Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2006]     [PL]  [PB] 
 <<  Lukas 3 >> 

1Sajroning papréntahané Kaisar Tibérius wis nyandhak limalas tauné, nalika Pontius Pilatus jumeneng gubernur ing Yudéa, lan Hérodès jumeneng raja-wilayah ing Galiléa, Filipus sadhèrèké jumeneng raja-wilayah Ituréa lan Trakhonitis, sarta Lisanias jumeneng raja-wilayah Abiléné,

2apadéné Hanas lan Kayafas jumeneng Imam Agung, Allah paring pangandika marang Yohanes, putrané Imam Zakharia, ana ing ara-ara samun.

3Yohanes banjur ndlajahi saindengé wilayah Yordan sarta martakaké baptisan pitobat murih apuraning dosa,

4kaya kang tinulis ing kitab pamecané Yésaya, "Ana swaraning wong kang nguwuh-uwuh ana ing ara-ara samun. Padha nyawisna margining Pangéran, lencengna lurung-lurungé kagem Panjenengané!

5Saben jurang bakal kaurug, lan saben gunung lan gumuk bakal digawé rata; kang ménggak-ménggok bakal kalencengaké, kang mendhak-mandhukul bakal karatakaké,

6apadéné sakèhing wong bakal weruh karahayon kang saka ing Pangéran."

7Yohanes banjur ngandika marang wong akèh kang padha sowan nyuwun baptis, "Hé, turuning ula bedhudhak! Sapa kang akon kowé nyingkiri bebendu kang bakal tumempuh?

8Mulané padha metokna wohing pitobat kang sembada. Lan aja padha nduwèni pangrasa: Abraham iku rama leluhur kita! Awit aku pitutur marang kowé: Allah kwaos akarya turuning Abraham saka watu-watu iki!

9Wadungé wus cumepak ana ing poking wit, lan saben wit kang ora metokaké woh kang becik, bakal ditegor sarta dicemplungaké ing geni."

10Wong akèh mau banjur padha nyuwun pirsa, "Menawi makaten, punapa ingkang kedah sami kula tindakaken?"

11Paring wangsulané, "Sing sapa duwé klambi loro, supaya mènèhi wong kang ora duwé, lan sing sapa duwé pangan, iya tumindaka mangkono."

12Ana juru-narik-pajeg kang uga teka arep nyuwun baptis, iku padha nyuwun pirsa, "Guru, kula kedah sami nglampahi punapa?"

13Paring wangsulané, "Aja padha nagih ngluwihi kang wus katamtokaké tumrap kowé!"

14Para prajurit uga padha nyuwun pirsa, "Menawi kula, punapa ingkang kedah sami kula lampahi?" Paring wangsulané Yohanes, "Aja ngrampas lan aja meres, cukupna nganggo blanjamu dhéwé."

15Nanging sarèhné wong akèh lagi padha nganti-anti lan ngarep-arep Mésias, kabèh padha nggraita apa Yohanes iku Panjenengané,

16Yohanes banjur paring wangsulan, pangandikané, "Aku iki mbaptisi kowé nganggo banyu, nanging Panjenengané kang pangwasané ngungkuli aku, bakal rawuh lan sanadyan mung nguculi talining trumpahé baé, aku ora patut. Panjenengané bakal mbaptisi kowé ngagem Roh Suci lan geni.

17Panjenengané wus ngasta piranti kagem ngresiki gandum lan papan panutoné; gandumé kaklumpukaké ing lumbungé, nanging mrambuté bakal diobong ing geni kang ora bisa sinirep."

18Kanthi paring pitutur liyané kang akèh Yohanes nggelaraké Injil marang wong akèh.

19Ananging bareng panjenengané melèhaké Hérodès, raja-wilayah kono, bab lelakoné karo Hérodias, garwané sadhèrèké, tuwin bab anggoné nindakaké sakèhing piala liya-liyané,

20raja iku saya wuwuh durakané, srana anggoné ngunjara Yohanes.

21Nalika wong akèh iku wus padha kabaptis lan nalika Yésus uga kabaptis sarta lagi ndedonga, langit tumuli piyak,

22banjur katedhakan ing Roh Suci arupa manuk dara. Nuli ana swara kang kaprungu saka ing langit mangkéné, "Sira iku Putraningsun kang kinasih, kang ndadèkaké keparengingsun."

23Nalika Yésus wiwit makarya, yuswané kurang luwih telung puluh taun lan manut pangirané wong-wong, Panjenengané iku putrané Yusuf, putrané Éli,

24putrané Matat, putrané Lèwi, putrané Malkhi, putrané Yanai, putrané Yusuf,

25putrané Matica, putrané Amos, putrané Nahum, putrané Hèsli, putrané Nagai,

26putrané Maat, putrané Matica, putrané Simèi, putrané Yosékh, putrané Yoda,

27putrané Yohanan, putrané Résa, putrané Zérubabèl, putrané Séaltièl, putrané Néri,

28putrané Malkhi, putrané Adi, putrané Kosam, putrané Èlmadam, putrané Èr,

29putrané Yésua, putrané Élièzer, putrané Yorim, putrané Matat, tedhaké Lèwi,

30putrané Siméon, putrané Yéhuda, putrané Yusuf, putrané Yonam, putrané Èlyakim,

31putrané Méléa, putrané Mina, putrané Matata, putrané Natan, putrané Daud,

32putrané Isai, putrané Obèd, putrané Boas, putrané Salmon, putrané Nahason,

33putrané Aminadab, putrané Admin, putrané Arni, putrané Hèzron, putrané Pèrès, putrané Yéhuda,

34putrané Yakub, putrané Ishak, putrané Abraham, putrané Térah, putrané Nahor,

35putrané Sérug, putrané Réhu, putrané Pèlèg, putrané Ébèr, putrané Salmon,

36putrané Kénan, putrané Arpakhsad, putrané Sèm, putrané Nuh, putrané Lamèkh,

37putrané Métusalah, putrané Hénokh, putrané Yarèd, putrané Mahaléèl, putrané Kénan,

38putrané Énos, putrané Sèt, putrané Adam, putraning Allah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Lukas 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel