Rama, manawi Paduka marengaken, mugi tuwung punika kapundhuta saking Kawula. Nanging sampun pikajeng Kawula, namunga karsa Paduka ingkang kalampahan."

43Banjur diketingali malaékat saka ing langit kang nyantosakaké Panjenengané.

44Panjenengané giris banget lan saya ngepeng anggoné ndedonga. Riwéné nganti kaya tètèsing getih kang padha tumiba ing lemah.

45Banjur jumeneng saka anggoné ndedonga lan tindak murugi para sakabaté, ketemu padha turu, marga saka sedhihé.

46Nuli padha dipangandikani, "Yagéné kowé padha turu? Tangia lan ndedongaa, supaya aja padha kena ing panggodha."

47Sajroné isih ngandika, ana wong sagrombolan teka, kairid déning panunggalané sakabat rolas kang jenengé Yudas, iku banjur nyelaki Yésus arep nucup.

48Yésus banjur ngandika marang wong iku, "Hé, Yudas, anggonmu ngulungaké Putraning Manungsa apa sarana nucup?"

49Kang padha ndhèrèk Yésus, bareng ngerti apa kang bakal kelakon banjur padha munjuk, "Gusti, punapa kepareng kawula lawan srana pedhang?"

50Ana panunggalané tumuli medhang abdiné Imam Agung, kupingé tengen kaperung.

51Nanging Yésus ngandika, "Wis, samono baé!" Kupingé banjur kaasta kawarasaké.

52Yésus tumuli ngandika marang para pangareping imam lan para kepalané jaga-baya Padaleman Suci sarta para pinituwa kang padha teka sumedya nyekel Panjenengané, "Apa Aku iki kokanggep bégal, déné anggonmu padha teka sikep gegaman pedhang lan penthung?

53Mangka saben dina Aku ana ing tengahmu, ana ing Padaleman Suci, kowé ora padha nyekel Aku. Nanging iki wektumu, lan iya iki pangwasané pepeteng iku."

54Yésus banjur dicepeng lan digawa lunga saka panggonan kono, diirid menyang dalemé Imam Agung. Anadéné Pétrus ngetutaké saka ing kadohan.

55Wong-wong padha dadèn geni ana ing satengahing plataran lan banjur padha linggih gegeni. Pétrus iya mèlu linggih ing kono.

56Nuli ana abdi wadon weruh Pétrus linggih cedhak geni, banjur ditamataké, tumuli alok, "Wong iki iya panunggalané."

57Nanging Pétrus sélak, pangucapé, "Mboten, kula mboten wanuh kalih wong niku!"

58Ora let suwé ana wong liyané kang weruh Pétrus lan banjur alok, "Sampéyan niku inggih tunggalé." Nanging wangsulané Pétrus, "Dédé, kula dédé."

59Lan kira-kira let sajam ana wong liyané manèh kang alok kanthi yakin, "Temenan, wong iki iya tunggalé, sabab iki iya wong Galiléa."

60Nanging Pétrus mangsuli, pangucapé, "Dédé, kula mboten ngerti napa sing mang kandhakké niku." Sanalika iku uga, nalika Pétrus ngucap mangkono iku, ana jago kluruk.

61Yésus banjur minger mirsani Pétrus. Pétrus nuli kèlingan, yèn Gusti wis ngandika, "Sadurungé jago kluruk ing dina iki, kowé wis nyélaki Aku kaping telu."

62Pétrus nuli metu lan nangis kelara-lara.

63Yésus dipoyoki déning wong-wong, kang padha nahan Panjenengané, sarta digebagi.

64Pasuryané ditutupi déning wong-wong lan disuwuni pirsa, "Coba, bedhèken sapa sing nggebugi Kowé iku?"

65Kajaba iku isih akèh manèh panguman-umané marang Panjenengané.

66Bareng wus ésuk, para pinituwaning bangsa Yahudi, para pangareping imam lan para ahli Torèt padha nganakaké parepatan, Yésus banjur diladèkaké marang ngarsané Pradata Agama.

67Nuli padha ndangu, "Menawa Kowé iki Mésias, kandhaa marang aku kabèh." Paring wangsulané Yésus, "Sanadyan Aku kandha marang kowé kabèh, kowé bakal padha ora ngandel;

68lan sanadyan Aku takon apa-apa, kowé kabèh bakal ora mangsuli.

69Wiwit saiki Putraning Manungsa wus lenggah ana ing satengening Allah Kang Mahakwasa."

70Wong-wong mau banjur padha ngucap, "Yèn mangkono, Kowé iku Putraning Allah?" Paring wangsulané Yésus, "Kowé dhéwé kang padha kandha, yèn Aku iki Putraning Allah."

71Banjur padha kandha, "Apa preluné kita isih padha golèk paseksi manèh. Kita wis padha krungu dhéwé saka pangucapé."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Lukas 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
© 2010-2022
Alkitab.SABDA.org

Android.SABDA.org
SABDA.mobi
Bantuan
Dual Panel

Laporan Masalah/Saran